Wong Using Nggoletaken Jodho Anake (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 Juni 2026 06:40 WIB)
- Opini



Wong Using kelebu hang duwe wigati gedhi nang jejodhohane anake, utawa ngarep ana hang nerusaken keturunane. Akeh teradhisi-teradhisi hang digelar, terima kanggo ngelantaraken anake makene bisa jejodhohan. Makene gampang serawungan, makene gampang bisa ulih kanca urip lan aju dipungkasi umah-umah bareng. Umpamane Bathokan lan Geredhoan.

BATHOKAN
Teradhisi Warung Bathokan hang ana ring Dadapan, Kabat, bengen mula kawite ya kanggo ngelantaraken jodho anake wong tani.
   Miturut wong-wong tuwek hang sun temoni ring sak ubengan Kabat, bengen iku akeh-akehe wong tani kadhung megawe sak keluwargane diajak urip bareng ring sawahan utawa kebonan. Suwene, sakat panenan sampek nandur maning  pari lan wis bisa ditinggal. Merga uripe gedigu, hang duwe anak wadon kadhang buru sadhar, kadhung anake wis munggah perawan, kadhung anake butuh jejodhohan.
   Kelendi arep ulih jodho, kadhung saben dinane urip ring kedhokan, endi ana lancing utawa wong lanang weruh, kadhung ring kono ana lare wadon hang munggah perawan.
   Para tani jaman semono aju duwe pikiran mbukak warung kopi, tujuwan utamane dudu golet picis kanggo nyukupi butuh urip saben dinane. Naming kanggo ngenalaken anake nang wong njaba, kanggo ngabaraken nang lare-lare lancing gok ana lare wadon hang bisa diajak nyambung welas urip bareng.
   Wong bengen iku magih ngugemi adat lan adab, njunjung sopan santun sak padha-padha. Noring njero Warung Bathokan mau ya tetep diawasi lan diajari, kelendi carane ngomong nang dhayoh. Kelendi carane ngeladeni wong lanang. Kelendi carane nepakaken awak, kadhung ngomong sak padha-padha lan ngomong ambi wong tuwek. Warung Bathokan jaman semono kaya sekolahan, kanggo mulang anake wong tani sedurunge umah-umah dhewek.
   Kanggo njaga tatakerama, omongan antarane hang dodol lan hang tuku nganggo sastera, basanan lan wangsalan. Kabeh kudu mikir, paran hang dikarepaken. Biyasahe sangsangan (sampiran) diomongaken aju dipedhot, serta hang diajak omong sing ngarti karepe buru dijelasaken maksude. Gedigu sak teruse, kaya dol tinuku aran Basanan lan uga Wangsalan.
   Serta wis wayah paneh utawa lare wadon mau nemu jodho, aran warung Bathokan mau uga milu bubar. Mergane sakat kawitan tujuwane kanggo ngelantaraken jodho anake, dudu kanggo nyukupi tambele butuh urip sedina-dina.
   Suwi-suwi warung Bathokan uwah. Sepisan hang ngedoli utawa ngadhepi warung mau dudu anake hang duwe warung, taping wong wadon liya hang mula megawe golet upah persenan. Bukake sing terima wayah nganteni panen, taping ana terus sak dawane mangsa. Hing maido saiki arane dadi elek, hing mung sukur panggonan wong dodolan kopi, malah hang tuku bisa nggeridho lan guthit-guthit hang dodol.

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf