Woh-wohan Lawas, Kelendi Nasibe?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 27 Februari 2021 13:52 WIB)
- Opini
Ya wis kelendi maning, arane pembangunan lan kemajuan, sithik akeh ana hang dadi kurbane. Kayata woh-wohan hang magih akeh jaman bengen, saiki wis sing pati anjrah ditemokaken ring pasar.
Jaman bengen woh-wohan kaya wesah, juwet, tailampah, wuni, kepundhung, sentul, kedhompyong, wis biyasah dadi woh-wohan hang dipangan nyang lalare. Akeh diedol ring pasar lan wong dodolan ring ngarepan sekolahan. Lare saiki akeh hang wis sing meruhi nyang aran-aran woh-wohan mauka.
Mula saikine lalare lebih paham nyang woh-wohan impor kayata apel, pir, kiwi, lan sepiturute. Belongkak lan belungking bain wis dadi blewah lan semangka.
Paran maning weruh kelendi rasane rujak wuni, kedhompyong dipangan ambi uyah, lan liya-liyane.
Hing maido tepak ana pelajaran wangsalan utawa gendhing hang ngomongaken: belimbing bumi (hang artine wesah, ulihe ring wangsalan, aja susah), lalare sekolah hing nduwe gambaran kelendi maksude. Apuwa belimbing bisa ring njerone lemah, mangkane kasebut belimbing bumi, merga woh wesah merujuke ring njero lemah.
Lalare bengen malah hing mung weruh rasane uwohe, taping weruh pisan gugon tuhon hang ana ring sak ubengane uwit-uwite. Umpamane kadhung tepak udan, hing ulih parek-parek nyang wit wuni merga gampang disamber geledheg. Wit juwet panggonane gandaruwo, lan sepiturute.
Setemene kadhung ana wigati ring pemerintah kanggo ngelestarekaken tanduran iki sing mung dadi isine museum flora paran maning mung ana ring dokumen, lan pelajaran sekolah, tanduran iki magih bisa dirawati.
Ring Banyuwangi, ana ring Pemandian Taman Suruh tanduran-tanduran hang mula diseja sing ulih ditegor. Kayata wuni, kedhompyong, sentul, kepel lan pirangane tanduran gedhi liyane. Naming tetep bain iku hing bisa njangkepi akehe tanduran lawas hang seru akeh maceme.
Pemerintah daerah wis nggawe aturan apik gok ring saben iwuh hang dianakaken pemerintah, kudu woh-wohan lokal hang dadi suguhane. Kudune aturan iki ditambahi woh-wohane hang uga nguripi woh-wohan lawas kaya kasebut ring ndhuwur iku.
Paran maning pemda duwe Taman Agrowisata, kudune disedhiyani kebun hang ditanduri woh-wohan lawas iku mau kanggo nguri-uri lan bisa dadi pesinauan lalare. Wong-wong bisa teka kelenceran, methik, tuku woh-wohane lan ndadekaken pasar woh-wohan lawas urip maning.
Kelendi?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.