Warung Sega Campur Mbak Sri Tamanbaru
Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Agustus 2022 08:26 WIB)
- Kuliner
Buru-buru mulang ring SMPN 1 Banyuwangi (2017), wayah-wayah jam istirahat saben-saben bingung nak madhang ring endi. Paran maning kala semana jam pelajaran sedina sakat jam 6.45 sampek jam 14.40 wib, kira-kira kadhung sing kelebon sega, bisa-bisa weteng perih. Kadhung tepak sing kober nyangu dhewek, sakliyane sanja nyang kantin, isun lan kanca-kanca njujug nyang Warung Mbak Sri mburine sekolahan.
Warung Mbak Sri andhalane wong Mendut lan sak ubenge iki ana ring Jalan Prambanan Nomer 63. Warunge ana ring kidule dalan, parek ambi SDN 2 Penganjuran (kulone sithik). Kadhung rika liwat ring Jalan Jenderal A. Yani (Vionata utawa SMPN 1 Banyuwangi), rika bisa biluk nengen ngulonaken nyang Jalan Penataran, lurusa bain sampek ngeliwati pertelon ping pindho. Saikine Warung Mbak Sri iki sandhingan ambi tukuk kelambi lare cilik ‘Nauna’.
Sega campure Mbak Sri dadi pilihan merga buru-buru bengen magih Rp. 9.000,- sak porsi. Seperene sakat ulan Juli 2022 merga rega-rega bahan pokok ya pating munggah, rika mung perlu nggeruh dhompet Rp. 12.000 bain kanggo sak porsi sega campure. Limolas-ewu, dijamin wareg ulih sak ngombene wis!
Hang nggarai balik maning nyang warunge Mbak Sri iki merga sambele. Sambel sak jebeg ala tempongan, sambel mentakan hang nggarai penyar.
Uga ana gimbal jagung sak penthul-penthul kaya pucile epoh, hang nggarai ngenakaken madhang. Janganane ana eseng-eseng pakis, eseng-eseng manisah, eseng-eseng kacang, utawa eseng-eseng terong. Iwake rika ya bisa milih, ana pitik ukep, bistik daging lan endhog cit. Segane pisan anget-anget.
Kadhung wis jam-jam istirahat kantoran, warunge Mbak Sri iki seru anterine. Mulane bangur tepak buru bukak bain (jam 9 isuk), mara merana wis.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Madhang-Madhang
Editor: Hani Z. Noor