Wanter Ethnic Collaboration (WEC)

Nur Holipah (dipublikasikan pada Kamis, 21 Juli 2022 08:43 WIB)
- Tokoh



Sapa hang sing tau rungu aran WEC? Grup musik hang isine lalare enom iki, wis kerep manggung lan ngisi acara ring endi bain. Kadhung tepak rika marung ring Dakon Resto, WEC duwe jatah nyanyi ana ring dina Minggu jam 13.00 sampek 16.00. WEC gelis kesuwur merga akeh nyanyikaken lagu Banyuwangen lawas nganggo genre tradhisional patrol has lare saiki.

Sak uwise nguwakaken hadhiyah Terbaik I kategori SMP/SMA ring lomba Cerita Cendhek Using hang dianakaken Sengker Kuwung Belambangan nyang Puspita Anggraeni Putri Wuragil Suroso lare Kemiren dina Kamis 23 Juni 2022 sore, reporter belambangan.com ngoberaken gesah merga Puspita iki ya uga vokalise WEC.

Setemene kelendi kawitane ana WEC iki Pus?

Setemene wis ana sakat 2016. Kala semana alate magih sak-anane, arane ya dudu WEC. Bengen Kharisma Blambangan. Tau ngepos alias vakum. Terusane ana inisiatip, Kang Edi ngajaki mberejag maning ring pungkase taun 2019 ngarepaken taun 2020 nganggo aran WEC sampek seperene.

Wong-wonge ana sapa bain Pus?

Maune mung wong 6, saikine wong 9. Alat-alate ya wis jangkep. Vocal ana Isun ambi Jerin. Hang nyekel Keluncing /triangle: Khoiri, ring Angklung ana Shinda. Hang nyekel kendhang ana Yosi. Terus baolah (biola) ana Dino. Bass ana Stevani. Gitar ana Ardi, terus hang nyekel Cuk/Kencrung ana Nopri.

Kabeh lare Kemiren iku Pus?

Using Mbok. Ana hang Cungking, Singotrunan, Gentengan, ya ana hang umahe Gombeng.

Sulung, temune iki Kang Edi hang ngedegaken WEC ya?

Iya mbok, Kang Edi iki manager-e WEC, cara sagahe tah wis. Wakil manager Kang Aldo, hang nulungi Kang Edi kanggo ngurusi kanca-kanca musisi. Ana penasehat, Pak Sutris lan pak Subianto. Kerep uga ditulungi crew Samsul lan Adit.

Taping, wong-wonge WEC iki tau diganti, disuda utawa ditambahi tah?

Dhung disuda using. Paling kadhung tepak ana hang duwe alangan sak wayah-wayah, ya diganti.

Kadhung markas latiyane kanca-kanca WEC ring endi?

Markas resmi setemene bain durung duwe. Durung duwe studio dhewek. Latiyane WEC iku diundhang uwong mbok. Ya diundhang makene latiyan ning umahe, digu. Gratis iki, sing mbayar. Kala-kala ning Cungking, kala ya ning Kemiren.

Kadhung ring Banyuwangi sasate kaya wis kabeh tau dadi panggunge WEC. Paling adoh nyang endi?

Alhamdulillah. Undangan paling adoh ya nyang Bali, 22 Juli kisuk iki. Mugi-mugi diparingi sehat.

Paran hang mbedakaken WEC ambi grup musik liya Pus?

Emm. Personile yara lalare enom kabeh. Terus, WEC kerep ngaransemen lagu hang ana, tanpa ngilangaken pakem lagune hang mula. Karakter musike WEC hang genre tradhisional patrol iki dadi cocog ngaver lagu-lagu lawas. Sing mung lagu Banyuwangen, taping kala-kala ya lagu Jawa. Miloni paran hang dadi dhemenane lalare enom-noman. Temune ya iki nggarai WEC gampang diterima, lan istilahe ya digoleti digu.

Ring endi bisa ndileng asil karyane WEC?

Rika bisa nekani kanal Youtube “WEC Banyuwangi”

Lagu-lagu paran bain hang wis dicover?

Ring kanal Youtube mau wis bisa ditonton. Masiya sing kari akeh, ya iki merga kudu ana idin nyang pencipta lagune. Ana lagu Magih Welas, Siji Rasa, Weleg, Lintang Lontar.

Paran hang nggarai Puspita sampek seperene dadi vokalise WEC?

Seneng susah bebarengan iku hang larang, Mbok.

Mula bener iku ya. Dhewekan iku cumpleng, taping kadhung rame-rame ya buyek nyenengaken. Em, kadhung kekarepanrika lan kanca-kanca WEC ring dina-dina hang arep teka, paran hang seru kepingin digayuh?

Kepingin duwe lagu dhewek. Wis ana rencana iki Mbok, mugi-mugi gelis gadug.

Weh, ya mugi-mugi kelaksan. Terus bisa konser tunggal WEC digu ya!

Byek, Aamiin. Iku hang diarep-arep.

Mugi-mugi jangkahrika lan kanca-kanca WEC saya dawa ya...

Aamiin


Kanggo rika hang kepingin nanggap WEC, bisa nilpun kontak hang ana ring ngisor iki. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gesah ambi Vokalise WEC

Editor: Hani Z. Noor