Wak Hasnan: Isun Iki Setemene Sing Kadheman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Januari 2022 14:33 WIB)
- Tokoh



Tepak Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta mulih dina Rabu sore sambang kanggo nemoni Bupati Ipuk Fiestiandani lan stafe sak perlu nggesahaken rencana mancat sepidhah bareng ring Banyuwangi, isun milu katut ring rombongan iku. Bupati girang rungu rencana iku lan nyokong seru kegiyatan Ikawangi mancat sepidhah hang direncanakaken tanggal 19 Maret. Iyane malah wekas nang Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Yanuarto Bramuda makene nggoletaken hiburan hang wis melebu ring agenda B-Fest 2022, diendoh ring parek-parek tanggal 19 Maret iku makene rombongan pemancat sepidhah Ikawangi bisa milu ngerasakaken apike hiburan hang ana ring B-Fest.
   Marek pisan nemoni Kang
 Bramuda, soren-sorene diejak Ketua Komunitas Gowes Ikawangi Mas Sujiono menyang ring vilane hang ana ring Songgon. Para dhayoh disuguhi macem-macem panganan teka urap-urapan, pitik ungkeb (hun enget-enget emeh padha ambi pitik Betutu Gilimanuk naming hing ana lobok wungkule), lan hing kelalen ring Songgon kudu ana duren Songgon. Ring panggonan hang arep dienggo salah siji jujugan sak mareke acara sepidhahan iki, kahanane seru kerasa asrine. Lungguh ring genjot hang mula dibangun kanggo sak wayah-wayah nawi ana rame-rame kayata tepak nanggap pertunjukan kesenian, wong-wong hun deleng padha lungguh ayem ambi gesah ngalor ngidul. Hawane hing patiya adhem seru masiya panggonane wis rada dhuwur, nong ngingsore wit-witan dhuwur-dhuwur setemene panggonane mernahi. Ambi tuan rumah setemene wis disedhiyani pirangane kamar gedhi-gedhi kanggo para dhayoh. Taping wong-wong padha hing nginep merga engkisuke sebagiyan rombongan wis balik ngulon nang Jakarta maning.
   Isun magih ring tanah kelairan lan wis melebu ring agendhanisun nyambangi Wak Hasnan Singodimayan hang sakat kapanane isun mulih ulan Desember sore, warang merga umur. Hun temoni ketepakan wonge hing kesirep. Kadhung wis kesirep biyasahe hing diulihi ngganggu turune ambi anak-anake. Eh cumpune tepak lungguh ring kasure springbed hang ditukokaken pak Bram kapanane.
   Wak Hasnan goler-goleran nganggo kelambi lengen dawa batik hang magih dirangkepi jas batik gajah uling.
    Masiya ngomonge rada pelat sithik taping semangate gesah-gesahan wis kaya Wak Nan tepak magih sagah hang hun temoni pirang taun kepungkur saben-saben isun mulih ngetan. Hing katon iyane wis 93 taun, sasate nana pikune. Kadhung wis cerita paran aju merembet nong cerita liyane. Hun takoni anake hang manggon ring kono hang aran Bonang Prasunan, paran hang nggarahi Wak Nan kaya hing ana pikun-pikune. "Saben isuk marek subuhan, maca Quran."
   Minangka santri lulusan pondhok Pesantren Gontor, kemampuan basa Arabe ya wis nong ndhuwure rata-rata wong hang hing tau mondhok. Wak Hasnan bisa maca Quran kelawan napsiraken artine. Iyane tau nulis artikel hang ngewani pemahaman anyar ring surat Saba hang iyane percaya gok setemene kedadiyan iku ana ring Pulo Jawa. Pemahamanisun nyang Quran durung adoh kaya gedigu dadi isun mung bisa manthuk-manthuk, api-api paham. 
   Isun nyinggung sithik novele hang pungkasan Warung Bathokan. Wak Nan ambi setengah munyik-munyik, wis terima seru nang sapa bain hang gelem nerbitaken tulisane. Tugase iyane mung nulis, ana wong liya hang gelem nerbitaken iku wis rejekine.
"Isun iki setemene hing kadheman," jare Wak Nan. Enggih empun Wak, muga-muga  saya seger waras. Kadhung bisa nulis maning cerita-cerita Banyuwangi. Kula lan lare-lare Banyuwangi siyap masang kuping ngerungokaken. Masiya isun ya isin ambi produktipe wong tuwek siji iki. Novele mili terus kaya banyu: Badai Selat Bali (1994), Kerudung Santet Gandrung (2003), Suluk Mu'tazilah (2011), Niti Negari Bala Abangan (2015), Hadirnya Setiap Malam & Semalam Suntuk (2019), lan hang pungkasan Warung Bathokan (2021).
  
  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor