Wong Using Nggoletaken Jodho Anake (Bagiyan 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 Juli 2026 06:05 WIB)
- Opini



Wong Using kelebu hang duwe wigati gedhi nang jejodhohane anake, utawa ngarep ana hang nerusaken keturunane. Akeh teradhisi-teradhisi hang digelar, terima kanggo ngelantaraken anake makene bisa jejodhohan. Makene gampang serawungan, makene gampang bisa ulih kanca urip lan aju dipungkasi umah-umah bareng. Umpamane Bathokan lan Geredhowan.

GEREDHOWAN
Sak liyane Warung Bathokan (belambangan.com 30/6/26), ana uga teradhisi Geredhowan ring Desa Cangkring Rogojampi lan Macanputih Kabat. Bedane, teradhisi iki hang nyurung lan dadi lemeke iku sariat agama Islam. Merga wong-wong ring rong panggonan mau akeh-akehe anake santri lan nyebar mondhok ring Pesantren. Mangkane kadhung wayah mengeti dina Muludan, anak-anake hang nyantri mau diundang mulih kabeh, merga digawekaken panggonan golet jodho hang aran Geredhowan.
   Geredhowan dianakaken tepak Muludan, utawa ulan Jumadilawal. Karepe kadhung ulan Mulud nemu jodho, aju ulan ngarepe diresmekaken dadi umah-umah bareng.   
    Wayah Geredhowan mau, saben keluwarga hang duwe anak wadon, lawange dibukak ambi sak akehe panganan dietokaken. Sapa bain ulih merdhayoh, taping jaman semono dhayoh lanang ambi hang duwe umah lare wadon dialing-alingi gedheg. Sing sak panggonan aju lungguh bareng, omong-omongan lan cekikikan. Dadi sopan santun lan adab agama dijaga temenan.
   Kadhung ana hang ngesir, biyasahe ring tengah omong-omongan mau lare lanang ngelebokaken semat ring sela-selane gedheg. Kadhung semat mau didudud aju ditoklek ambi lare wadon, iku pertandha kadhung welase diterima. Kadhung saiki kayane wis sing ana, merga umahe wis tembok kabeh.
   Tugase wong tuwek-tuwek, kudu tetep njaga teradhisi iki, aja sampek mbiluk adoh teka mula kawite. Wong Using iku mula geromyoh, murah unyik lan awehan. Merga wis teka ulan Mulud, masiya sing duwe anak wadon, iyane tetep olah-olah akeh ambi mbukak umahe. Kanggo mbantu dulur, keponakan ring desa liya, supaya bisa milu geredhowan.

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf