Uwong Sak Barong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 12 Januari 2024 07:02 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Kelendi carane Wong Using ngewani keterangan sak gerombol akehe wit-witan, woh-wohan, lan liya-liyane? Dienggo uwoh-uwohan ana sak dhompol, sak ombyok, sak renteng, sak tingkes, sak jinah (sepuluh iji). Ana pisan nganggo ukuran wadhahe kayata sak keranjang, sak pikul, sak kol lan liya-liyane.
Kanggo kelapa hang merujuk teka mancung hang padha iku arane sak dangu. Dene gedhang ana sak lirang utawa sak curung.
Husus kanggo perujukan uwit, ana istilah sak barong. Umume wong nyebut dienggo jajang, jajang sak barong. Malah suwi-suwi ana paribasan hang unine: Ngerubuhaken jajang sak barong. Artine wong lanang hang ngerabi wong wadon seduluran. Jaman bengen magih ana kedadeyan wong lanang rabi teka siji lan hang dirabi embok adhik. Uga bisa dienggo ngarani wong hang sak berayat sak keturunan. "Wong Lateng ambi wong Temenggungan iku jajang sak barong." Artine kadhung dipetani mendhuwur turunan embah-embah buyute wong Lateng ambi wong Temenggungan iku padha, magih ana mambu-mambu getihe hang padha.
Taping jare kang Usik, hang ngedegaken Komunitas Osing Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT) istilah barong hing mung dienggo wit jajang. Sak liyane iku bisa pisan dienggo wit liyane hang nggerumbul kayata wit sere, gedhang, tebu, pari. Dene wit kelapa hing bisa diarani sak barong merga sing nggerumbul dadi siji.
Hang pungkasan, istilah barong iki cumpu bisa pisan dienggo kanggo menungsa hang artine ya sak kumpulan. "Usik iku barongane sapa?" Maksude Usik kancanane sapa?
Menungsa masiya belegere hing merujuk nggerumbul uripe kaya jajang, gedhang, sere, tebu lan pari, naming ring pikirane malah akeh hang nggerumbul kuwat ngalahi perujukane uwit.
Ana paribasan Inggris "Manuk hang wulune padha, miber bareng" nduduhaken kahanan uripe menungsa. Masiya pisike hing padha, taping ana unsur hang padha kaya keyakinane, suku, hobi, ideologi lan liyane padha (kaya ring partai), menungsa bisa nggerumbul lan nggawe tingkesan hang lebih kuwat timbang barongane jajang. Wong-wong Banyuwangi hang urip ring tanah boroan, masiya sedurunge hing tau serawung, bisa nyedulur, urip bareng ring Ikawangi, mung merga asale padha-padha teka Banyuwangi.
Ring hadist ya disebut-sebut, "Al maru ma'a man ahabba", mbesuk ring aherat, uwong dikelumpukaken ambi uwong hang didhemeni, yaiku barongane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.