Wong Using, Kepetengen Padhangana Sulung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Mei 2023 09:03 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Jodhog kayu lamtara
Kasep mbadhog weteng lara
Basanan iku nduduhaken percise kelendi wong Using nyang urusan madhang. Urusane hing mung weteng. Ukurane kasep sithik, donya bisa peteng, endhas nggeliyeng, mata njureng, dhadha methentheng.
Mangkane ana unen-unen: kadhung kepetengen padhangana. Artine kaya-kayane, umahe peteng aju sumeten damare makene padhang. Dudu. Using. Maksude: kadhung endhase mumet (kepetengen) madhanga sulung makene bisa padhang maning donyane.
Madhang iku kudu sega, kadhung mbadhog liyane bisa diarani mangan.
Mangkane wong Using seru wigatine nyang pari hang dipadhang saben dina. Akeh lan merinthil ucap-ucap kanggo urusan pari. Sedurunge tandur, ana Labuh nyingkal. Selametan ngawiti arepe tandur. Satria Pujangga, tau nulis, cara tetanen pari wong Using miloni pirangane proses. Kawitan ana Mecah Galengan, Nambaki, Nyingkal. Bumi diwolak-walik. Pecak damen diwaliki. Ana istilahe, sawah Malik Damen. Yaiku sawah hang ulih banyu terus. Nandur pari hing tau dieleti tanduran liya kaya jagung tah gadhel, merga banyune ajeg ana sedawane taun.
Nyingkal wis marek, ana Ngelowed, buru Neter, disusul Ngeremponi, lan hang pungkasan Arag-Arag.
Kedhokane siyap, aju winih hang didhedher ring Uritan, dhuwure sepira? Ana Ndhengkul siji, ana Ndhengkul Loro. Njuwut winihe sak Tempah, sak Werekis tah sak Pikul.
Tepak Tandur ana Njiwir, Suwel, Sipatan lan engkone Nyami.
Marek Tandur magih ana Matun, Rabas Galeng, Ngemes, Nyemprot lan Ngeleb. Sekendi umure pari? Tandur, Gemundha, Meteng, Melecuti, Ngisi, Bangcuk sampek Kuning. Pokoke aja sampek gabug. Dhung gabug parine hing bisa dipadhang. Donya bisa peteng maning.
Ana Istilah ring wong mancing, "Sukur ulih sak gorengan girang wis." Sak gorengan bisa dadi musuhe sega sak piring.
Wong megawe golet picis ngomonge ya ngomonge: "Golet sak adangan." Pokoke kemarang aja sampek njempalik.
Kadhung ana lare hang durung ngarti donya, diwarah "Ngerti paran Sira, sukur sega mateng, keplok wis." Ukurane lare hang gedigi hing weruh dhang-dhenge urusan wong tuwek. Aja milu-milu ngomongaken liyane. Ukurane mung buru bisa girang kadhung ana sega mateng. Carane golet sega magih durung bisa.
Kapan ana kanca hang ngejak melaku nong endi digu hang durung karuwan ulihe paran, ngomonge: "Paran dicekek nong kana." Paran dicekek artine Ana paran pardu paran nong kana, penting seru tah? Aju paran digawe nong kana. Apan hing patiya perlu, isun hing milu wis. Paran dicekek?
Aja ruwed. Aja gelem dikencuri. Kadhung kepetengan, padhangana sulung. Mayo madhang!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.