Teka Pelangi Budaya nyang Festival Kuwung
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Minggu, 08 Desember 2019 05:14 WIB)
- Opini
Embuh wis pirang taun umure Festival Kuwung hang saiki magih digelar Pemkab Banyuwangi ring ulan Desember, ngarepaken Dina Dadine Kabupaten Banyuwangi. Naming sak dalane laku acara taunan iku, wis bolak-balik ganti aran. Jaman Pemerintahan Orde Baru arane "Pelangi Budaya", aju jaman Bupati HT. Poernomo Sidiq diuwahi dadi "Kuwung Budaya", aju uwah maning paran maning isun lali, sampek saiki arane dadi "Festival Kuwung". "Kuwung" dhewek kadhung basa Indonesia artine Pelangi, kanggo nduduhaken werna macem budaya hang ana ring Kabupaten Banyuwangi.
Ucul teka aran mau, hang jelas Kabupaten Banyuwangi hang paling suwi nduwe tradhisi Perayaan (karnaval) hang sipate kedhaerahan. Malah sak durunge rame ana PKB (Pekan Budaya Bali) hang modhele padha perayaan digu, Kabupaten Banyuwangi wis ajeg angger taun nggelar acara hang dipiloni sekabehe kecamatan hang ana ring tanah Jawa pucuk wetan iku.
Sak weruhisun, angger peserta Kecamatan ngetokaken seni budaya hang diduweni. Merga sing ana 'kurasi" lan tema hang ditentokaken tepak jaman sakmono. Pungkasane akeh hang padha, alasane Kecamatan ya melebu akal, kesenian iku mau ana lan urip ring kecamatan iku. Merga miloni lakune jaman, aju angger kecamatan kudu nyetoraken tema hang arep ditampilkan, makene sing padha. Gediguwa bain akeh hang kembar, mung beda aran 'kontingen' hang ning ngarep thok.
Kadhung sak durunge hang tampil mung peserta hang makili kecamatan ring Banyuwangi, jamane Bupati Ratna Ani Lestari aju ngudang peserta teka njabane Banyuwangi. Kebeneran wayah sakmono Bupati Ratna Ani Lesatri lakine uga dadi Bupati ring Jembrana Bali, mangkane peserta undangan hang milu ngeramekaken nang Kuwung Budaya mau ya teka Bali. Aju taun sak teruse, dilanggengaken ngundang tamu wayah acara Kuwung Budaya iki.
Merga alasan Kuwung Budaya gedigu-gedigu thok (monoton), aju Bupati Abdullah Azwar Anas, ngadakan acara Carnaval hang niru Jember, yaiku Banyuwangi Etno Carnival (BEC). Malah acara iku terang-terangan mbayar royalti nang Jember Fashion Carnival (JFC) sampek sak milyar rupiah. Kepingine Bupati Anas, sak liyane nduwe perayaan hang sifate Lokal (Kuwung Budaya), uga duwe perayaan sipate internasional (BEC). Picis sing dipikir, pokoke acara iku mau kelorone kudu melaku. Arane dipadhakaken ambi liyane dadi "Festival Kuwung".
Sakat bengen, kadhung "Festival Kuwung" iki ditata lan dirumat temenan, sing perlu nganakane BEC mau. Merga sak suwene iki, kurang ana seleksi (kurasi), sapa bain hang tampil lan kudu kelendi modele. Maklum seniman dhaerah teka Kecamatan, durung tau ulih ilmu Seni Perayaan (karnaval) teka njaba. Munggone tah dianakaken "workshop" kanggo seniman, kelendi kudune kadhung nganakan acara karnaval, kelendi nggawe penganggone, lan kelendi model pacakane. Pantese seniman-seniman Banyuwangi hang cerdas lan cepet dhung niru iku mau, bisa nduwe kreasi dhewek hang sumbere teka seni tradhisi Banyuwangi.
Muga-muga bain mengarep, Festival Kuwung iki tetep lestari lan terus diuri-uri. Uga sing lali ngapiki terus, miloni butuhe jaman apik tetep njaga keasliane Seni Budaya dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.