Wong Iwuh lan Selametan ring Bale Kambang

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Jumat, 12 November 2021 09:32 WIB)
- Opini



Saben-saben desa nduweni adat tradhisi hang dijaga ambi masarakate. Tradhisi iku akeh maceme kayata adat Kebo-keboan ring desa Alasmalang lan desa Aliyan, tradhisi Rebo Wekasan, tradhisi Pethik Laut ring Muncar, tradhisi Seblang ring Bakungan lan Olehsari. Lan magih akeh maning adat lan tradhisi hang sampek saiki magih ana.

Semono uga ring desa Gitik, Rogojampi, ana adat hang magih dijaga ambi masarakate yaiku selametan ring Bale Kambang kadhung ana warga hang arep duwe iwuh. Selametan iki dianakaken sedina sedurunge iwuh. Tujuwane selametan iki ngirim donga nyang leluhure desa Gitik lan njaluk keselametan nyang Gusti Pengeran mekene ulihe iwuh padha selamet kabeh. Selamet uwonge, selamet bandhane lan selamet panggonane.

Ring desa Gitik ana petang dhusun yaiku dhusun Krajan, dhusun Sidorejo, dhusun Sidomulyo lan dhusun Timurejo. Ring petang dhusun iku mau kadhung ana wargane arep iwuh mesthi sing lali selametan nyang Bale Kambang. Bale Kambang iki panggonane ana ring dhusun Krajan.

Ring dhusun Timurejo, ana leluhur hang dikeramataken ambi warga sakubengane yaiku leluhur hang kejuluk Mbah Item. Wong dhusun Timurejo kadhung iwuh kudu selametan ngirim donga njaluk keselametan ring makame Mbah Item.  Sakmarine selametan ring makame Mbah Item buru selametan ring Bale Kambang. Miturut kepercayaan warga dhusun Timurejo, kadhung selametan ring makame Mbah Item sing ulih lali nggawa kopi cemeng pait sing kathik gula.

Padha ambi dhusun Timurejo, ring dhusun Sidorejo uga ana leluhur hang dikeramataken yaiku Buyut Ketib. Buyut Ketib iki bengene salah sijine ulama hang ana ring desa Gitik, manggone ring dhusun Sidorejo. Buyut Ketib iki dadi juru tulise masjid (Basa Arab: Katib). Enake ngomong dadi Ketib. Wong dhusun Sidorejo kadhung arep iwuh selametan ring makame Buyut Ketib sulung aju buru selametan ring Bale Kambang.

Wong dhusun Sidomulyo kadhung iwuh selametane langsung nang Bale Kambang. Mergane ring dhusun Sidomulyo sing ana makam leluhur panggonane ngirim donga.

Wis dadi kepercayaan turun temurun kadhung iwuh lali selametan ngirim donga ring Bale Kambang, mesthi bain ana kedadeyan hang sing disangka-sangka. Biyasahe udan deres campur angin. Kadhung durung selametan, udane sing terang-terang utawa angin anter sing mandheg-mandheg. Kadhang panganan hang ana ring pawone sing mateng-mateng utawa mambu.

Tau ana kedadeyan wong tekan, dudu asli wong desa Gitik nganakaken iwuh. Iyane sing percaya kadhung arep iwuh kudu selametan ring Bale Kambang. Iyane mohal, jare sing kathik-kathikan selametan ring Bale Kambang. Tepak dina jebege iwuh ana kedadeyan hang sing disangka-sangka. Udan deres lan angin anter sing mandheg-mandheg sampek teratage rubuh lan ngelamuk keterak angin. Olah-olahan hang ring jero pawon padha mambu sing keneng dipangan. Pungkase iyane buru percaya lan gelem selametan ngirim donga ring Bale Kambang.

Sing ana panganan husus kanggo selametan ring Bale Kambang iki, pokoke panganan hang ana ring pawon sakcukupe digawa nyang Bale Kambang. Selametan iki dipimpin ambi Imamuddin (Mudin) ngirim donga lan maca tahlilan kanggo leluhur hang mbahureksa desa Gitik. Jare wong tuwek jaman bengen “Sira ulih sing percaya taping sing ulih mohal”. Kabeh-kabeh iku mergane Hang Maha Kuwasa taping sing ana salahe kadhung ihtiyar njaluk keselametan nyang Hang Maha Kuwasa kelawan selametan ngirim donga liwat perantarane leluhur. Wallohu A’lam.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cathetan Satria

Editor: Antariksawan Jusuf