Uwahe Uni ring Basa Using
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Kamis, 10 Juli 2025 08:41 WIB)
- Kolom Bahasa Using

Uwahe Uni ring Basa Using
Sabene wis tau diomongaken uwahe uni ring basa Using.
Hang wis anjrah kaya /isun/ dadi /ihun/, /sapa/ dadi /hapa/.
Ring buku Bunyi-Bunyi Distingtif Bahasa Jawa hang ditulis Wisnu Sasangka (Elmatera, 2011), uwahe uni iki merga siluran panggonan.
Ana rong macem siluran iki hang disebut metatesis lan disimilasi.
Metatesis
1. Wujude siluran iki setemene padha, naming fonem ring ngarep siluran ambi hang posisine ring tengah.
/dulek/ lan /ludek/ kelawan arti kang padha ‘mencocok dengan jari’
2. fonem ngarep lan buri.
/lontar/ lan /rontal/ ‘pohon siwalan’
Uwahe Uni
Ana uga peroses nambahi uni hang bisa kedadeyan ring ngarep, tengah utawa mburi. Kadhung ring ngarep arane Protesis, ring tengah Epentesis lan ring pungkasan disebut Paragog.
Tambahan uni:
Protesis kayata /ayo/ dadi /mayo/ 'mari'.
Epentesis kayata /ipi/ dadi /impi/ ‘mimpi’.
Paragog kayata/ri/ dadi /ring/ ‘di’.
Sudane Uni:
Ana pisan sudane uni, ring ngarep (Aferesis), tengah (Sinkop) utawa ring panggon pungkasan (Apokop).
Aferesis kayata /yara/ dadi /ra/ ‘bukan?’
Sinkop kayata /puwasa/ dadi /pasa/
Apokop kayata /culik/ dadi /cul/ ‘anak laki-laki’
Variasi Bebas:
Iki siluran uni teka pirangane macem fonem, malah ana hang teka fonem rangkep.
Ring ngarep:
Fonem /h/ lan /k/,
/hang/ lan /kang/ ‘yang’
Fonem /h/ lan /s/
/hing/ lan /sing/ ‘tidak’
Ring tengah:
Fonem /h/ lan /s/
/ihun/ lan /isun/ ‘saya’
Fonem /a/ dan /e/
/temtu/ lan /tamtu/ ‘ tentu’
Fonem /a/ lan /u/
/tepang/ lan /tepung/ besiki: ‘kenal’
Fonem /e/ dengan /u/
/mesthi/ lan /musthi/ ‘tentu’
Fonem /a/ lan /u/
/ila-ilu/ lan /ilu-ilu/ ‘tidak berpendirian’
Fonem /c/ dan /j/
/temancep/ lan /temanjeb/ ‘terhunjam’
Fonem /w/ dan /mp/
/juwut/ dan /jumput/
Ring posisi pungkasan:
Fonem /s/ lan /k/
/alakemas/ lan /alakemak/
Fonem /h/ lan /s/
/wih/ lan /wis/ ‘sudah’
Fonem /h/ lan /k/
/agih/lan /agik/ ‘cepat; lekas; segera’
Fonem /g/ dan /k/:
/ajeg/ lan/ajek/ ‘tetap’; ‘tidak berubah’
Fonem /d/ lan /t/
/angsrud/ dan /angsrut/ ‘beringsut’
Fonem /b/ lan /p/
/anyeb/ dan /anyep/ ‘dingin; hambar’
Fonem /k/ dan /t/
/amet/ lan /amek/ ‘mengambil’
Fonem /k/ lan /ng/
/entek/ lan /enteng/.
Fonem /h/, /k/, /p/ dan /b/
/nelasah/, /nelasak/, /nelasap/, /nelasab/ ‘menerobos kemana-mana’.
Ana pisan hang buru kecathet:
Fonem /b/ lan /g/
/belimbing/ lan /gelimbing/
/belabur/ lan /gelabur/
Fonem /s/ lan /g/
/sinau/ lan /ginau/
Fonem /b/ lan /p/
/bendera/ lan /pendera/
Fonem /i/ lan /ek/
/mari/ lan /marek/
/mati/ lan /matek/
Fonem /g/ lan /p/
/gulet/ lan /pulet/
Rong fonem /ang/ lan /il/
/gampang/ lan /gampil/
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.