Trio Penakluk Mataram (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Maret 2025 11:22 WIB)
- Opini



Trio Penakluk Mataram (Bagiyan 1 teka 2)

Ditulis ring Mas Aji Wirabumi

 

Pelayune Karaeng Galesong nyang jawa kerana kalahe kerajaan Gowa ambi VOC Landa ring taun 1669. Iyane hing gelem manut nong VOC Landa, sampek metu teka kerajaan Gowa ambi dulur-dulure. Hang milu yaiku Karaeng Tallo Sultan Harun Arrasyid Tumengana Ri Lampanna ambi Daeng Mangappa dulure Karaeng Tallo. Ana loro maning hang paling kesuwur yaiku Karaeng Galesong Tumenanga Ri Tapanna ambi Karaeng Bontomarannu Tumma Bicara Butta Gowa.
Kerajaan Gowa hang wis kesuwur pirang atus taun ring sikile pulo Sulawesi iku ahire manut nyang congor meriame VOC Landa. Ring dhaerah Bungaya taun 1667, I Malobassi Daeng Mattawang utawa hang lebih kesuwur dikenal nganggo aran Sultan Hasanuddin manut nyang klausul Bungaya (Cappaya ri Bungaya) masiya nggawe rugine kerajaane. Limalas pager benteng sak dawane pesisir kidul rubuh, uga para endhas-endhase kerajaan padha nurut nong landa.
Sejarah nyeritakaken kadhung perjuwangane Karaeng Galesong terus jaya gadug Jawa. Sak marine perjanjian Bungaya diteken ring Makassar, para pejuwang kerajaan Makassar padha metu teka tanah kelairane kerana wis dadi buronane VOC Landa.
Karaeng Galesong yaiku anake Sultan Hassanuddin diundang ambi kancane bapake hang dadi raja ring Jawa pucuk wetan uga wis nguweni panggonan kanggo para pejuwang Makassar hang ana ring dhaerahe.
Demung yaiku desa cilik parek Ketah/Besuki ring wilayah Jawa Wetan hang melebu kerajaan Balambangan mula dikanggokaken perajurit Makassar. Semono uga golongane Karaeng Galesong sak rombongan perajurite hang akeh. Durung ana data hang jelas, naming wis ana hang tau ngomong kadhung akehe perajurite lebih teka 4000.
Nong jaman semana ring Jawa Wetan ana loro raja hang paling gedhi uga diwedeni. Yaiku Susuhunan Prabu Tawang Alun II ring Balambangan ambi Panembahan Maduretna Pangeran Truno Joyo ring Sampang, Medura. Raja loro iki wis suwi padha bebarengan kanggo berjuwang ngadhepi VOC Landa uga padha padha dititeni ambi Sultan Amangkurat I hang mimpin Mataram ring Plered.
Balambangan hang wis nggawe wara-wara kemerdhekaane teka Mataram ring tanggal 23 Februari 1653 mula butuh kekuwatan kanggo njaluk maning dhaerah-dhaerah kekuwasaane hang magih diempet Mataram kaya dene Banger, Lumajang, uga Panarukan. Mulane ring kedadeyan iku, Susuhunan Prabu Tawang Alun II milu tandang gawe ring perkara iku.
Sak tekane Karaeng Galesong ring Demung, ana rembugan telung pihak: Panembahan Truno Joyo, Karaeng Galesong, uga Susuhunan Prabu Tawang Alun II hang dianakaken ring kedhaton Sampang. Ketelon raja wis ngiket sumpah kanggo bareng-bareng ngalahaken sang raja Mataram hang wis milu katut nong VOC Landa. Ring rembugan iku uga ana acara kawinan hang nduweni karep politik antarane Karaeng Galesong ambi anak wadone Truno Joyo.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Mas Aji Wirabumi

Editor: Hani Z. Noor