Anggitane: Ahmad Muzakky
(Minggu, 27 Desember 2020 13:17 WIB)
Wangine Kembang Menur
Langit derem, mega cemeng arak-arakan nyerungkub langit. Peteng, udan terus cicir. Menur mesesegen, mulih liwat lawang mburi.
“Apuwa, Beng?” Pitakone Adon.
Menur melayu nyang kamare.
Menur perawan ayu, kulite kaya langsat. Sing pati ana omonge. Pinter sekolahe, patheng ngajine. Urip sakat cilik ambi adone, emak ambi apake pegatan kala Menur magih kelas 3 Maderasah.
Emake ana ring luar negeri, adoh ewonan kilometer. Apake megawe, arang-arang kecaruk nyang Menur.
Lawang kamare menur didhodhog ambi adon, disereg teka njero.
“Apuwa Beng?”
“Hing paran-paran, Don," saute Menur teka njero kamar.
“Agage madhanga wis. Segane selak adhem.”
Udan mudhun seru derese. Geludhug abane kaya tong digelundhungaken, suwara tangisane Menur hing rungu.
Pirang-pirangane dina Menur hing tau sekolah, sambat warang, nggereges awake. Kanca-kancane padha nyambang nyang umahe Menur, nggawa roti, susu, woh-wohan, lan panganan liyane, uga guru lan wali kelase, Pak Tarom ya mara pisan.
Marek seminggu Menur warang, kisuke Menur melebu sekolah maning. Taping abete raine sing bungah kaya biyasahe. Sekolah mung sekolah, sing ana ulihe. Ulangan ulih biji elek, pintere kaya luntur.
“Menur apuwa kok gedigi?” pitakone wali kelas.
Menur hing semaur, malah nangis. Mara-mara melayu mulih.
****
Subuh, sedurunge serngenge melecir, adon rungu abane Menur mutah-mutah ana ring cedhing.
“Sira warang maning, Beng?”
Menur mung manggut-manggut. Gulune dipijeti ambi adon, saya tambah mutah-mutah. Raine pucet.
“Nyak, adon gawekaken teh panas, ombenen yah. Adon nak berangkat dodol nyang pasar yah, wes kebedhugen iki.
Menur sing kelar tangi, sedina-dina ana ring kamar. Melebu metu nyang cedhing, mutah-mutah.
Bengine, Menur digawa nyang umahe Bu Tutik, bidan desa. Polae warange Menur hing mari-mari, entek obat hang tuku ring tokone Aji Rohani, sing ana kang mempan. Menur hing gelem masiya dipaksa.
“Emong, Don. Engko isuk wis seger," abane Menur.
Tapi Adon maksa, pungkasane Menur nurut milu nyang umahe Bidan Tutik.
Ambune obat-obatan seru antere, nggarai Menur tambah mulek wetenge. Abete Bu Tutik wis siyap nganggo kelambi putih, kaya dene dokter-dokter ring rumah sakite wong-wong sugih ika. Menur raine tambah pucet.
“Bu, arepe periksa," abane adon.
“Nggih Bu, mangga. Sinten kang sakit?”
“Menur.”
Menur munggah nyang kasur kang lebih dhuwur sing kaya kasur ring umahe, kasur kapuk kang atos paran maning kadhung hing tau dipepe.
Bu Tutik mangkat meriksa Menur, mulai teka wetenge ditempleki stetoskop. Dikongkon mangap, cangkeme disenteri. Matane dibeliyak, disenteri pisan.
Adon meneng ana ring ngarepe mejane Bu Tutik ambi ngethem picis kertas ewonan. Ana nawi Rp50 ewu, ulihe dodol genjer ring pasar isuk mau.
Bu Tutik mara nyang adon. Adon lan Bu Tutik adhep-adhepan ana rig ngarepe meja.
“Don, lakine Menur ana ring endi?”
“Bu, Menur iki magih SMP.”
****
Langit derem magih gelantungan hing gelem ngalih, geludhug magih jedhar-jedhor kaya tong edan, udan hing agage cicir, taping pipine menur kepus, matane sing kuwat ngembung iluh.
Sikile menur mbiler abang. Adon, ngamuk. Sikile menur disampati nganggo sapu kerik.
“Dadi lare wadon iku mangkane ta aja kari lonthe, aja pati kidrangan.”
“Isun dipaksa, Don.”
“Ira paling kang ngajak.”
Tambah dina, wetenge tambah melenthing, Menur meteng umur telung ulan. Menur wis sing tau sekolah. Leren. Ngajine, leren. Sedina-dina ana ring umah ambi Adon.
