Wudao Ko, Rahaban ring Lebaran Imlek

Tirto Arum (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Februari 2021 06:50 WIB)
- Kuliner



Tau rungu unen-unen nganteni lebaran Cina? Cumpu lebaran Cina (imlek), paling using ring Hongkong, ana rahaban hang dadi ciri has, hang aran Wudao ko. Panganan iki biyasahe kanggo sembahyangan sakdurunge imlek lan kanggo rahaban sak marine sembahyangan. Panganan wudao ko iki bahan dhasare teka tales utawa lumbu hang diolah nganggo campuran sosis babi garing (lap jiong) kadhung hing mangan babi bisa disiluri sosis liyane, jamur cemeng (tungku, ring basa Kantone), lan daging babi hang ono gajihe (basa Kanton: lam jan yuk). Sak liyane rahaban iki kadung imlek biyasahe ning Hongkong uga ana lopak ko (jajan teka lobak putih), madai ko (jajan bengkoang banyu), siomay, malai ko (roti kukus hang diuweni gula abang), ling ko (jenang ketan hang digoreng ambi endhog kopyok).

Wudao ko lan lopak ko biyasahe digoreng nganggo lenga mung sithik bain utawa dikukus gedigu bain kadhung madai ko emeh padha ambi puding naming cara nggawene diuweni kurma abang, gula lan keci.
Naming ring Hongkong kadhung aran tales/lumbu, jeruk kam, jeruk kat, kembang anggrek mung ana ring mangsa mbedhiding (musim dingin) bain ring ulan Desember, Januari, Pebruari. Hing maido yaiku hang dienggo ring sembahyangan imlek hang mula tekane saben mangsa mbedhidhing. Buru marek sembahyangan biyasahe wong lanang wadon hang wis laki rabi nguweni angpao. Angpao dibuntel nganggo amplop abang hang duweni arti kebahagiaan masiya tah gedigu picis hang dadi isine macem-macem isine. Ana hang nguweni sepuluh dolar (kira-kira 20.000 rupiah), rong puluh dolar (40.000 rupiah) naming bisa uga hang isine akeh.


Kadhung hang bisa mangan babi lan arep olah, bahan wudao ko iku gedigi:
1. Tales utawa lumbu.
2. Jamur cemeng garing. 
3. Urang garing (ebi).
4. Gelepung beras lan maizena. 
5. Banyu 1.5 mangkok hang gedhi. 
6. Lap jiong utawa sosis babi kering (kadhung hing mangan babi bisa disiluri sosis liyane).
7. Lam jan yuk utawa daging babi hang ana lemone (bisa disiluri daging liyane hang akeh lemone).
8 Godhong bawang abang. 
9. Uyah. 

Carane olah:
1. Jamur cemeng lan urang diekum sampek empuk aju dicacah kasar. Gelepung beras lan maizena diuweni banyu, lap jiong lan lam jan yuk uga dicacah kasar gedigu bain, tales dicacah sak gedhene kuku, godhong bawang abang uga dicacah. 
2. Jamur, urang, lap jiong, lap jan yuk digangsa sulung sampek wangi, buru tales dicampur ambi banyu gelepung aju digerengseng sampek mateng, buru cemplungaken uyah lan godhong bawang. 
3. Kadhung tales wis mateng dideleh ring piring hang wis dioser-oseri lenga, aju diwejek sampek alus,  buru dikukus sepuluh menit. 
4. Dhung kukusan tales wis adhem bisa dilebokaken ring kulkas supaya awet. 
5. Kadhung sedurunge madhang jajan tales iki ambi sedulur, enake digoreng ulung nganggo lenga sithik bain makene rasane lebih enak. 

Imlek taun iki ana ring tanggal rolas Pebruari. Ring penanggalan Cina taun anyare iki kelebu taun kebo. Gong xi fat chai!

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum

Editor: Hani Z. Noor