Warung Geprek Wong Tegaldlimo ring Ciputat

Muhammad Jamil Rendra (dipublikasikan pada Sabtu, 07 Agustus 2021 15:50 WIB)
- Kuliner



Ring Kedaung, Ciputat, Tangerang Selatan ana warung pitik geprek. Murah lan sambele enjong seru. Cumpu hang dodol wong Tegaldlimo, Banyuwangi.

Arane mbok Dwi Hadi. Iyane dodol pitik geprek sak porsi mung 10 ewu wis ambi sega. Kadhung mung pitik utawa endhog geprek malah saya murah, yaiku mung 8 ewu.

Sakdurunge mbukak warung ayam geprek, iyane uga tau dadi Tenaga Kerja Wanita (TKW) Malaysia. Mangkane sing maido warunge diarani "Ayam Geprek Mak Cik," kaya dene celukane wong wadon ring Malaysia.

Kawitane iyane tahun 2005 sampe 2012 mboro teka Banyuwangi nang negara manca Malaysia dadi pembantu (PRT). Taun 2012 iyane mulih lan ngepos ring tanah kelairan rong ulan suwene. Aju marek iku ana masalah maning, kekuwargane keapusan koperasi Simpan Pinjam. 

Aju iku hang nggarahi iyane mangkat melaku nong Malaysia maning, dudu dadi PRT taping milu dodolan nong warung sega sampek taun 2013. Tepak ana kesempatan maning iyane pindhah nong kantin sekolah dodolan nasi lemak (sega gurihe Malaysia). Hang pungkasan taun 2016 iyane milu negawe ring TFC kaya padha ambi restoran hang ana ring food court (panggonan mangan hang nyedhiyani maneka macem-macem panganan), merga iyane pinter olah pitik. Sampek taun 2018. Seperono, iyane dibayar 1000 ringgit lan ulih lemburane 600 ringgit (kira-kira 5 juta rupiah). Naming kelendi-kelendiya megawe ring negarane dhewek lebih enak. Iyane mutusi balik nang Indonesia taping hing nong Banyuwangi, naming ring ibukota Jakarta, ring wilayah elit Pondok Indah.  Mbok Dwi mung bisa tahan rong ulan merga warunge sepi. Aju iyane pindhah nang kawasan Haji Nawi, Jakarta Selatan, mbukak sega tempong has Banyuwangi, naming ya durung rejekine sampek warunge tutup maning.

Pungkasane ring bungase taun 2018, iyane pindhah maning nong kawasan Kedaung Ciputat, Tangerang Selatan, ngontrak umah ring njero gang cilik, sekaliyan dodol ayam geprek Mak Cik mauka. 

Iyane dodol sak porsine mung 10 ewu wis ambi sega. Lan wolung ewu kadhung mung pitik bain utawa endhog geprek ambi sega. Kuwasane Pengeran, dodolane saya rame. Sedina bisa entek sampek limang pitik lan pengasilane sampek 1,5 juta, wis bisa lebih dienggo bayar kontrakan hang 800 ewu sak ulane.

Tapi sakat ana pageblug Corona, dodolane rada sepi, paling sak ulan mung ulih 400.000 dadi ya sing cukup dienggo bayar kontrakan lan modal maning.

Saiki iyane golet akal, Senin sampek Jumat iyane milu megawe nang uwong nong dhaerah Lebak bulus dadi pelayan kantin di bayar 100 ewu sedinane. Lan tetep bukak ayam geprek nang Kedaung saben Sabtu lan Minggu. Yaiku hang dilakoni sakwetara pagebluge durung uncal.

Mbok Dwi iki bengene sekolah ring SMK PGRI 1 Tegaldlimo lan lulus taun 1991. Arep mulih Banyuwangi ya rada aras-arasen merga emak bapake ya wis nyulungi, nemoni pesthine.

Taping wong-wong hang dadi langganane ngakoni gok sambele mbok Dwi mula enak, pitike gedhi lan segane sedheng nggawe wareg. Mayo nyobak olahane mbok Dwi. Kadhung pesen bisa telp 081299112854.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dwihadi

Editor: Antariksawan Jusuf