Trio Penakluk Mataram (Bagiyan 2 pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 25 Maret 2025 06:26 WIB)
- Opini
Trio Penakluk Mataram (Bagiyan 2, pungkas)
Ring rembugan telung petinggi iku, wis netepaken:
1. Mataram kudu diajuraken bareng-bareng kanggo ngalahaken Sultan Amangkurat I.
2. Mahkota Mataram nak diuwekaken Truno Joyo kerana hang magih parek sedulurane ambi wong Mataram.
3. Keraton Mataram nak dipindhah nong Daha/Kediri.
4. Truno Joyo njaluk pengarep-arep kerana perajurite yaiku pasukan Makassar milu ngalahaken Mataram, yaiku jaluk dhaerah wates antarane Mataram ambi Balambangan (Malang ambi Pasuruan).
5. Susuhunan Prabu Tawang Alun II nguruni panganan kanggo perang telung taun lawase.
6. Perajurit Balambangan dipilokaken nong bagiyan telik sandhi (tukang luru berita).
Ketelon mauka dadi siji nerusaken perjuwangan ring kerajaan Mataram nyang VOC bangsa Landa ring taun 1676-1679.
Karaeng Galesong ambi perajurite nyerang Gresik lan Surabaya hang magih melebu wilayahe Mataram. Kaya hang ditulis ambi ahli sejarah wong Landa arane de Graaf, yaiku perajurite Karaeng Galesong bisa ngajuraken pasukane Sultan Amangkurat I sampek melayu nong Jawa Tengah.
Ahire perajurit Makassar, Medura, uga Balambangan bisa ngamet Plered hang mula dadi punjere kerajaan Mataram ring ulan Oktober 1676. Sakat kedadeyan iku, kerajaan Mataram ajur selawase. Maridigu Pangeran Truno Joyo mindhah punjere kerajaan Jawa nyang Kediri.
Sak mareke Plered dijuwut, Sultan Amangkurat I kepeksa melayu teka kerajaan Mataram nyang Batavia, naming kesehatane saya suwi tambah mudhun. Ahire iyane kebeteng ring dhaerah Wonoyoso, lan pungkasane iyane mati ring Tegal uga dikubur ring dhaerah hang aran Tegal Arum.
Gara-gara menang, Balambangan ahire bisa njuwut maning dhaerahe bengen yaiku Banger, Lumajang, ambi Panarukan. Sakat iku, wilayahe Balambangan balik maning teka pucuk kulon yaiku Gunung Semeru sampek gadug selat Bali hang nong pucuk wetane. Susuhunan Prabu Tawang Alun II mbuktekaken kadhung bisa madhani agunge para sesepuh hang dadi salah siji raja-raja Belambangan hang paling gedhi pengaruh uga kuwasane nong Jawa.
Ring cathetan sejarah, tanggal 21 november 1679 Karaeng Galesong hang dadi cucuke perajurit hang ngalahaken mataram akhire mati ring dhaerah Ngantang, Malang. Leonard Andaya ulih cerita patine Daeng Galesong teka kolonel Archief. Hang saiki cathetane magih disimpen apik nong Den Haag.
Tandange Susuhunan Prabu Tawang Alun II hing dikatonaken nong literatur Indonesia. Ahire saiki hang dianggep pahlawan mung Karaeng Galesong ambi Truno Joyo. Naming sapa hang kenal nyang Susuhunan Prabu Tawang Alun II raja Balambangan uga tandange teka ngalahaken Mataram ring taun 1676?
Mas Aji Wirabumi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Mas Aji Wirabumi
Editor: Hani Z. Noor