U'un Hariyati Ibarate Urap-urap Kelapa, Dicampur Paran Bain Enak

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 09 Desember 2019 18:57 WIB)
- Opini



Ater-ater Redaksi

Ring dina Sabtu 14 Desember kesuk, bukune mbok Uun Hariyati, salah siji sastrawati Using lawas hang magih mituhu ring donya sastra, hang nduweni judhul Kik Lis Bajul, arep diluncuraken. 

Sapa hang paling pantes ngomongaken kelendi gelibete Mbok Uun? Sing ana maning kejaba Anang Hasnan Singodimayan. Nang Hasnan iki sakat taun 1970an wis ngejak Mbok Uun main sandhiwara basa Using ring radhiyo Blambangan. Usinge hang seru delese katon ring karya sastrane, arupa cerita cendhek utawa gurit. (Red)

Urap-urap Kelapa

Urap-urap kelapa, dicampur paran bain, tetep enak, paran maning diurap ambi ARAN. Arane sapa bain, paran maning arane wong. Sapa hang sing weruh aran Untung, merga arane paling akeh nyang endi-endi, panggonan lan nyang endi ana kegiyatan.

Nalika durung pensiun dadi pegawai negeri, arane mung Hariyati. Nalika tugas ring Radio Khusus Pemerintah Daerah alias RKPD, ambi kanca-kanca penggemar diceluk Mbok U’un. Nalika magih cilik, ning desa kelairane Cungking, ambi keluwargane diarani Untung, merga tepak magih cilik lara-laraen, sing waras-waras. Bapake aran Buang Madi lan emake aran Maemunah. Dulure mung loro, digapit lare lanang. Dokter Aman lan Amari, wis sing ana umure karo.

RKPD, hang sedurunge bagian teka Humas PEMDA, magih diopeni ambi Jawatan Penerangan disingkat JAPEN. Petugase akeh teka JAPEN yaiku juru penerang. Isine mung Penerangan lan Pengumuman Pemerintah. Tepak diceluk Humas PEMDA, akeh lagu-lagu basa Using, hang dadi pilihane pendengar. Hang ngeladeni penyiar wadon, hang cukup akeh, salah sijine aran U’un Hariyati, Tutus Sumarsono lan Ririn.

Merga hang aran radio, sing mung perkara penerangan lan pengumuman, tapi ana pilihan pendengar lagu-lagu daerah basa Using, pesantogane kuping melayu nyang radio, jaman iku TV durung akeh, hang duwe mong pemerintah lan wong sugih. Sandhiwara RRI Yogyakarta, akeh wong dhemen, mung basane basa jawa lan ceritane sejarah kuno. Wong Using sing pati ngarti. Pimpinan RKPD ngajak sastrawan Banyuwangi, nganakaken cerita sandhiwara using ring RKPD, saben malam minggu, kelebu U’un Hariyati lan Ririn, hang dadi pemeran sandhiwarane. Pemeran lanang, akeh hang bisa basa using, kaya umpamane Hamdani, Totok lan Mas Kakang Suroso. Malam minggu dianteni wong sak Banyuwangi, padha ngerungakaken sandiwara radio, hang diarani SANDOSING, Sandiwara Basa Using.

Umume hang main sandosing iku digandoli bakat alam, carane ngomong using deles, cara gesah, cara celatu, cara basanan lan gending laik-laik. Hang dadi pertandha U’un Hariyati, wong desa deles, teka aran lan panggonan lan merga ana hang aran Buang, Atim, Bodos, Lebuh lan Semi.

U’un Hariyati hang anake Buang, lakine Atim laire nong Cungking, desane Semi, gandrung wadon hang kawitan. U’un Hariyati mulai dhemen ngarang lan nulis, nalika ditinggal anake hang penggarep lan nomer papat, nulis gurit kanggo awake dhewek, tepak enget ambi hang wis melaku, yaiku karepe urap-urap kelapa, tambah akeh urapane, tambah enak. (Hasnan Singodimayan)

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf