Wong Banyuwangi Ahli Pesawat Terbang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Februari 2021 06:35 WIB)
- Tokoh



Ana siji wong Banyuwangi, ahli pesawat, hang milu ubret ngembangaken teknologi drone (montor muluk hang disetir teka kadohan), arane Ir. Atik Bintoro, MT. APU.
   Wong kelairan Jajag Banyuwangi taun 1964, hang saiki diceluki Kek Atek iki sakat sekolah bengen ring Banyuwangi sampek lulus SMA. Aju iyane melebu Teknik Mesin ring Fakultas Teknik Universitas Brawijaya lan lulus taun 1989. Marek iku nerusaken kuliyahe ning
Universitas Indonesia ring Pasca Sarjana Teknik, Jurusan Teknik Mesin, lulus Cumlaude minangka Master Teknik Mesin taun 2002.
Sakat lulus teka Malang iyane megawe minangka Peneliti ring Lembaga Penerbangan dan Antariksa Nasional (LAPAN) ring Rumpin, Kab. Bogor.
   Sakat taun 2015 iyane dadi Ahli Peneliti Utama ning Pusat Teknologi Penerbangan LAPAN, Kepakaran Bidang Teknologi Penerbangan dan Antariksa, Sub bidang Disain Kendaraan Ruang Angkasa, Misil, dan Satelit.
Sakat 2019, iyane dadi Kepala Program Penelitian, Pengembangan, dan Perekayasaan (Litbangyasa) ring Pusat Teknologi Penerbangan (Pustekbang) - LAPAN, kelebu Litbangyasa Pesawat Terbang Tanpa Awak (PTTA) utawa drone serie LSU05NG. Programe digawe taun 2019, lan wis uji terbang buru bain ring ulan Desember 2020.

   Hang nggawe girang ring Tim Litbangyasa Pesawat terbang tanpa awak serie LSU-05NG iki ana loro maning lare Banyuwangi generasi anyar yaiku Ardian Rizaldi minangka Chief Engineer lan Angga Septiana minangka Komando Uji Terbang tepak nyacak miber tanggal 7 lan 8 Desember 2020. Nyacak mibere dianakaken ring Lapangan udara TNI-AU Pameungpeuk/Cikelet, Garut, Jawa Barat.
   Pesawat LSU-05NG iki kelebu generasi anyar pesawat terbang tanpa awak serie LSU-05, gawenane Litbangyasa lan asile rancang bangun LAPAN hang wis ngembangaken pesawat iki sakat 2014.
   Pesawat iki seriwine teka pucuk nong pucuk sijine dawane 5,5 meter lan dimensi fuselage gedhene 2,909 mm x 445 mm x 315 mm hang digawe teka bahan komposit.
   Tepak nyacak miber kapanane, kabeh ujian kanggo meruhi karakteristik pesawat bangete
low speed taxi, high speed taxi, miber manual, lan miber nganggo autopilot, keitung lancar lan apik.
   Impen gedhene kelendi carane ngelairaken Ekosistem Rantai Pasok Produksi Drone.
"Emeh padha ambi lagu nasional Rayuan Pulau Kelapa," jare Kek Atek. Maksude uwit kelapa iku pilosopine wong-wong bengen. Uwohe kelapa iku minangka produk drone, aju gelugune iku industri drone. Lan ewonan odode iku ibarate industri pemasok bahan baku drone.
"Logam entheng, komposit, pelapis njaba, industri sensor elektronik, industri mekanik bisa digawe ring UKM hang nggawe drone," jare bapake lare telu hang wis nduwe putu loro iki.
"Kadhung kabeh wis bisa digawe kanca-kanca dhewek, hing kathik impor, pungkasane industri drone iki bisa ngelindungi bangsa, majokaken  kesejahteraane umum, lan nggawe cerdase bangsa."
   Seperene kayane akeh hang wis semangat milu ngembangaken ekosistem produksi drone iku mau. Ana masarakat umum, pirangane UKM, swasta lan BUMN, jare wong hang dhemen ring wit-witan bonsai lan sastra iki.
"Njaluk dongane muga-muga gancang kelaksan," jare Anggota Dewan Redaksi Jurnal Teknologi Dirgantara sakat 2011 iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor