Wong Using Nabung Wit-witan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Maret 2020 08:51 WIB)
- Esai



Tepak kapanane gesah ambi Pak Serad, sesepuh desa Kemiren Glagah, Isun rungu maning wekase wong-wong tuwek bengen. Jare Pak Serad, hang diwarisi wit duren abang ambi wong tuweke, wong Using bengen kadhung anake buru lair, gancang bapake nandur wit. Gunane paran? Mbisuk, kadhung larene wis mangkat gedhi, tepak akeh butuhe, wite bisa ditegor keneng didadekaken picis. Gedigu carane Wong Using bengen nabung kanggo nambel kebutuhan.

Kearifan lokal nandur wit iki setemene ya hing mung kanggo wong desa hang durung patiya kenal tabungan ring bank. Dadiya wong-wong Banyuwangi hang uripe ana ring kutha ya setemene ngelakoni nabung wit iki, masiya hang dijuwut iku uwohe dudu kayune.

Enget jaman apakisun kawitan manggon nong Lateng taun sewidakan, tanah-tanah ring Lateng magih akeh arupa kebonan. Kanggone lare-lare hang magih durung kenal ambi menganan moderen kaya saiki, kebonan iku ya wis panggonane sedina-dina, hing mung kanggo memengan. Iku laboratorium sinau urip lan penguripan. Wite gedhang utamane, keneng bisa dadi paran bain. Papahe godhong keneng dienggo jaran-jaranan, utawa bedhil-bedhilan, utawa wadhahe jangkrik kadhung tepak golet jangkrik nong kebonan. Serat kulite hang dijuwut teka gedeboge keneng dienggo njiret urang nong pesisir ngingsore Sasak Cikar utawa nong watu-watuan ngingsore sasak sepur kanggo umpan mancing iwak segara. Gedeboge bisa dadi topeng, dadi kapal-kapalan LCM hang lawange bisa diudhunaken diunggahaken kaya kapal temenanan. Empole bisa dadi rodha montor-montoran. Dimodhel segitiga lan disundhuki semat, gedeboge bisa dadi kurungan manuk emprit. Ana gedhang rubuh, gedhange dibakar bisa ngiseni weteng elom masiya durung pati tuwek. Godhong-godhong liyane bisa dadi paran bain. Godhong nangka bisa dadi kethu raja-rajaan. Lompong godhong kates dadi suling-sulingan mono suwara. Pulut sawo utawa nangka dadi senjata mulut dhudhuk tepak raina. Jajang bisa dadi patrol, dadi bom-boman, dadi wadhah jangkrik, dadi palesan hang bisa pisan dienggo ndudul welut ring elore Masjid Al Hadi Singotrunan.

Umahe bapak nong Lateng bengen magih ana sisa tanah ring mburitan lan ring iringan umah, hing patiya wera. Naming kayadene wong-wong bengen, ring mburi ditanduri wit jambu keluthuk, kelor, jambu abang, belimbing, gedhang. Ring sandhing kiwa tengene umah ana wit kates, suruh, belimbing wuluh lan ring latar ngarep ana wit apokat.

Dadi kebutuhane obat lan vitamin teka woh-wohan iki wis bisa cemepak ring panggonane, prei tuku, kanggo anak-anake lan anak-anak tanggane hang kaya dikongkon kadhung ana woh hang wis mateng, sulung-sulungan methik ambi hang duwe. Paran maning ana woh teblukan. Wis dadi kesepakatan hing tertulis, gok ana woh tebluk masiya nong latare wong, woh iku duwene sapa bain hang kawitan meruhi lan nemu. Mangkane bengen, magih usum jambu, akeh lalare tangi isuk meruput sak perlu luru jambu nong umahe tanggane. Wedi kesulungan kancane. Dadi sasate jaman bengen jambu lan woh-wohan liyane hing kathik tuku. Masiya cerme, belimbing wuluh, kadhung digeningaken hing dijuwut lan diolah, dadi amik-amikane lare-lare.

Unen-unen “Sing ana paite kelerek” mula cocog kanggone lalare iki. Paran bain hang arane woh, keneng dipangan, ya diuntal. Ibarate kadhung lerek iku hing pait, nawi toreg pisan nong wite diseser ambi lalare.

Hun pikir-pikir, Pak Serad hang nandur wit arep dijuwut kayune, utawa bapakisun hang nandur wit woh-wohan minangka kearifan lokal istilahe saiki kanggo pertahanan pangan hang  saiki wis akeh dilalekaken. Jare Pak Serad, aja maning omesa nganteni kayune,”Larene buru bisa nyeluk emak bain wis kayune ditegor.”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf