Tengsoe Tjahjono, Jenggirat Sastra Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 06 September 2024 11:22 WIB)
- Tokoh
Ring daptar 200 wong hang karyane wis dikurasi lan dipilih ring Jambore Sastra Asia Tenggara hang dianakaken ring Pemda Banyuwangi lan Dewan Kesenian Blambangan, ana siji aran yaiku Tengsoe Tjahjono.
Iyane setemene sastrawan hang mulih kampung, merga cilikane manggon ana ring Gambiran.
Iki asile wawancara pemred majalah Lontar Oktavia Vidiyanti ambi Kang Tengsoe kapanane..
Lontar kecaruk lan gesah ambi Kang Tengsoe Tjahjono, dosen Universitas Negeri Surabaya hang tau mulang minangka dosen tamu ring Hankuk University of Foreign Studies Korea taun 2014 sampek 2017. Setemene iyane iku parek seru nyang Banyuwangi merga wong tuweke asale ya teka kene.
Sekolahe wong kelairan taun 1958 iki SDne ring Ngandong Gambiran, sakateruse ring SMP Negeri Genteng, lan SPG Negeri Pandan Genteng. Penyair hang kuliyah S1, S2, lan S3ne ring Jurusan Pendidikan Bahasa Indonesia IKIP Malang iki tau ulih penghargaan teka Gubernur Jawa Timur taun 2012 minangka “Sastrawan Berdedikasi”.
Antologi gurite "Meditasi Kimchi” diganjar Anugerah Sutasoma 2017 teka Balai Bahasa Jawa Timur.
Okta (O): Rungu-rungu jare Rika kelairan Jember, bener tah?
Tengsoe (T): Iya, bener. Merga apakisun iku anggota TNI-AD lan tepak tugas nong kana. Taping sakat umur rong taun, Isun manggon ring Banyuwangi merga panggonan iku asale wong tuwekisun.
O: Sakat kapan Rika nulis (karya sastra)?
T: Ya sakat SMP ring Genteng iku, kira-kira taun 1971. Naming, eman taun semono bahan wacanan durung pati akeh. Setolane, Isun hing patiya serawung nong karya sastra hang apik-apik.
O: Paran hang apik ring Banyuwangi iki sampek nggawe inspirasi ring para sastrawan sampek bisa nulis karya sastra?
T: Banyuwangi iki panggonan hang nduweni kesugihan arupa alam, tradhisi, budaya, sejarah, legendha lan liya-liyane. Kesugihan iku bisa ngewani lan ndadekaken inspirasi ring para sastrawan Banyuwangi kanggo merujukaken idhene kelawan nulis gurit, cerita cendhek, novel lan liya-liyane. Lokalitas Banyuwangi iku nana liyane, hang nggarahi iyane beda ambi panggonan liyane.
O: Tuladhane paran?
T: Ya Isun hing bisa ngelalekaken Hasnan Singodimayan (88 taun) ambi novele Kerudung Santet Gandrung (2005). Ring novel iku Hasnan ngatonaken upayane ngilangi stigma elek bab penari gandrung ring masarakat. Iyane kepingin mbalekaken gandrung nyang panggonan sakbenere kaya bengen. Seni gandrung lan perinthilan sosial ring sakubengane wis ngewani inspirasi nang Hasnan. Iyane ngeritisi sipat elek (praduga buruk) masarakat nyang seni gandrung merga seni gandrung iku setemene seni tari hang perlu diuri-uri. Hasnan ya mesthi bain kudu ngomong bab iku merga iyane hang njaga tradhisi.
O: Ana karya liyane teka Hasnan?
T: Ana maning novel hang nggawe atinisun kesengsem yaiku Niti Negari Bala Abangan (2015). Novel iki nyeritakaken kelendi solahe tokoh hang aran Jurji Zaidan merjuwangaken aran Banyuwangi makene dadi Belambangan. Sejarah Belambangan wis nggawe kelayung merga aran Belambangan wis dipelesetaken ambi wong Bali dadi Malambangan, ambi Mataram diarani Balumbangan lan ambi kerajaan Demak lan ambi para Wali diarani Bala-Abangan. Gerungsange ati Jurji Zaidan iku setemene nduduhaken nggerungsange atinene Hasnan minangka wong Using. Hasnan ngelakoni riset sejarah temenanan kanggone nulis novel iku.
