Wangsalan lan Basanan Wong Banyuwangi
Edy Hariyadi (dipublikasikan pada Rabu, 24 Februari 2021 08:41 WIB)
- Esai
"Kecipir merambat ring kawat
Dipikir ambi liwat".
Nong ndhuwur iku tuladhane basanan, salah siji sastra lisan hang magih dienggo lan urip ring Banyuwangi. Sakliyane basanan, ana pisan wangsalan, arupa ucap-ucap hang ngemu arti teka ulihe barang hang unine emeh padha. Dadi rada kaya ana batekane.
Basanan kadhung ndeleng belegere, ana hang rong baris (siji sangsangan, sijine isi), ana hang petang baris (loro sangsangan, loro isi).
Hang rong baris umpamane:
Bayem erine
Ayem atine.
Hang petang baris, tuladhane:
Jangkrik belang mati sun banting
Sun gites sun pateni
Sun timbang-timbang sun tanting-tanting
Serehne wis pantes sun enteni
Tuladha liyane:
Poh cilik poh kuweni
Poh gedhe poh manggong
Magih cilik sun anteni
Wis gedhe dicolong uwong
Akeh-akehe mula dienggo nguntabaken isine ati merga rasa welas lare lanang lan wadon.
Kerasak dalane ring Cungking
Gelangse dawa sun arani kelasa
Sing bisa ngerusak aja diarani lancing
Sing bisa nggawa aja diarani menungsa
Basanan, bisa dienggo ngalem wong liya, andhap asor, nyindhir, humor, pelajaran kanggo lalare lan liya-liyane.
Tuladha hang dienggo 1) andhap asor:
Belak-beluk dalan ning Mondoluko
Artine: Bolak-balik isun njaluk tulung nyang rika
2) Ngelem
Ning Glagah tuku erus
Sagah terus
3.sindhiran
Kelentheng uwohe buncis
Wong nggantheng hing duwe picis
Ana maning:
Padhang ulan kelompenan
Arloji pedhot rantene
Pirang ulan rika dhemenan
Ulan aji pengantene
Ana pisan basanan hang arupa wadanan. Biyasahe kanggo wong-wong hang wis parek mergane bisa ngelara atine wong liya.
Tuku cuwek ning dhukuh
Wis tuwek buduh
Wangsalan
Ana pisan hang arane wangsalan, hang uga dienggo ring basa Jawa. Hing maido basa Using lan basa Jawa iki odode padha. Dadi ya mesthi bain ana hang padha, ana hang ucape padha taping artine sewang-sewangan.
Naming hang nggarai apik, wangsalan iki ana batekane. Hing bisa diartekaken langsung sedurunge bisa ngarteni paran hang diwangsal.
Tuladhane:
mbrengos lele, ulihe: sungut, artine mbesengut.
"Aja kari mberengos lele roh."
Ana maning:
Nyape merang, ulihe: lirih, artine: lirih-lirih (melaku merana-merene).
Kepithing banyu tawa, ulihe: geruyu, artine lare ayu.
Kadhang, rong wangsalan bisa didadekaken siji ring sak ucap.
"Apuwa nyape merang iku, ana hang dijangkrik gedhe tah?"
Artine: apuwa lirih-lirih, ana hang diesir tah?
Ring kene, jangkrik gedhe, ulihe: gangsir, artine: esir/ngesir.
Mung iku bain hang bisa hun untabaken pengalamanisun ring kene. Sedurunge pamit, isun ya arep nggawe basanan:.
Godhong keluwih, godhong sukun
Tuwek uwohe, wayahe mudhun
Semene bain nggih, omonganisun
nawi ana salahe sepuranen isun.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

