Kuntulan Ewon Nggawe Kaju Menteri Pendidikan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 05 Mei 2026 06:23 WIB)
- Laporan
Gelaran tontonan kolosal Kuntulan Ewon kanggo mengeti Hari Pendidikan Nasional (Hardiknas) 2026 ring Kabupaten Banyuwangi, nggawe kaju Menteri Pendidikan Dasar dan Menengah (Mendikdasmen) Abdul Mu'ti.
Paran maning tepak kuntulane nggandhang lagu "Rukun sama teman" hang diciptakaken ring Menteri Abdul Mu'ti dhewek. Lagu hang aseline diaransemen ring Dwiki Darmawan iki biyasahe digawa ring lalare sekolah.
"Perayaan Hardiknas 2026 ring Banyuwangi iki dadi hang paling rame sak Indonesia merga bisa nyelarasaken kearipan lokal ambi semangat kemajuan pendidikan," jare Pak Abdul Mu'ti marek ndeleng 35 menit tontonan ring Taman Blambangan iku.
Aran Hadrah Kuntulan iki asale, jare ruwahe Wak Hasnan Singodimayan hang lulus teka Pondok Gontor, teka basa Arab, Hadara Kuntu Lailan (tekane wayah dalu). Aju ilate wong Banyuwangi ngunekaken dadi Hadrah Kuntulan utawa akeh-akehe mung kaucap Kuntulan.
Kanggone Banyuwangi, gelaran Kuntulan Ewon iki ya hang kawitan nampilaken kuntulan kelawan sokongan teka semene akehe wong. Biyasahe sak grup kuntulan iku mung ana pirangane penari lan iringan musik teka telung setel terbang (otek, tempal lan nelon) dadi totale 9, ditambah pantus 1, inthilan (lincangan)1 lan jidhor 1. Naming dina Sabtu tanggal 2 Mei sore iku dadi kolosal ngelibataken 522 lare panjak siswa, 20 panjak pendhamping, 27 sindhen lan 500 penari. Edheng? Gendhing-gendhing hang digawa ya umume gendhing kuntulan.
Urutan kawitan pembuka umpamane:
Assalamualaik zainal anbiya (Barzanji),
Assalamualaik alaika mirrobi (Barzanji),
Ya maasyirolmuslimin wal muslimat.
Aju tepak sesi Kuntulan ana: Sholatulloh salamulloh, Alloh lailahailallah (versi rodat syiiran), Allohumma sholli wasallim ala, Ya waliya hasanati (barzanji).
Ring wayah Kundaran ana Bismillah, Rukun Islam, Badatlana, Aja lali nggawa suwun nyang indhitan (rodat syiiran) lan Rukun (Sukun ya sukun).
Uga ana gendhing tambahan: Rukun sama teman lan Ya robbibil mustofa.
Pak Mu'ti ya nyampekaken apresiasi-ne nang Pemkab Banyuwangi hang ngejak para siswa nduduhaken potensine hang bisa nggawe nambahi rasa percaya nang awake dhewek uga ngerabuk rasa welas nang negarane naming tetep gandholan oyot budaya lokal.
Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani uga nyampekaken gok wayah Hardiknas iki sing mung nduduhaken majune pendidikan naming uga wadhah kanggo merujukaken rasa welas nang budaya dhaerah.
Teka gelaran Kuntulan Ewon, kene kepingin nduduhaken gok lalare Banyuwangi hing mung hebat ring akademik naming mituhu maroti oyot nilai budaya lan agama, jare Bu Ipuk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.