O : Liyane Hasnan, ana tah sastrawan liya hang ulih inspirasi teka “keunikan” Banyuwangi?
T: Isun weruh ana rong penyair Banyuwangi hang puisine apik, yaiku Samsudin Adlawi (49 tahun) lan Muhammad Iqbal Baraas (47 tahun). Samsudin nulis antologi Jaran Goyang, dene Iqbal nulis antologi puisi Mawar Gandrung. Puisi-puisine wong loro iku kuwat lan bisa ulih biji dhuwur merga ngangkat tema-tema lokal. Sapa maning hang kudu ngangkat budaya lan tradhisi kadhung dudu lalare Banyuwangi dhewek hang gelem dadi sastrawan.
O : Kadhung donya sastra ring Banyuwangi, kelendi abete saiki?
T: Ya Isun weruh paran hang Sun enget-enget. Kawitane weruh Pak Hasnan Singodimayan taun 1976 tepak Sekolah Pendidikan Guru (SPG) sak Banyuwangi nganakaken jambore ring Banyuwangi. Tepak iku ana lomba drama pentas lan drama radhiyo, hang dadi juri ya Pak Hasnan iku. Isun tepak kuliyah ring IKIP Malang taun 1978-an buru kenal ambi aran Armaya, Joko S. Pasandaran, Slamet Utomo, lan wong-wong liyane merga puisi hang Hun waca ring koran. Iku artine sastra ring Banyuwangi iku wis njenggirat sakat bengen.
O: Paran hang nyokong jenggirate sastra ring Banyuwangi?
T: Kadhung jare Hun ya media lan komunitas. Ring taun 1970an, Radio Khusus Pemerintah Daerah (RKPD) Banyuwangi nduweni kontribusi gedhe nang jenggirate sastra ring Banyuwangi. Kala semono, penyair-penyair iku nulis puisi aju maca puisine ring RKPD. Mula “unik” seru polae jaman semono durung ana wigati nerbitaken dadi buku, ya basa Indonesia lan basa Using. Ring taun 1980-an Radio Mandala pisan nyedhiyakaken rubrik sastra. Sakat seperono, akeh sastrawan hang lair teka sastra ring radhiyo, umpamane Hasnan Singodimayan, Armaya, Joko S. Pasandaran, Pomo Martadi, Cipto Abadi, Slamet Utomo, Fatah Yasin Noor, lan liya-liyane. Lan, saiki ana rubrik sastra ring Radar Banyuwangi hang dipandhegani ring Samsudin Adlawi uga nduweni pengaruh ring jenggirate sastra ring Banyuwangi.
O: Kadhung komunitas kelendi?
T: Pomo Martadi, Samsudin Adlawi, Rosdi Bahtiar Martadi, Fatah Yasin Noor, A. Ardiyan, lan Iwan Aziez Syswanto S. ngedekaken Komunitas Selasa (Senantiasa Lestarikan Sastra) hang kecaruk saben Selasa. Komunitas ngelairaken sasterawan anyar Banyuwangi. Liyane komunitas sastera, ana pisan komunitas teater hang megiyet hing mung ring teater naming uga nulis sastera, umpamane Gelar Tikar ring Genteng. Komunitas-komunitas iki nduweni ‘pengaruh’ gedhi ring donya sastra ring Banyuwangi.
O: Endane ring dina ngarep, sastera Banyuwangi magih tetep jenggirat?
T: Isun yakin gok sastera tetep jenggirat, merga: 1. Banyuwangi terus dadi inspirasi, 2. Anane budayawan, seniman, lan sasterawan hang peduli nyang sastra, 3. Media massa hang ngewani dalan ring tulisan sastra, 4. Komunitas sastra lan seni hang tetep urip, uga 5. Budaya literasi hang ajeg diuripaken ambi lalare enom Banyuwangi.
O: Terima hang gedhi bisa gesah gedigi, muga-muga Rika seger terus lan tambah akeh karyane.
(Oktavia Vidiyanti)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Okta Vidiyanti
Editor: Hani Z. Noor