Administrasi Desa Banyuwangi Jaman Bengen Seperene

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 April 2024 07:17 WIB)
- Opini



Kelendi asale kumpulan wong bisa nggawe urusan pemerentahan ring Banyuwangi jaman bengen?
   Sedurunge ana administrasi pemerentahan, sak kelumpuk wong ngedegaken umah. Duwe tangga hang umahe parek, diwani tandha nganggo cara  kearifan lokal, yaiku hang bisa rungu teka pucuk siji nyang sijine, utawa hang ambune panganane bisa diambus ambi tanggane utawa bisa kerungu suwara kul-kul ditabuh.
   Ring dina mburi, perkembangane dadi disebut Dukuh utawa Dusun. Tepak ana administrasi pemerentahan, ana kelompok dusun lan dukuh hang disebut desa utawa kelurahan kelawan wates-wates hang wis ditengeri, umpamane kali, dalan utawa wit-witan.
   Aran desa iku bisa gabungane dusun utawa wit-witan hang ana. Setruktur pemerentahan hang sak tingkat ambi kabupaten dibantu ambi wedana lan wedana dibantu ambi pirang-pirang asisten lan mantri.
   Ring jaman kolonial, asisten wedana disebut camat. Tapi tepak jaman Jepang, setruktur nganggo basa Jepang yaiku Ken co, Son co, Ku co, Gumi co, lan ring jaman kemerdekaan, disingkat RT (Rukun Tetangga) dan RW (Rukun Warga).
   Pirang-pirang desa merujuk dadi kelurahan, hang maune dipimpin Kepala Desa, diuwah arane dadi Lurah.
   Sampek taun 1979, aran kerawat desa magih nganggo istilah hang dijuwut teka aran kuna.
   Kepala Desa disebut Petinggi, dibantu sekertaris hang arane Carik. Jare keterangan ring buku Nilai-Nilai Kemasyarakatan Pada Masyarakat Using di Banyuwangi (Depdikbud 1994-95), ngingsore Carik ana Kamituwo, aju Dinowo, lan hang paling ngingsor Kuwu.
   Kadhung sakat taun 1980, Carik dibantu kepala urusan (Kaur) Pemerintahan, Kaur Pembangunan, Kaur Kesra, Kaur Keuangan lan Kaur Umum.
   Sedheng ring ngingsore Kepala Desa ana Kepala Dusun, RW, lan hang paling ngingsor RT.
   Uga ring buku iku disebut ring Kemiren ana istilah "sekeluwarga" kanggo nyebut seduluran hang isine bapak, emak lan lare kandhung hang durung umah-umah.
   Istilah "keluwarga..." uga dienggo nyebut kelompok seduluran hang lebih wera, umpamane "keluwarga seputu" ana anang/adon, anak-anake lan putu-putune. Ana pisan hang nyebut "keluwarga tunggal embah". Kadhung diurut mendhuwur maning ana "keluwarga sebuyut" lan mendhuwur maning "keluwarga secanggah".
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasnan Singodimayan, Buku Enam Mata Tentang Banyuwangi