Warung Semanggi Kabat, Sedia Masakan Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 05 November 2022 08:50 WIB)
- Kuliner



Semanggi cumpu hing mung aran godhong tanduran hang akeh merujuk nong kedhokan. Ring pinggir lurung gedhi Banyuwangi-Rogojampi, ring Kabat ana warung "Semanggi" hang artine singkatan teka "Sedia Masakan Banyuwangi".
   Kaya arane, jangan hang ana yaiku jangan bening semanggi, jangan tombol iwake wader goreng, urang goreng, pelasan iwak segara, pelasan uling, gimbal jagung.
   "Teng meriki langganan empun tiyang Pemda. Malah bupati, dugi Pak Purnomo, Pak Samsul, Pak Anas tau meriki sedaya," jare Pak Amirudin hang duwe.
   "(Artis penyanyi dangdut) Danang nggih kerep meriki."
   Setemene warunge iki dikawiti ambi emake taun 1980an magih nong njero kampung. Taun 1987 emake sampek umur, usahane diterusaken Pak Amir merga dulur wadone wis umah-umah kabeh lan dulur lanange megawe ring Kalimantan. Aju pindhah nong pinggir lurung gedhi taun 1997. Bengen tanahe uwong, tanah lowong hang dipanggoni saiki wis dituku. Tapi dodolane magih padha.
   "Semanggi dibening pasti ada," jare Pak Amir. Stok semanggi saiki akeh merga wis ana hang mbudidaya hing kaya bengen kelebu wit hang merujuk dhewek.
   "Enten tiyang Cinten hang seniki empun manggen teng Surabaya, kapan wangsul meriki hang digoleti semanggi sambel sere. Terose rasane benten ambi hang teng Surabaya."
   Bengene, "Wader pados kiyambek. Sakniki teng pasar Rogojampi isuk empun kathah," jare Pak Amir hang ngentekaken sak kilo wader sedinane.
   "Kadhung uling angsale 60 ewu sekilo, hang uling ulihe budidaya 90 ewu dugi Srono Sukonatar. Tapi sekaken peminate, larang."
   Sakliyane ngelayani wong nang warunge, Pak Amir ya kebagian nggojek "Rantang Kasih."
   Programe bupati Anas iki ngewani wong-wong lanjut usia hang umure 70 mendhuwur, hing ana anak dulure lan hing ana hang ngerawati ulih bantuwan teka Pemda. Saben dina dikirimi rantang, digojek, teka pirangane warung hang ana. Warung Pak Amir ulih bagiyan 53 rantang. Dikirim nang Gombolirang, Macanputih, Labanasem, Pakistaji, Kabat, Kalirejo, Dadapan, Pondoknongko lan Pendarungan.
   Panganane ganti-ganti sabendinane kadhang sop, uyah asem, soto, utawa rawon.
   Malah Pak Amir mesthi ngewani tambahan sak liyane sega, jangan ambi iwake. "Ya jajan kampung lan snek. Niki keneng damel impestasi (ahirat-red)."
   Gedigu bain, Pak Amir wis ngerasa cukup ulih bathi.
   "Sakniki kathah empun hang sedhiya semanggi sak jejeran dalan niki mawon teng Kabat niki enten nawi papat."
   Kadhung pesen bisa liwat WAne Pak Amir 081358132543.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor