Warung Mbok Sul, Cumpu Duwene Penyanyi Suliyana

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 24 April 2021 06:23 WIB)
- Kuliner



Aran Suliyana wis kesuwur ana ring babakan gendhing musik Banyuwangian. Artis Banyuwangi hang kesuwur minangka artis kendhang kempul Banyuwangian iki nyatane saiki wis ngambah ring panggonan liya yaiku bisnis kuliner. Arane usahane yaiku Warung Mbok Sul. Aran iku diempet teka aran celukan ngarepe yaiku Suliyana

Suliyana katone paham temenan dhung donyane artis iku sing bisa langgeng paran maning artis gendhingan lan musik, engko kadhung wis rada tuwek bakalan sing ana hang ndeleng maning merga wis keganti ambi artis liyane hang lebih enom maning lan lebih ayu maning. Mulane iku kadhung ring kawitan wis bisa mbukak usaha anyar gediki bisa-bisa dienggo jaga-jaga mbisukane kadhung wis wayah mangkat tuwek.

Warung Mbok Sul manggon ana ring Jl. Brigjen Katamso No.6, Tukangkayu, Banyuwangi, utawa kadung teka Gedung DPRD  melaku ngetan sing lebih teka 200 meter. Warung Mbok Sul bukak saban dina mangkat dhasar sakat jam 11.00 sampek jam 22.00 wayah bengi.

Warung hang rijik merga akeh kelir-kelir putih ana ring sembarang temboke iki dhasar arupa panganan lan ombenan hang enak-enak kayata  kopi lan es kopi, ana susu lan es susu. Ana maning Es kopi susu. Ombenan liyane hang enak ana uga es jus. Naming es jus hang paling didhemeni pelanggane yaiku es jus buah naga. Sakliyane iku ana uga ombenan milenial hang rungune aneh-aneh kayata es Mojito. Es susu Matcha, es Susu Taro, Orange Squash, Melon Squash, lan liya-liyane.

Kadhung rika marung ring kana ana uga panganan arupa sega sambel. Masiya arane rada aneh-aneh naming rasane sing aneh kanggone ilate wong Banyuwangi.

Sega sambel mauka ana umpamane “Nasi Ayam Sambel pecak” iku rasane puedhes naming rasa Banyuwangine sing ilang. Sega putih sambel cepuk ambi panggangan pitik ditambah sambel pecak lonok ika rasane panas-panas pedhes. Sing kalah ambi iku ana uga “Nasi bebek Sambel pecak” hang sing kalah enjonge ambi nasi ayam sambel pecak.  Meh padha ambi hang Nasi Ayam Sambel Pecak panganan iki nganggo bebek dhasaran daginge.

Sakliyane menu paporit iku mau ana uga “Nasi Pecel Pitik”, Nasi Paru Mbok Sul, Nasi Tempong, ana uga nasi tempong Ayam Mbok Sul. Pokoke panganan ana ring kene jangkep. Hang marung kadhung ring wayah ngeraina kaya dene wayah mari bedhug seru ramene.

Warunge Mbok Sul iki bangunane minimalis ana ring ngarep dadi bisa gampang ditengeri. Manggon ana ring sisi kiwa dalan Brigjen Katamso kadhung liwat teka kulon, bangunan kelir putih hang ana wit pulene iki katon nyorot merga kelire putih barak. Hang  ana ring njero warunge magih nganggo kelir tembok putih-putih. Hang rada beda ana ring plapone ndhuwur nganggo kayu gelondhongan cilik-cilik hang gedhene sak lengen-lengen dikelir werna kayu aseli utawa natural. Iki ngenakaken anggone hang marung ambi nyawang madep mendhuwur sakdurunge teka pesenan panganane.

Jangkep ulih setaun warung iki ngadeg sakat dibukak kawitan ring tanggal 1 April 2020 hang marung hing saya suda naming tambah bain langganane. Hang nggarahi wong balik maning mari marung ana ring kene merga dudu mung rasane, papane hang enak naming uga regane panganan ring kene sing kari larang. Panganan sega bain antarane Rp. 30.000 sampek 35.000. Kadhung ombenan antarane Rp. 8500 sampek Rp. 24.000

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf