Thethek Patrol Mung Ana ring Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 12 Agustus 2024 07:53 WIB)
- Opini
Thethek Patrol Mung Ana ring Banyuwangi
Ditulis ring Moh. Syaiful
Banyuwangi hang wis kesuwur dadi kutha budaya ring Jawa Timur iki sing gelem kalah anggone nguri-uri kesenian patrol hang wis ana sakat bengen ring Banyuwangi.
Mesthine Banyuwangi sing gelem kesalip ambi kabupaten-kabupaten liyane hang ana ring Jawa Timur hang wis temenanan anggone nganakaken pestipal-pestipal patrol. Umpamane kaya Jember, Situbondo, Probolinggo lan Kodya Surabaya pisan hang ajeg nggawe kegiyatan pestipal patrol ring ulan Pasa.
Tangga kulon kabupaten kaya Kabupaten Jember umpamane wis wani nganakaken pestipal patrol sak Karesidenan Besuki hang manggon ana ring Alun-alun Jember. Hang gedigi iki pantes-pantese diweni apresiasi.
Saktemene thethek patrol anggone wong Banyuwangi dudu mung kesenian anyar. Sakat jaman sakdurunge perang kemerdekaan wis ana. Jaman penjajahan Landa bengen ana tradhisi Thung-thung Bles.Thung-thung Bles iki diunekaken nganggo penthongan gedhe hang ana ring bale desa utawa bale kelurahan. Tradhisi iki kawitane suwara hang diunekaken nganggo penthongan gedhe ring anteke Landa dienggo ngapusi wong pribumi. Wayah muni Thung-thung wong-wong desa dikongkon mateni damare. Ring wayah peteng mari damar dipateni lan wong-wong desa padha turu, Landa aju ngunjali barang-barang rampokane munggah nyang kapal aju digawa mulih nyang negarane.
Anteke Landa kaya tentara Cakra aju melibeng kampung njaga masarakat. Nawi ana hang magih durung mateni damar. Sakdawane mubeng kampung anteke Landa iku ngunekaken penthongan cilik.
Naming kesenian hang wis ana sakat jaman bengen iku aju ana maning ring jaman Orde Baru. Kesenian iki anter-antere dianakaken kanggo ndhukung program-programe pemerintah jaman sakmono. Program-program pemerintah kaya Siskamling, P4 lan Keluarga Berencana sithik akeh wis bisa njunjung ngadegaken maning kesenian hang wis meh ditinggalaken masarakate.
Asal-muasale Patrol
Patrol dhewek saktemene teka asal basa Landa hang karepe melaku ngubengi kampung dienggo njaga maling –ronda berkeliling. Wong hang melaku ngubengi kampung nganggo tabuhan makene wong-wong hang lali keturon bisa awas nyang keamanane umahe dhewek.
Melaku mubeng utawane patrol iki kawitane ambi ngunekaken paran bain hang bisa muni anter ring wayah dalu lan bisa dirungu wong sak kampung. Mesthi bain hang diunekaken iku barang hang gampang dicangking lan entheng digawa.
Sakteruse wong Banyuwangi hang rondha mau aju milih nganggo jajang hang gampang dicangking, entheng lan unine bisa nangekaken wong hang turu kepati.
Jajang iku kepilih mergane sakliyane entheng, gampang goletane. Sakliyane iku jajang uga duwe suwara hang empuk, renyah lan mbengung. Paran maning kadhung munine ring wayah dalu. Sakteruse jajang hang dienggo mau dilaras makene bisa metu suwara hang enak lan ayem dirungokaken kuping.
Thethek patrol hang ana ring Banyuwangi iku kelebu tabuhan hang unik merga kabeh pekakas hang dienggo nganggo jajang. Pilihan jajang iku wis nyata bener dhasare merga jajang uga kegolong barang hang entheng lan gampang dicangking melaku-melaku muteri kampung. Thethek patrol Banyuwangi kabehane pekakas kudu nganggo jajang, embuh iku gong, kethuk, saron, peking kendhang sampek theruthuk kabeh digawe teka jajang. Sing luput uga suling hang wis kegolong tabuhan bertiti nada–melodis--teka jajang.
Hang paling unik mesthine hang aran theruthuk. Tabuhan iki digawe teka jajang petung hang ukurane gedhi lan erose dawa. Jajang iki kawitane dienggo katir ana ring jukung utawa sampan dienggo kembang-kembange jukung hang ana ring segara. Theruthuk iki nyatane hang unik hang sing diduweni wong-wong ring kabupaten-kabupaten liya sakliyane Banyuwangi.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor