Adat Turunan, Teka Turun Bandhul nang Mbuwang Jangan

Siti maesaroh (dipublikasikan pada Kamis, 22 September 2022 07:59 WIB)
- Opini



Indonesia iku negara kang sugih. Sugih alame uga budhayane. Salah sijine ya iku budhaya adat kang ana ring Banyuwangi. Isun ngaranine Adat Turunan. Kang dimaksud adat turunan iki adat kang diturunaken teka bapak nyang anake. Umume dilakoni tepak anake magih cilik utawa magih bayi. Adat iki mung diterusaken nyang garis keturunan lanang. Dadine, adat turunan iki pedhot teka anak wadon. Adat turunan iki kaya Turun Bandhul, Turun Kendhit, Sing Ilok Cukur, ambi Mbuwang Jangan.

Turun Bandhul, lare cilik kudu ditumpakaken bandhul utawa nyun-nyunan. Tujuwane lare mauka makene sing aleman, bisa anteng, lan sing pati nangisan. Saingga, wong tuweke bisa tandang gawe ambi momong.

Turun Kendhit, lare cilik dienggoni tali/sabuk ning wetenge. Tali iku digawe teka bolak kang umume werna cemeng ambi abang. Tujuwane makene lare mauka sing pati lara utawa mbedhedheg wetenge.

Sing Ilok Cukur, lare cilik kang sing ulih dicukur rambute sampek iyane bisa ngomong njaluk cukur dhewek. Lare kang duwe adat turunan sing ilok cukur sing bisa mara-mara rambute dicukur, biyasahe larene langsung warang, lara-laranen.

Mbuwang Jangan, intine mung mbuwang jangan, bisa jangan bening utawa jangan liyane. Taping adat iki kang rada akeh sarate. Ritual mbuwang jangan kudu dibarengi selametan. Ana dhalang kang mimpin selametan, kang nyampekaken cerita Bethara Kala lan cerita Nabi Yusuf. Sak marine dhalang nggendhing, lare mauka disalini penganggo anyar uga dipacaki, aju dipenekaken nyang andha tebu. Terakhir, larene diopahi kopat lumbung ambi kalung picis. Tujuwan selametan iku makene lare mauka seger, waras, uga selamet. Jare Mak Jamalah (82 taun) bengen tau ana uwong kang duwe adat turunan mbuwang jangan. Taping iyane sing nurunaken adat iku nyang anake. Akhire anake mauka serta gedhi lempod sing bisa melaku. Wis digawa mertamba ning endi-endi sing ana asile.

Isun kaju nyang adat turunan iki. Selawase urip ring Desa Gintangan sing tau rungu adat kang gedigu. Serta laki ulih wong lanang kang umahe ning Desa Tamansuruh, kalingana iyane nggawa adat turunan iku. Ya mesthi bain anakisun nuruni adat-adat kang kasebut mauka. Sayange adat iku saiki wis emeh luntur merga akeh uwong kang nganggep mohal lan sing percaya. Kudune adat iku tetep dilakoni lan dilestarikaken. Mula adat-adat iku tinggalane uwong bengen kang sejarah agamane Hindhu Budha. Naming, sing perlu ngundhet agama kadhung adat lan agama magih bisa dilakoni bareng. Aja percaya nyang barange utawa rituale, taping percayaa nyang tujuwane yaiku njaluk selamet nyang Hang Kuwasa liwat selametan adat mauka.

Sak Banyuwangi bain adat saben dhaerah beda-beda, paran maning sak Indonesia. Mula pantes diarani Indonesia Negara kang sugih budhaya.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor