Ucap-ucap Hang Keterak Jaman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Januari 2022 08:20 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Jare unen-unen kabeh ring alam donya iki uwah miloni ubahe jaman. Ilange pirangane barang, panganan iki uga nambahi ilange ucap-ucap hang ana ring basa Using. Aran panganan, ungkapan basa Using akeh hang sithik-sithik ilang.   
    Ring Banyuwangi bengen akeh woh-wohan hang saiki kudu minggir minangka cemilan merga hing ana hang gelem maning utawa wis sara goletane. Hang bengen gampang ditemoni dijaja wong ring pasar saiki wis padha ilang. Malah lalare cilik akeh hang wis sing weruh wujude kelendi. Dadi tepak sinau wangsalan, "mbelimbing bumi" hang ulihe "wesah" hang dimaksud "aja susah", lalare hing bisa mbayangaken kelendi uwohe wesah apuwa disebut belimbing bumi. Anggone tepak usume, guru-guru basa Using, nggawa conto uwohe makene lalare hang sinau basa Using gampang ngarti maksude.
   Aran "kepundhung" ya wis arang ditemoni. Lalare ya bingung paran hubungane woh kepundhung hang wis dikenceti ambi gendhing "Mak Ucuk." Ana basanan Kepundhung dhompolan, wis ditundhung magih gandholan. Kepundhung cirek, wis ditundhung parek-parek. Lebih gampang ungkapan iku kadhung diduduhaken barange.
   Ungkapan "direken rencek" ya hing gampang dipahami lalare sekolah. Lalare hang saiki hing tau lungguh nong ngarepe bengahan, merga wong tuweke saiki wis nganggo kompor gas kabeh, hing bisa nggathukaken apuwa carang wit-witan iki bisa njumbul arti: hing direken/hing dianggep. Hing weruh kadhung rencek iku mula barang sepele hang apike mung diobong ring bengahan.
   Jaman bengen ring pawone wong Using ya kerep ana lemone sapi hang digantung ring paga. Kadhung emak olah sega goreng dienggo sarapan sedurunge mangkat sekolah, kari ngiris lemon teber iku dienggo lengane. Sega gorenge enak taping mangane kudu magih panas-panas merga kadhung wis adhem lemone ngendhal nong lak-lakan. Ucap lemon teber wis ilang saiki.
   Merga tekane teknologi kaya magic jar, akeh pisan ucap-ucap hang ilang. Hing ana ngaru, hing ana mucusi, hing ana sublukan, hing ana kukusan, nana sega wadhang, hing ana ukuran sak pengaron, hing ana panganan hang aran cengkaruk. Lare saiki hing ana kelebatan ring pikirane makene bisa ngomong basanan "Cengkaruk wedang kopi, raina kecaruk bengi ngimpi." Cengkaruke wis ilang. Emak-emak nana hang mepe sega wadhang didadekaken cengkaruk. Bengen cengkaruk sega garing pepehan iki bisa dibebeg dicampur gula jawa, dicithaki dadi jajan Sato. Kadhung dienggo sarapan, dikukus, diparuti kelapa enom lan diuwur-uwuri uyah, nikmate sampek nong ebun-bunan.
   Ya hing maido, saiki akeh ucap-ucap hang ilang. Paran maning aran hang ilang merga diterak jaman?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor