Umbut, Janganan Has Ngarepaken Lebaran ring Papring

Widie (dipublikasikan pada Sabtu, 30 Mei 2020 07:06 WIB)
- Kuliner



Siji maning aran janganan Banyuwangi hang arang ditemoni, yaiku Umbut. Kadhung rika menyang deaa Papring, Lingkungan Kalipuro, mesthi bisa nemoni panganan iki. Warga Lingkungan Papring, mesthi nggolet umbut kanggo janganan nyedhiani tepak puwasaan sampek ring Idul Fitri.

Kuliner Umbut setemene ebung utawa pucuke wit penjalin hang dikulub aju ditutulaken sambel kacang. Ragine ana lobok, bawang abang, bawang putih, uyah, kacang cina lan kecap. Umbut hang wis dikulub aju ditutulaken sambel kacang iku. 

Masiya nggawene hing patiya sara, taping kanggone wong Papring umbut iki lebih gurih timbang olahan daging.

"Kanggone wong Papring, umbut iki lebih enak timbang daging. Hang kepisan, ngolahe hing patiya ruwet lan metune mung ana tepak Ramadan, setaun sepisan. Merga liyane ulan Ramadan hing ana usume," jare Abdul Hadi, salah siji warga Papring hang olah Umbut.

Kanggo nggolet umbut penjalin, warga melaku sikil teka kampunge nyang alas KPH Banyuwangi Utara kira-kira adohe 20 kilo. Sampek ring alas, warga magih golet lan ngerijigi wit penjalin hang ana erine hang njaga umbut. 

"Nggolete kudu melebu nyang alas-alasan. Akeh liwat perengan pinggir jurang. Ana nawi 20 kilo wong-wong iku kudu melaku sikil," jare wong hang langganan tuku umbut iki.

Pitung ros umbut hang dawane kira-kira 40 cm diedol 15 ewu. Kanggo ukurane wong kamoung kono, sayur rega semono iku wis larang seru. "Dibandhingaken sayur liyane iki wis luarang merga golete sara," jare Andi. 

Sak suwene Ramadan sampek lebaran, kuliner umbut dadi panganan hang paling digoleti warga Papring. Utamane tepak selametan sedurunge lebaran.

"Saben selametan yara mesthi ana daging. Umbut iki ya dadi saingane kanggo wong hang wis kuweleh ambi daging. Kadhung daging bisa nyisa, kadhung umbut mesthi gemet. Dadi umbut iki mesthi hang paling digoleti."

Liya maning ceritane Nasiba (50), ibu rumah tangga hang paceke olah umbut saben taun. Jare Nasiba, iyane wis nemu panganan iki sakat cilik lan kira-kira iki uga panganan hang wis turun temurun sakat jaman bengen.

Sakwise teka alas, warga hang golet umbut ngadol nyang tanggane hang arep olah. Lan iki wis dilakoni sakat bengen, jare Nasiba.

Umbut hang magih seger teka alas magih bisa disimpen pirangane dina pokoke kulite uwite aja dikelenthek, jare Nasiba.  Ebunge penjalin iku bisa disimpen kanggo selametan ngarepaken lebaran.  

"Kadhung umbut iki sakweruhisun mung dienggo olah-olahan wong Papring (hang manggon parek alas-red). Merga anane ya mung nong alas," jare Nasiba. 

Kadhung rasane, umbut iki nduweni tekstur lembut hang empuk tepak dicokot. Rasane manis lan ana kecute sithik. Kuliner iki emeh padha ambi empole kelapa hang uga kerep diolah dadi jangan kadhung ana wong hang negor kelapa.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : merdeka.com

Editor: Antariksawan Jusuf