Tapsir Bebas Layar Kumendhung (Bagiyan 2 pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 Maret 2025 08:52 WIB)
- Opini
-7800.jpg)
Tapsir Bebas Layar Kumendhung (Bagiyan 2 pungkas)
LILIRA GULING
SABUK CINDHE RING BURISE
KAKANG-KAKANG NGELILIRA
SAWAH BENDHA (BANDHA) GELANG SELAKA
Arti Bebas:
Ngelilira bantal guling
Sabuk sutera wis singset ring bangkekan
Kakang-kakang tangiya tah
Sawah Bendha iku regane padha ambi gelang perak.
Tafsir bebas:
Wis dimaklumi, guling iku bantal dawa lan bunder. Biasane dipeluk ambi uwong turu kang kepingin ngerasakaken anget. Apa kira-kira kang digugah supaya ngelilir iku bantal gulinge? Mulane keneng ditafsiri kang digugah iku uwong kang turune meluk guling. Apuwa digugah? Polae tekad maju perang wis singset lan kukuh. Kang digugah sing mung kudu ngelilir taping kudu gancang njenggirat. Diajak maju perang, aja ngeboti sawah bendha kang regane sing sepiraa, mung sak rega ambi gelang perak. Sawah uga keneng dienggo pengenget-enget, ring tengahe ana galengane. Sapa bain kang ngadeg ring galengan, bisa nyawang kedhokan ring kiwane utawa ring tengene. Artine, bisa ndeleng sapa kang ngelumpuk ring mburine VOC lan sapa kang nbgelumpuk ring burine Pejuang.
LILIRA KANTUN
SAK KANTUNE LILIRA YUGA
SAPANEN DHAYOHRIKA
MBOK SUPROBO MILUTAMA
Arti bebas:
Ngelilira sira lare nom-noman
Lan ejaken anak turunanrika
Kanggo nyapa dhayohrika
Mbok Suprobo milu dadi uwong penting
Tafsir bebas:
Ring bait iki wis gamblang dhung para Gerilyawan ngajak peneruse lan ngongkon ajak-ajak nong anak-putune supaya gelem berjuang ngedhepi uwong-wong VOC lan para kacunge. Dhung kabeh maju perang lan menang,
kabeh keturunane Wong Agung Wilis, Jogopati lan keluarga prajurite
milu lega atine bisa urip tenterem.
SEKAR JENANG
MAULAN NDADARI KUNING
AGUNG ALIT TEMURUNA
KAULA NYUWON SEPURA
Arti bebas :
Gelali rika aja lali
Ulane gedhi bunder mencorong nguning padhang
Lare-lare cilik, lare enom-noman lan uwong tuwek-tuwek padha mudhuna.
Isun njaluk sepura
Tafsir bebas:
Bait pungkasan iki ngengetaken gok lakune penguripan uwis diumpamakaken ketemu dalan padhang. Mulane nawi ana salah lupute, para Pejuang njaluk sepura nong kabeh kawula dene paran kang diperjuangaken dianggep durung tutug. Utawa njaluk sepura merga gara-gara perjuangane, Mas Alit sampek gadug nong semayane.
(Abdullah Fauzi)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik