Tapeng Embel-Embel

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 09 Juni 2025 08:30 WIB)
- Opini



TAPENG EMBEL-EMBEL

Tapeng embel-embel sidapuk njaluk sega
Paran iwake, iwake iwak endhog
Ya sigaren perapaten lebokena njeru genuk
Dikerubut semut gatel

Ning endi dalane, ring endi dalane
Dalane ring pager gotil

Tapeng ya gedhang bakaran
Dipangan yara sak anake
Sapa patheng tetanduran, paman
Ya bakal ngundhuh dina mburine

Tapeng yara gedhang sempring
Dipangan ya seru enake
Sapa patheng njala-njaring, paman
Mangana yara sing repot iwake

Tapeng yara gedhang sale
Dipangan ya cager manise
Ayo hang patheng megawe, paman
Methentheng yara akeh picise

Sair/Lagu: Andang CY/Machfud Hr
Tahun Cipta/populer: 1971/1973
Instrumen pengiring: Angklung
Produksi rekaman: Ria Record Banyuwangi

Gendhing iki ngengetaken nang tembangane lare-lare memengan, tapeng embel. Embuh paran artine hang penting enak dirungokaken, bisane kadhung tembangan iku ambi melayu-melayu ring kampung. Gendhing memengan mau ring tangane Pak Andang diweni ‘roh’, diweni nyawa saingga ana makna lan artine.
   Ana ukara “Tapeng Embel”, “Genuk” lan “Peger Gotil”, sun nyacak ngoleti artine lan takon nang wong-wong tuwek, arang hang mudheng paran karepe bait kaitane mau. Serta nang bait sak teruse, buru ngarti maknane. Bait kawitan mau minangka dalan kanggone penganggit gendhing iki,  hang arep ‘meng-explore’ salah sijine kesugihan Banyuwangi, yaiku gedhang. Ana Gedhang Bakaran, gedhang Sempring lan Gedhang Sale.
   Aran maceme gedhang mau dienggo sampiran, terus isine kanggo ‘mecut’ tekade wong Banyuwangi jaman semono (tahun 1970-an), akeh hang males-males merga marek perang politik. Mangkane seniman ring kene duwe peran hang aktip, kanggo nggugah tekade wong-wong mau ambi ngengetaken nang gendhing-gendhing Usingan.
   Jare Pak Andang, kadhung wong hang patheng tetanduran arep ngundhuh uwohe. Iki nduduhaken kadhung ‘potensi’ Banyuwangi nong donya pertanian lan perkebunan iku mula keneng dikajokaken. Mangkane yara eman, kadhung magih ana rakyat hang elom kurang mangan. Bait sak teruse, nduduhaken kadhung Banyuwangi sugih iwak lan segarane wera. Sapa bain kadhung gelem patheng njala lan njaring, ya arep ulih iwak kanggo ningkataken gisine.  Bait pungkasan tambah jelas, sapa hang menthentheng megawe ya bakal akeh picise. Iki ngajari nang lare-lare enom, makene sing ngimpi thok nang picis tapi sing gelem tandang, sing gelem sara.

(Hasan Sentot)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor