Warung Bathokan, Basanan lan Wangsalan
NURHARIRI (dipublikasikan pada Kamis, 30 Desember 2021 08:14 WIB)
- Opini
Sapa wong Banyuwangi hang sing ngarti warung bathokan? Kadhung wis disebut warung bathokan pikiran sakkal ngelambar ring barang elek, warung remeng-remeng hang dijaga lare wadon hang dandan ayu lan nganggo bonel cekak, ambi ududan sikil diselempangaken sampek katon pokange. Hang mbathok serang kesemseme sing gelem mulih sampek entek picise. Sing salah mula iku nyatane lan warung bathokan dadi elek arane merga laku elek lare-lare wadon hang golet picis kelawan adol awak ring walike aran warung bathokan.
Sak marine Perang Puputan Bayu hang emeh ngentekaken wong-wong Using iku, sisa-sisa pasukan Belambangan mencar ana ring endi-endi. Kanggo ngumpulaken maning pasukan Belambangan, dibutuhaken panggonan kumpul kanggo nggolet kabar ring endi anane pasukan liyane. Pasukan Belambangan hang mencar-mencar iku nganggo sandi aran kewan alas hang sikile papat. Supaya Landa sing curiga, aju wong-wong nggawe warung panggon ngombe bareng hang wadhahe ngombe nganggo bathok kelapa puyuh hang kiring aran bathok, mangka warung iku diarani warung bathokan. Para pejuwang omong-omongan nganggo sandi hang sing dingarteni penjajah, kaya nganggo basanan lan wangsalan, hang kira-kira kaya gedigi unine :
Kadhung alas kidul macane kari garang
Alas kulon kidange kedrangan magih berahi
Ring Rogojampi kucinge ngajaki gorang
Pitik putih mulus mayo dibelehi
Asu celeng babi lincak dhuwur padha selametan.
Aja ana jajang kambang ring segara, mangsane macan manuk cilik hang anter ibere.
(Jajang kambang ring segara=katir=kuwatir)
(Manuk cilik hang anter ibere = emprit = morat-marit)
Nalika wis merdheka, warung bathokan dadi pesantogane lare nom-noman. Warung bathokan biyasahe sing suwi, kadhung hang dodol nemu jodho, ya wis warunge dibongkar. Kerana warunge ana ring latare dhewek, digawe sak anane nganggo pancang jajang lan gedheg. Hang diedol daya mung kopi, teh lan goreng-gorengan kaya gedhang goreng, sawi goreng, sawi kukus, tahu lan tempe, sing lali pisan ana kerupuke.
Dikancani damar serotong hang ditutupi godhong supaya sing kari mencorong. Lungguh dhirik ring jodhog, hang mbathok ngadhepi meja isi panganan lan ombenan ambi ngelirik hang dodol. Gesahe nganggo basanan lan guyone nganggo wangsalan. Dadi warung bathokan iku dienggo panggon adu kepinteran basanan lan wangsalan. Nyenthok tangan lan sikil hang dadi geredhoan. Nalika nerima omben-ombene tangane hang dodol disenthok ambi basanan
Olah jangan iwak lemuru
Sebrang sebrung kembang dipethik sapa
Sing arep mangan sing bisa turu
Kadhung durung nyawang unyikrika
Ambi nguweni unyik hang dodol aju mbales :
Durung tuwek wis pikun
Mari madhang aja nginang
Kadhung kepingin nyawang unyikisun
Hang gancang nggawa tali dienggo nyancang
Wong loro aju padha munyike. Semono uga nalika ngelungaken picis lan nerima susuk, tangane padha senthok-senthokan aju unyik-unyikan.
Ring ngingsor meja sikile wong loro padha gerayangan, kadhung wis kesenthok aju padha munyik lan kisinan.
“Kari ngelawang banyu Isun nyandhing Rika dhik. Apa Rika wis ana hang ngelemah segara tah?"
Lare hang dodol semaur, “Aja cet aspal kang, welas iki mung kanggo Rika, raina bengi mung mbelung nangka”.
