Tatacara Perang Bangkat (Bagian 2 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 20 November 2024 08:54 WIB)
- Esai
Lakon/Tata Carane Perang Bangkat.
Tulisane Satria Pujangga
Kawitane Perang Bangkat, rombongan keluwarga penganten lanang teka nang umahe penganten wadon nggawa sekabehe weragat lamaran/uba rampe hang diwadhahi ekrak, peningset lan weragat liyane. Salah sijine dhalang milu nang rombongan penganten lanang.
Keluwarga penganten wadon mapag rombongane penganten lanang nang ngarepe umahe. Nang ngarepe lawang umahe panganten wadon dipasang kain mori putih kanggo simbul benteng hang kudu bisa ditembus ambi penganten lanang makene bisa melebu nang umahe penganten wadon. Dhung bisa nembus benteng mau kelawan nyuwek kain mori putih mau, lamarane ditampa. Nang ngarepe kain mori putih ana dhalang hang dadi bapake penganten wadon.
Serta rombongan penganten loro wis adhep-adhepan, aju dhalang ngawiti acara Perang Bangkat kelawan uluk salam. Gesahe nganggo basanan lan gendhingan kanggo ngibur keluwarga manten loro. Dhalang mau karo-karone nganggo kelambi adat Using lan nganggo udheng, nyekel kelewang hang digawe teka jajang kanggo perang. Dhalang penganten lanang ngelakokaken Pak Seger lan dalang Penganten wadon ngelakokaken Pak Cerewed (Aran tokoh angger desa sing padha).
Dhalang penganten wadon mulai nakokaken paran kekarepane rombongan penganten lanang.
“Arep paran Rika merene?”
“Isun merene arepe njaluk anakrika.”
“Sing gampang Rika arep njaluk anakisun, nggawa paran Rika merene?”
“Isun nggawa gedigenan,” jawabe, ambi nduduhaken ekrak hang isine uba rampe.
Aju dhalang penganten wadon takon siji-siji paran hang digawa keluwarga penganten lanang lan dikongkon njelentrehaken paran artine sekabehe uba rampe hang digawa. Angger dhalang penganten wadon takon nang dhalang penganten lanang, kelewang jajang mau digathukaken/diedu kaya dene wong perang. Uba rampene hang ditakokaken yaiku, anane:
1. Kelapa Prujuk = Sapan-sinapan (nyapa);
2.Godhong, Kemuning = Putri hang Lencir Kuning;
3. Pendhil = Anak hang Undhal-andhil;
4. Wit Gedhang, Andhong, Tebu = Magih cilik dikudang lan digendhong ibu;
5.Canthuk, Cuwek = Larene wis kecaruk dhewek;
6. Lumpang, Bebegan = Larene gelimpangan gelibegan;
7. Welasah, Tenong, Pengaron = Larene Gesah lan ngomong keloron;
8. Kelapa Gadhing = Larene wis siyap nyandhing;
9. Irig = Cukup ngelirik anake bain sing oleh ngelirik wong liya maning;
10. Nyiru = Welurine wong tuwek kudu ditiru;
11. Kekeb = Pikirane wis manteb;
12. Dandang = Diindang-indangi;
13. Wajan = Aja pati duyan njajan (beloboh) makene bisa gelis duwe lan gawe-gawe (gawe umah lan sakpiturute);
14. Kukusan = Lanang lan wadon kudu padha jujure sing ulih ngapusan;
15. Siwur = Sing ulih ngawur merana-merana kerana wis padha-padha duwe kewajiban;
16. Kendhi = Wis teka/gadug nang janjine;
17. Sepit = Aja pati nuruti pitnah;
18. Panci = Raina bengi wis diwanci-wanci;
19. Jagung Pari = Wong tuwek wis nanggung sampek mari;
20.Parud, Pacul, Arit = Lanang wadon kudu nurut aja pati ucul-ucul makene uripe sing morat marit;
21. Pitik Ngerem = Atine marem/tentrem.
Serta kabeh isine uba rampe wis mari dijelentrehaken siji-siji aju dhalang penganten lanang ngomong nang dhalang penganten wadon.
“Kabeh wis Sun turuti, bukaken lawange”
“Durung ulih melebu magih ana sarate maning”.
"Sarat paran maning?”
“Isun njaluk tebusan rajakaya hang sing ana ring kene”.
“Paran?”
“Kewan hang matane lebih gedhi teka endhase.”
“Untring.”
Sarat hang dijaluk keluwarga penganten wadon wis dicukupi, kain mori putih hang dibeber nang ngarepe lawang mau aju disuwek pertandha keluwarga lanang wis menangaken perang lan lamarane wis ditampa. Mari digu aju penganten lanang lan wadon ditemokaken.
Ketemune penganten loro dikawiti ambi ndelehi kembang hang diselipaken nang kupinge penganten lanang lan gelungane penganten (sanggul) wadon. Terus kembang hang diselipaken nang kupinge penganten lanang dipindhah diselipaken nang gelungane penganten wadon lan sak balike ambi maca “Sing methik-methik kembang, methik jabang bayine..... (aran penganten lanang wadon).
Aju diterusaken ambi nggathukaken jempol tangan tengene penganten loro pertandha wong loro wis dadi siji. Terus pengantene disabdakaken ambi dhalang maca “Sedulur papat lima badan, kakang kawah adi ari-ari dulure hang sejati Nuriyah Nariyah hang kaya cahyane penganten loro.” Mari pengantene disabdakaken aju diterusaken ambi acara Kupat Luwaran.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: BTD
Editor: Hani Z. Noor