Tutburi Aljin lan Kelangan Dalan (Bagiyan 2, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 18 Juli 2024 07:48 WIB)
- Opini



Tutburi Aljin lan Kelangan Dalan (Bagiyan 2, pungkas)

   Serta dijuger-jugeri, Aljin iku anggota Hadrah Caruk taun 50-an kang paling enom. Kerana kanca-kancane ring kesenian Hadrah Caruk wis akeh kang ngepos, Kang Aljin nyempal teka Hadrah Caruk  ngedegaken kesenian Macaan Pacul Gowang. Kerana tokoh sentral Kang Aljin, masarakat nyebut kesenian Aljin.
   Para Pelaku kesenian Aljin wis emeh kabeh pamit ninggalaken penggemare. Katirin, salah sijine anggota kang magih ana kala iku ngedegaken Macaan Campursari. Isine ya campur-campur. Sak jerambah ana kubunge kaya janger, tabuhane ya campuran janger, gandrung,  angklung, kuntulan lan uga ana kecampuran keyboard. Barong uga digotong ring ndhuwur jerambah Macaan Campursari. Nalikane kesenian Aljin magih melaku, sing weruha ring “dalan sebelah” ana tokoh-tokoh kang uga njumbul yaiku Misran Watu Kebo lan Jubaidik. Misran lan rombongane “Macaan Pacul Gowang Gaya Baru”,  nyalip lakune rombongane Katirin. Rombongane Jubaidik uga ceceran. Anane Macaan Pacul Gowang Gaya Baru dikuwataken kelawan milune tokoh-tokoh enom kayadene Aserik, Selamet Penyet, Arba’i, Ali Kenthus lan liya-liyane. Grup iki uga tau diundang Disbudpar Kab. Banyuwangi kanggo aktualisasi seni budaya daerah ring panggung seni Taman Blambangan. Masiya tokoh-tokoh iku gabung ambi Misran, taping nyatane lebih cepet ngisi lawakan ning panggung-panggung Janger secara freeline. Artine, Ali Kenthus, Selamet Penyet, Arba’i lan  ana uga Heri Plecer ditambah Memet, masiya kadhang-kadhang ketemu sak panggung Janger, tokoh-tokoh iku dhemene ngadeg dhewek-dhewek. Merga jare kang duwe gawe iku penjaluke bida-bida ngenengi masalah sapa pelawake. Kadhung Janger bengen, sapa Dhayune?
   Serehne tokoh Jubaidik lan Misran wis ngadhepi wayah samarwulu, Dewan Kesenian Blambangan kang disupiri Man Hasan Basri ulih semprongan angin seger teka Kang Nur Achid, Badan Bahasa Kementrian Pendidikan, Kebudayaan dan Teknologi.  Kang Nur Achid duwe program Revitalisasi Sastra Lisan kang disawang kaya rada ilang ring tengah uripe lare enom-noman. Angin seger iku disaup Man Hasan, kerana ring Banyuwangi ana kesenian kang isine kenthel ambi njumbule sastra lisan yaiku Macaan Pacul Gowang. Gancange cerita, Kang Nur Achid ambi time, teka ring Banyuwangi nganakaken rembugan kanggo mujudaken rencana kang uwis dimusawarahaken liwat zoom ring dina-dina sedurunge. Ulihe rembugan, sepakat Badan Bahasa megawe bareng ambi Dewan Kesenian Blambangan, Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan kang dipandegani Kang Iwan lan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi. Program iku dianakaken rong ceplik. Ceplik kawitan dianakaken Pelatihan Macaan Pacul Gowang lan ceplik kapindho, asile pelatihan aju dianakaken Lomba Macaan Pacul Gowang Milenial tanggal 27 Oktober 2021 ring latar Disbudpar.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: BTD

Editor: Hani Z. Noor