(Ngelawang banyu = dam = ngidam)
(Lemah segara = pasir = ngesir)
(Cet aspal = tir = kuwatir)
(Belung nangka = beton = katon-katonen)
Kadhung hang duwe warung bathokan iku sisik melike desa kono, lare hang mbathok sing mung lare lanang ring desa kono thok, naming lare teka desa liyane lan lare-lare teka kutha hang akeh picise padha antri nganteni dilayani kopine. Serta marek ulihe mbathok lare-lare iku aju mbayar lan nalika dielungi susuke sing gelem nerima, makene didamakaken ambi hang dodol. Lare bathokan hang ayu iku kerana ulih picis susuk hang sing diterima, saya suwi kahanan ekonomine rada renes tenimbang lare bathokan hang kurang ayu lan sing pati bisa wangsalan lan basanan.
Weruh ekonomine keluwarga hang rada renes iku, tangga-tangga lan sapa bain hang kepingin nguwah kahanan ekonomine padha milu-milu bukak warung bathokan. Hang duwe anak wadon padha digawekaken warung ring ngarep umahe, hang sing duwe anak wadon taping duwe panggonan hang bisa dienggo warung, aju padha ngajak anak wadon dulur-dulure hang katon ayu utawa randha enom, mbukak warung bathokan ring desa iku. Pungkasane warung bathokan hang mung kanggo nggolet jodho lan adu pinter wangsalan serta basanan iku dadi warung bathokan hang mung ngerah nggolet picis teka wong hang sing gelem nerima susuk.
Tambah lawas kahanan warung bathokan tambah sing karu-karuwan. Lare hang adol ring warung bathokan iku dudu maning hang pinter wangsalan lan basanan, naming lare-lare nakal hang saktemene dudu lare aseli kampung iku utawa lare aseli Banyuwangi. Geredhoane sing mung ngguthit tangan lan nggerayang sikil, taping wis peluk-pelukan, pangku-pangkuan lan ambung-ambungan aju turu bareng. Kahanan iki wis sing keneng diarani warung bathokan maning, taping lebih pantes diarani lokalisasi, hang dodol sing keneng diarani lare bathokan taping bisa diarani senuk adol awak hang dibungkus adol kopi.
Hang sekaken warung bathokan asli, sing wani mbukak warunge kerana wedi dianggep padha ambi warung bathokan hang wis uwah kelakuwane, kadhung wani bukak mung raina thok.
Kerana ngisin-isinaken aran desa iku lan uga aran Banyuwangi, nalika taun repormasi, lokalisasi hang dibungkus warung bathokan iku diobrak-abrik ambi lare nom-noman desa iku.
Mayo ana tah hang wani bukak warung bathokan kaya asline bengen, ana tah lare wadon hang dodol pinter wangsalan lan basanan?
Jamane wis canggih, dhemenan cukup mung ning HP. Taping kanggo nguri-uri salah sijine adat Banyuwangi iki, ring desa wisata kudune ana warung bathokan hang bisa kanggo sinau nganggit wangsalan lan basanan, makene lare nom-noman pinter ngomong nganggo wangsalan lan basanan, sing mung ring basa tulis taping basa lisan pisan.
WARUNG BATHOKAN
Sing kathik uwar-uwar
Sisik melik wangine semebyar
Lare bathokan naming sing diumbar
Gudha donya padha buyar
Ulih jodho warung dibongkar
Ampyak-ampyakan
Lare nom-noman
Ring warung bathokan
Kanggo pesantogan
Adum-aduman
Dadi jejodhohan
Gesahe basanan
Guyon nganggo wangsalan
Lirik-lirikan geredhoan
Padha munyik dhonge senthok-senthokan
Lare wadon lare bathokan
Dodolane goreng-gorengan
Teh lan kopi dadi ombenan
Kadhung munyik gawe kedanan
Ati kesangsang dadi impenan
Lare bathokan sing gemampang
Sing sukur-sukur lawang ati dijemblang
Ala dibuwang apik dicancang
Iming-iming berlian sing kebimbang
Imane magih singset dikencang
Lirix Al Harir
Bumi sholawat badar Banyuwangi
21 – 12 - 21
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.