Adon bingung kadhung ditakoni uwong, Menur nyang endi kok sing tau metu. Weruh dhewek kadhung ana aib, sak desa mesthi weruh kabeh.
Menur dadi omongane tangga, eleke saiki kang diiling-iling. Menur kang pinter sekolahe, kang apik larene, kang sopan sedinane, kang ngajine patheng, ilang kabeh. Saiki kang ana, Menur meteng sulung.
Omongan semebar sakat teka pucuk kidul sampek pucuk elor. Teka kulon ngetanaken sing ana mandhege, uwong-uwong bisik-bisik, ngomongaken masalah Menur. Adon sing wani dodolan nyang pasar, aju diwadani uwong.
“Aju sapa hang ngetengi?” abane Jaenab ambi petan-petanan ana ring ngarepe umahe Paridah.
“Paling ya lare lanang kang meh saban dina nyang umahe ika, Nab,” saute Paridah.
***
Timbangane rame terus, dadi rasan-rasan lan omongan, Adon nguwarah Bapake lan Emake Menur, kudu dikawinaken. Emake hing bisa mulih, mula sing pati ngereken nyang Menur. Apake adol sawah dienggo biaya nikah lan iwuhe Menur.
Apake Menur teka. Hing ngerees ambi tangga-tangga kang nulihe melaku sakat teka pucuk lurung kidul, sampek melebu nyang umahe Adon.
“Anakira kok, hing bener!” uwele Adon.
Apak sing ngereken langsung melebu nyang kamare Menur.
Menur meluk apake suwi, nangis sampek garing iluhe. Abete wetenge saya gedhi, bayine ya tambah gedhi ana ring njero rahim.
“Pak, Menur njaluk sepura kang akeh, ya?”
***
Isuk-isuk, teratag wis ngadeg, akeh uwong kang melabot nyang umahe Adon. Kuwadhe wis disiyapaken, kari manggoni, kursi-kursi dietap, meja-meja pating dikusuti. Toples-toples modhel rehana abete wis padha ana isine, kang nggoreng kucur, gedhang goreng, padha ngelumpuk lan tandang gawe.
Umahe Adon dirijigi digelari karpet ijo, iku engko kang dienggo panggon ijab.
Jam 8 kurang 15 menit. Kemanten wadon wis siap, Kembang Menur gemantung ana ring gelungane kemantene. Adon, Apak, keluwarga lan tamu undangan padha kumpul kabeh.
Kemanten lanang terus teka, keluwargane semandhing. Kabeh uwong kang padha melabot, mandheg tandang gawe, nulihi kemanten lanange.
Mula kemanten lanang iki bagus lan pinter. Katon teka rupane lan sing tau akeh tingkahe.
Keluwargane Menur nyambut keluwargane calon kemanten lanang. Kemanten lanang, langsung salaman ambi Adon lan mesthine salaman ambi Apake Menur.
Sedurunge ijab kabul mangkat, Bapak ambi kemanten lanang iki mau gesah tuwek.
“Pak, Isun siyap tanggung jawab!” abane, teges!
Apak hing semaur.
Soren bengi Menur cerita kabeh nyang Apak, kok bisa kedadeyan kaya gedigi. Apak sampek hing bisa turu kepikiran. Mikiri dina mburi anak wadon siji-sijine.
“Sira, welas Beng?”
Menur mingel-mingel, mesesegan.
“Isun dipaksa Pak, Isun diancas arep dipateni. Diweden-wedeni kadhung hing nurut, Isun hing lulus sekolah.”
Apak getem-getem.
***
Sampun kumpul sedanten, ijab kabul saget diangkati, nggih?” abane mudin.
Mara-mara Apak ngadeg. Matane mendelik abang mberanang.
“Menur iki anakisun siji-sjine. Lare wadon kang hing ana tunggale.”
Suwarane Apak saya anter.
“Isun sing setuju anakisun dikawinaken ambi pemerkosa!”
Uwong-uwong padha kelunjuk.
“Guru cap celeng! Sira sing pantes ana ring kene!!” abane Apak ngamuk nuding-nuding nyang raine Tarom.
“Panggonanira ana ring penjara!”
Apak dicekeli uwong-uwong kang ana ring umahe Adon mau. Apak mari nyontok raine Tarom, ruket.
Sakat dina iku, Menur wurung dikawinaken. Apak ngelapuraken Tarom nyang kantor Polisi.
Mula wis akeh kedadeyan. Kang aran korban pemerkosaan malah dadi uwong kang disalahaken, uwong kang merkosa kaya disepura lan perkara mari kerana korban lan pelaku wis dikawinaken. Bisa mbayangaken rika umah-umah hing duwe moral?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)