Tapsir Bebas Layar Kumendhung (Bagian 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 18 Maret 2025 08:14 WIB)
- Opini
-28386.jpg)
LAYAR LAYAR KUMENDHUNG
OMBAK UMBUL RING SEGARA
SEGARANE TUAN AGUNG
KANG TUMENGGUNG NUMPAK KERETA
Ditulis ring Kang Ujik
Arti bebas:
Layar-layar perahu gedhi dikerek dhuwur. Katon teka kadohan nyelaru ambi mendhung kang ndhempel-ndhempel ring langit sokelat.
Membat-mayun, ilang-njumbul kaya dienggo memengan ombak segara
Ombak segara kang diduweni Tuan Agung
Kang Tumenggung numpak kereta
TAFSIR BEBAS:
Perahu iku keneng diartekaken awake menusa. Mendhung bisa didadekaken ukuran dhung sedhela engkas arep udan. Masiya tah wis, mendhung iku durung karuwan dadi sebab cicire udan. Taping ucap mendhung kanggone uwong Using dienggo unen-unen uwong kang arep nangis utawa uwong kang arep ngadhepi susah. Sapa kang arep nangis lan sapa kang ditangisi? Kang arep ditangisi yoiku Bupati Mas Alit lan kang arep nangis yaiku para Pejuang kang nyamar ngamen nganggo kesenian (gandrung). Merga rahasia antarane Mas Alit lan para Pejuang bocor. Ombak-umbul ring segara artine, Mas Alit ngadhepi kebingungan. Bingung apuwa? Merga dulur-dulur sepupune kaya dene Pangeran Natakusuma, anake Wong Agung Wilis yaiku Prabu Sukma Manguntapa lan Pangeran Singa kang rabine magih dulure Mas Alit, terus-terusan nggawe pekiwuh ring panggonan-panggonane VOC. Para penggedhe VOC nggencet Mas Alit supaya bisa nyandhak para penyerang (Pejuang), sedheng para kacunge VOC uwis wadul-wadul kadhung Mas Alit iku ndhukung para penyerang (Pejuang). Mulane Mas Alit diceluk penggedhe VOC kang nguwasai pesisir Jawa elor. Taping Mas Alit kudu numpak kapal kang dipasangi pendhera VOC. Kira-kira VOC arep mateni Mas Alit taping nganggo tangane uwong liya. VOC paham kadhung para prajurite almarhum Jogopati iku akeh kang seliwar-seliwer ring pareke pulo cilik-cilik sak ubenge pulo Medura, ring selat Medura lan ring laut Jawa. Para perajurit iku pegaweyane nyegat kapal-kapal asing, paran maning kapal kang nganggo pendhera VOC mesti dirampog. Paran kang dikira-kira VOC iku bener. Nalika kapal kang nggawa Mas Alit lan pengawale iku gadug ring laut Jawa elore Gresik, dirompag. Akeh pengawale Mas Alit kang mati kelebu uga Mas Alit mati dipedhil. Mulane, bari pungkas bait kawitan syair Layar kemendhung iku munine: Kang Tumenggung numpak kereta. Ring segara gok numpak kereta? Kereta iku kiyasane kathil kang kesebut “Kereta Jawa rodhane rudha menusa.” Kathil ngelambangaken kematian.
Ana terusane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik