Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 03 Agustus 2025 06:52 WIB)

Ulin Ulih Silur (Cerita Cendhek, Bagiyan 2, pungkas)


“Kapten, meluncuuur....” abane Ulul ring goncengan ambi api-api dadi prajurit. Ulin wis mbayangaken ngundhuhi terong, manisah lan koro hang mutih. Lambene sisilan, sikile pandalan, mancal sepidhah ambi mbayangaken, gok iyane wis kaya dadi pahlawan super.

“Ana serangan musuh, awaaas!” uneke Ulin bangete ngeliwati juglangan cilik hang magih kembung banyu. Udan sewengi nggarahi kiwa tengen kaya magih dikemuli.

Palang sepur emeh mangklang. Tengere sepur arepe liwat. Tiii-luuu-liii-luuu-liii-luuu, abane Ulul nirokaken unek sengunge sepure.

“Dhadhaa, dhaaa-dhaaaaa,” endhase Ulul minguk ngiwa, rada mecungul. Aju tangane lembeyan nyang sepur hang melaku ngidulaken. Gerbonge sepur hang paling pungkas saya nyilik-nyilikaken, ngetutaken rel hang rada meliguk.

Pangklang terus balik munggah. Ulul lan Ulin wis nuntun sepidhahe, ngulonaken ngeliwati pos sepur. Sing kari adoh teka kantoran kelurahan Boyolangu, turut galur ngidulaken. Sepidhah sing kathik dijaglang mung disemendhekaken nyang wit nangka. Merga dalane wis ciyut, hing bisa diliwati sepidhah. Teruntunan keloronan aju liwat galengan, temuju nyang pondhok. Ulin magih sisilan ambi sepur-sepuran nggandoli pundhake adhike.

“Coploken Dhik, sandhale..” perintahe Ulin nyang adhike gena sing njendhel.  Deriji sikil kudu nguwek, gena sing kebelandur. Masiya tah galengan sing kari lejeg merga ketinggulan suket.

Sandhal ring tangane Ulin coplok teka cangkingan. Gorokane kaya kebagleg eri. Matane hing kathik kethip nulih tanduran terong hang pokleh. Uwohe pating logrok, kari pucil lan kembange alum mosak masik. Logrogan uwohe pating kerowok. Akeh kewan putih alus semuntel ring ngisore godhonge.

Kaya kerupuk keneng siram banyu, langsung kaples. Ulin sedhengkul, dhengkule  lemes. Ulul mung bisa milu sedhengkul nyang sandhing kakange.

Sing kathikan muyeb, logrogan uwohe koro, terong lan manisah gancang dipuputi. Ulul uga niru kakange, milu ngelumpukaken. Pelanggeran dibecikaken maning. Gagang hang toklek ya disingkrihaken.

Masiya kethowak, Ulin tetep kepingin nduduhaken nyang Mbah Adone. Taping,  Ulin seru ngartine gok Adone sing ulih dijak gesah nung pawon Bale Tajug kana. Maningan, masa ulih nyerintung nyang pawone Bale.

“Dhik Lul, iki digawa mulih bain ya! Gena Adon weruh bain..” perintahe Ulin nyang adhike.

Tanduran hang maune semelengkrah, wis rada tap. Woh-wohan hang wis dikelumpukaken, dipilihi. Endi hang keneng digawa mulih, ya dijuwut. Liyane dibuwang. Masiya hing keneng dienggo nyawisi perlune selametan, taping magih keneng dikulub lan dipangan dhewek.

Ulin lan Ulul malangkerik nyawang tandurane. Kudu didhedher lan kudu mbaleni ditanduri maning.

“Serangan hama, lawan, ciyaaaat...” akesine Ulul api-api kaya bisa ngetokaken kekuatan teka tangane. Ulul aju ngejak tos kakange hang meringis hing kariya susah maning atine.

***

Ulul lungguh meluk singset wetenge kakange. Serngenge lingsir kaya dieleg godhonge wit-witan. Ayang-ayange Ulin ambi adhike nyepidhah ngetanaken katon dhawa. Atine Ulin kaya kemambang. Meneng-meneng Ulul magih nirokaken abane sirine pangklange sepur. Tiii-luuu-liii-luuu-liii-luut.

Gadug ring benture umah, Ulin gancang merintah adhike gena wisuh sikile aju adus. Meneng-menengan iyane aju mara nyang Bale Tajug merga wedi dipiloni adhike. Kuwatir gulakane rame lan buyek. Masiya tah wis, Ulin ya mung wani intip-intip bain, sing wani nyerintung melebu menjero nyang pawon Bale.

Ring ndhuwure pelanca Bale Tajug wis semandhing janganan, uga telung macem janganan putih. Kaya nemu emas sak belangse, Ulin kerasa lega. Mesthi bain Adon lan tukang olah-olah liyane wis melibeng lan wekas nyang dulur teka desa liya. Serange temenanan ulihe ngintip, pundhake Ulin ana hang nabok. Kemesud atine Ulin, wedi nawi diuwel.

“Lik, kadhung teronge uwoh, Uwak acake nak tilik yah! Tuku, masa njaluk!” abane. Mesthi Mbah Adone wis omong-omong lan cerita nyang sapa bain.

Ulin mesem aju semaur, “Enggih, taping niki tasik gagal panen, Wak.” Hang nakoni taker jengah, alise kaya emeh gandheng.

Ulin aju nyeritakaken kelendi kahanan tandurane seperene mari udan angin mabengi. Iyane ya aju cerita, gok bisa mbaleni tandur-tandur, arepe tuku winihan online sulung.

“Emben enggawakaken winihan, aja kathik tuku wis!” maning-maning Ulin kaya ulih nemu emas sak gunung. Mesem girang atine, rungu arep diweni winihan.

Ulin mbayangaken ngetap polybag ring ngarepan umahe gena bisa ditanduri. Temune, bangete udan angin, magih bisa diselametaken. Enget wis ulih silur, Ulin ya lega bisa nandur-nandur maning.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf