Teka Rogojampi Ngerambah Donya
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 24 Februari 2023 08:31 WIB)
- Tokoh

Kelawan majune teknologi saiki iki, lare teka panggonan kecamatan ring kutha cilik kaya Rogojampi bisa ngerambah donya. Hing kathik nganteni tuku karcis montor muluk, nggawe paspor, bandha picis hang akeh. Megawene malah hing kathik metu teka umahe. Pasar kanggo produk hang diasilaken tembus sampek Eropa. Ngasilaken picis asing hang cukup dienggo uripe saben dina. Modhale mung tilpun, kepinterane nggambar lan weruh pasare hang endi.
Tuladhane ana ring Tubagus Ade Mahardhika. Kelairan Rogojampi taun 1987 iki lulus STM jurusan Listrik. Setemene iyane ya kepingin kuliyah nong Desain Grafis taping merga jaman semono anane nong kutha liya, kaya Malang, Surabaya, iyane hing ulih idin teka wong tuweke. Pungkasane iyane sinau dhewek. Otodidak.
Arane mula kaya wong Banten. Taping iyane ngaku Using deles masiya ana mambu-mambu Bantene sithik teka embahe, jare lare hang cilike tau manggon parek Kali Kajian Lateng iki.
Hobine sakat cilik main tembung. Cilikane, tau melebu ring Sekolah Sepakbola, taping mung sukur merga senenge lare cilik lan hing diterusaken. Tekade nong njero atine mung pokoke mbesuk bisa nggelibet ring donya tembung, embuh dadi parane. Tekade iku cumpu nemu dalane teka hobine hang liya yaiku nggawe ilustrasi pemain-pemain tembung.
Kawitane, iyane mung modhal HP android hang nggores-gores garis dienggo gambare mung deriji jempole, jare lare hang saiki manggon ring Perum Gurit, Pengantigan Rogojampi.
"Hobi nggambar setemene sakat cilik. Taping sampek lulus sekolah hing tau nggambar maning. Pikirane wong tuwek lan masarakat umum, nggambar iku ya mung gedigu bain. Gelem sing gelem tamat sekolah aju megawe. Aju sakat 2017, sinau nggambar maning taun 2018 Alhamdulillah wis ana klien hang pesen," jare Ade hang tau megawe dadi jurnalis ring radhiyo Sritanjung Rogojampi.
Pesenan kawitan teka wong Jakarta hang usahane ring clothing lan sablon kaos. Iyane mesen gambare dienggo sablon ring kaos. Aju ana pisan penerbit buku hang mesen dienggo ilustrasi bukune.
Tepak iku Ade durung bisa ngeregani karyane. Malah minangka pemula tau ana hang mbayar mung 50 ewu. Iyane ahire takon-takon nong para senior pira-pira pantese rega kanggo gambar hang kuwalitase kaya hang iyane produksi.
"Kira-kira melebu fase, tepak hobi bisa ngasilaken picis. Sukur ulih picis masiya sithik wis girang."
Ade nggenteng nggarap ilustrasi olahraga hususe sepakbola. Kebeneran hang dodol kaos ya husus dodol kaos ilustrasi sepakbola. Hang penerbit buku ya gedigu. Ilustrasine Ade dicetak dadi poster dienggo dekorasi.
"Isun milih segmen olahraga merga Isun ngerasa ana peluang nong kono."
Saiki karyane sakat 2018 wis ngerambah Eropa. "Kawitane Isun nggambar hing ana tendensi gambarisun payu. Dadi dipesen tim Itali AS Roma yuniore U-21, U-18."
Lalare nong klub iku ngirim pesen kepingin digambar. Cumpu ahire saben dina ana hang mesen sampek ana nawi petang divisi beda-beda kelompok usiane. Jaman semono perei bayaran. "Sukur ngeregani karyanisun bain girang. Sampek ilustrasinisun iku nggadug ring manajemene. Kawitane hing percaya diejak zoom meeting. Iyane kabeh hing mbayar taping Isun mung dikirimi seragame. Isun mikir hing paran-paran. Saben karyanisun dipublish yara padha bain ambi iklan gratis. Ring saben karyanisun hang dienggo aranisun disebut. Hang ndeleng wong sak donya."
Cumpune hang kelebu ndeleng yaiku wong Persija Jakarta. "Sakat iku Isun mikir, iki kudu diregani minangka kerja propesional."
Persija mesen poster kanggo persiyapan pertandhingan, tepak ana pemaine hang ulang taun, ana pemain anyar lan liya-liyane.
Masiya sing sepira bayarane tapi iyane girang. Merga saiki kadhung dipesen wong Eropa postere bisa tikel sepuluh merga picise Eropa larang kurs-e.
Saiki pirangane klub Itali lan Perancis kelebu dadi kliene. AS Roma, Napoli, tau pisan dienggo AC Milan tepak pameran. Iyane nggawe ilustrasine Filipo Inzaghi. Liga Serie A ya tau.
Sedheng Ligue 1 Perancis ya tau mesen. Lan klub Lyon, Marseille, AS Monaco uga Lille.
"Hang kawitan mesen ilustrasi ya PSG tepak Neymar ulang taun," jare Ade.
Paran hang nggarahi ilustrasine didhemeni? "Nawi merga lebih ke karakteristik/style/ciri has, Isun mesthi nganggo komik Amerika kaya Marvel minangka acuan referensi style lan diterapaken nong ilustrasi tokoh/figure atlet."
Saiki rasa kuwatir wong tuweke bengen gok hobi nggambar anake hing bisa dienggo pegaweyan ketemu jawabe.
"Saiki pegawenanisun mung dadi ilustrator. Alhamdulillah (materi) wis cukup seru."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.