Untung Nemu Ontong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Februari 2021 06:37 WIB)
- Kuliner
Untung Nemu Ontong
Untunge nemu ontong. Hang dimaksud nemu iki, ana ring wong hang dodolan nong pasar utawa nong welija. Dudu nemu nong wit gedhang nong latare tangga. Utawa ana wong nggawa ontong temeblug aju rika milu muputi. Dudu.
Kadhung using nemu, oseng-oseng paran endane dina iki? Iku hang dadi pitakonan ring emak-emak sedina-dinane. Ibarate wis dadi sega jangane saben dina mikiraken "arep olah paran dina iki"? Sore wis nggawe sambelan tempong ambi nggoreng iwak lemuru. Sorene maning serundeng jagung. Engkisuk paran? Yaiku untunge nemu ontong mauka. Ontong iki keneng dipelas kaya bothok, uga keneng dioseng, dirajangi lobok litik. Setemene kabeh ontong gedhang paran bain keneng diolah. Taping hang enak ontonge gedhang keluthuk ambi gedhang saba. Paran maning ambi gendhingan, "Tong ontong bolong endhog merak endhog sapi, pecaha endhoge siji."
Sedurunge ontong diolah paran bain, hang kawitan, ontong dikenceti, kulite. Endi ana ontong duwe kulit? Yaiku wih pokoke hang mbungkus kembange gedhang. Hang magih abang-abang soklat tuwek dikenceti, dibuwang sampek ketemu hang enom wernane putih semu abang soklat nong pucuke. Aju diiris-iris kira-kira 3-4 senti.
Eh...sedurunge ngenceti ontong mau, siyapaken sulung banyu nong panci dienggo nggodhog aju dideleh ring ndhuwur geni, nong kompor tah nong bengahan.
Ontong hang marek diiris-iris iku mau cemplungaken nong banyu hang wis gemulak mau. Kira-kira kadhung wis empuk, diangkat, dietus nong irig. Isun hing duwe irig, anane kukusan. Sukake wih...pokoke keneng dienggo ngatus ontong hang buru mateng lan selurupan nong banyu mau.
Nah, ontong hang wis mateng mauka bisa dipelas utawa bisa pisan dioseng-oseng.
Kelendi olah pelasan ontong?
Bahan hang dibutuhaken:
1 Ontong hang wis dikulub kaya rong ndhuwur mauka
1/2 on Gerang teri sekul utawa teri cilik
Godhong gedhang ambi semat
Ragine pelas ontong:
3 iji lobok abang
11 iji lobok litik
5 bungkul bawang
3 siyung bawang putih
5 ler godhong bawang
2 iji tomat utawa ranti
3 iji kemiri
Rong jempolan laos
6 lembar godhong salam
6 lembar godhong jeruk purut
2 ler sereh
Sak sendhok teh terasi
Uyah secukupe
3 iris tipis gula abang
Kadhung dhemen nambahi saos tirem ya keneng pisan, kira-kira rong sendhok mangan.
Carane:
Kemiri digoreng sampek mateng, aju digerus ambi lobok abang, bawang, bawang putih, terasi, tomat/ranti, uyah lan gula abang.
Kadhung wis alus aju ontong hang wis dikulub mauka diuled nyang ragi hang wis digerus ambi teri hang wis digoreng mauka.
Aju tambahena godhong bawang hang diirisi kira-kira rong sentian ambi godhong jeruk purut hang dirajang alus.
Kabeh diuled sampek rata, tilikana rasane tambahana paran kurange.
Sereh diiris dadi enem lan digejah.
Laos diiris tipis utawa diiris dadi enem aju digejah.
Lobok litik bisa diiris dadi loro utawa wutuh bain.
Ontong hang wis dirageni bagiyen dadi enem aju dipincuki ring godhong gedhang, tambahana ring ndhuwure godhong salam sak lembar, lobok litik rong iji, sereh lan laos hang wis diiris lan digejah mauka aju dipincuk pelasan lan disemati aju dikukus sampek mateng.
Kadhung hing gelem melas, hang gampang diolah oseng-oseng.
Ragine oseng-oseng ontong:
Limang bungkul bawang abang
Rong siung bawang putih
Sewelas iji lobok litik
Godhong salam telung lembar
Sak jempol sikile wong ayu laos
Uyah sakcukupe
Gula pasir sithik
Carane:
Bawang abang, bawang putih, lobok litik dirajang, aju ditumis. Kadhung wis rada ana mambu-mambu wangi bawang, teri dicemplungaken.
Aju lebokaken laos, godhong salam, uyah ambi gulane. Kadhung wis rada alum, lebokaken ontong ambi terine.
Kadhung wis kira-kira mateng tubleken ring wadhahe.
Amening, kemarange delehen hang rada adoh. Kadhung using, segane bisa memed. Anake diumani paran aju?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.