Warung Ngelayani Dhewek Ring Terminal Karangente
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Januari 2022 12:15 WIB)
- Kuliner
Warung hang pelanggane bisa njuwut-juwut dhewek sak dhemene pelanggan ana ring Terminal Karangente, warung no. 10.
Bu Khotijah, hang duwe warung cerita gok iyane ulih warisan warung teka ibuke yaiku Bu Sukur hang wis puluhan taun sakat terminale dibukak, merga pak Sukur pegaweyane agen bis Harapan Baru.
Warunge nyedhiyani macem-macem panganan: pitik goreng, dhendheng ragi, endhog dadar, tempe orek. Dene jangane ana jangan bening lan jangan santen tombol. Hing kelalen sambele rong macem disedhiyani nong jembung ulih njuwut sak senenge. Ana sambel ranti, ana sambel kecap.
Kadhung mung jangan, sak macem iwak, mung keneng 12 ewu, jare bu Khotijah. Kadhung nganggo dhendheng ragi, mung 18 ewu rupiah. Kadhung segane nambah, ya tambah sithik itungane. Kadhang ana pelanggan hang njuwut segane sampek munjung.
Pelanggane rata-rata wong hang mudhun teka bis utawa arep munggah bis. Dadi jam 05.00 isuk, bu Khotijah iki wis tap-tap olah-olah merga jam 06.30 warunge wis mangkat bukak sampek jam 18.30, jare wong Kepatihan iki. Saben dina ana 30an lebih bis teka melebu metu terminal Karangente. Wong-wong hang nunggang bis iku hang akeh mampir ring warunge.
Mula uripe bu Khotijah iki hing adoh teka terminal lan bis. Bapake dadi agen bis Harapan Baru, malah saiki ipene kang Wawan, hang dadi agene bis Pendhawa 87 hang ngelayani rute Banyuwangi-Jakarta nganggo bis sleeper (sak uwong sak peturon bisa selonjor) lan uga ana kelas eksekutip hang kursine dhirik loro-loro kiwa tengen.
Masiya ana pirangane warung hang jejer ring dalan metu bis, bu Khotijah hing kuwatir merga rejeki wis diatur Hang Kuwasa.
Hang dadi pikirane mung uwahe rega-rega.
"Rega pitike munggah terus, daging munggah, lenga munggah. Jare ana obralan, nong salah siji warung taping serta ditekani durung diangkati. Sarta teka mburi-mburi jare wis entek. Bingung wong dodolan iki," jare bu Khotijah.
Hang nggarai ngersula maning, kadhung tepak ana dhemo ring dalanan.
"Warunge sepi merga bis hing ana hang melebu terminal."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.