Andori, Nggawe Angklung Nerusaken Pegaweyane Kakik

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 07 Januari 2020 11:27 WIB)
- Laporan



Arane cekak, Andori (39 taun), tapi landung seru rekadayane hang wis moncer sampek tekan manca negara. Wong enom teka 2 anak warga Jambean, Glagah Banyuwangi iki, sak liyane panjak tabuhan Banyuwangi, uga bisa nggawe angklung, kendang lan perangkat tabuhan has Banyuwangi liyane. Sing akeh panjak tabuhan Banyuwangi, hang uga bisa nggawe, ngelaras sampek ngunekaken.

Andori utawa celukane Dori, ngaku terima lulusan SD. Sakat cilik mula nyerewedi kakike aran Sae hang dadi tukang nggawe gamelan banyuwangian jaman sak mono. Malah kawitane Dori dianggep nyerintungi wong megawe, angger takon nang kakike sing tau direken malah kerep diurak kongkon ngalih. "Ruwahe Kakik kaget, serta Isun bisa nggawe angklung kaya hang digawe Kakik. Alae Isun mung nyawang lan ngemati terus, aju sun tiru. Merga kadhung takon kerep diuwel. Waktu iku Isun magih kelas 3 SD, asile angklung gawenanisun dienggo memengan sak kanca sampek rosak", jare Dorik hang ditemoni riing umahe.

Masiya kakike nggawe angklung cara tradhisional, alat-alat ya paran anane. Saiki Dorik wis nganggo alat semi modern kaya hang diduweni tukang jalan saiki, naming carane ana hang beda kadhung dibandhingaken ruwahe kakike. "Ruwahe Kakik kadhung nyurut jajang memburi nyang arah selangkang, pas jajang hang wis dadi patrol mentahan mau dilaras. Kadhung ruwahe kakik mung nganggo perasaan nggoleti nada utawa uni, Isun saiki iki dibantu ambi alat tuning. Merga pesanan saiki sing terima 13  wilah, naming 15 wilah kanggo ngiringi gendhingan. Kadhung angklung bengen terima digawe tabuhan caruk, sonder ana hang nembang", gedigu jelase Dorik.

Lakine Leni Ekawati (38 taun) iki nambahi iyane emong kejiret nang masalah wilah 13 apa willah 15 larasan Banyuwangi. Kanggone Dorik hang penting wis ngerti kelorone lan bedane, duduk wangkod-wangkodan mbelani wilah endi hang aseli lan wilah endi hang kudu diedohi. "Nggarahi iku, saiki angklung utawa gamelan Banyuwangi kan dienggo ngiringi gendhingan, mesti bain njuwut wilah hang 15, kadhung tetep nganggo wilah 13 bisa kepelanting hang nembang", gedigu alasane Dorik apuwa saiki akeh-akehe kanggo wilah 15.

Panggonan utawa workshop Dorik nggawe gamelan manggon ring umahe wong tuweke hang ana ring sebelahe. Ana pekarangan sing wera, keneng dienggo mepe jajang bakalan angklung. Kadhung ana pesenan akeh, Dorik ya sing kangelan golet tenaga kanggo mbantu. "Kadhung gamelan saron, selenthem hang teka wesi, Isun tuku lan milih dhewek wesine. Serta marek dikethok ambi ukuran hang sun karepaken, engko Sun laras dhewek. Aju disepuhaken nang pande, kanggo ngunci larasan mau", terange Dorik hang wis tahu keliling donya nyang Prancis lan Jepang merga tabuhan iki.

Pegaweyane Dorik sak suwene iki kadhung ana pesenan, embuh iku kelompok uga lembaga lan instansi pemerintah. Ana telung macem tukang hang diajak megawe bareng, yaiku tukang ukir kayu nggawe wadhahe angklung lan gambar lan pande wesi. "Naming kabeh mau, megawe madhakaken ambi nyang hang pesen. Isun ngerti, kadhung ukiran, gambar lan ancak angklung wis beda ambi bengen. Kelendi maning hang pesen njaluk gedigu, kadhung ana hang pesen padha angklung model kuna, wesine super, jajange hang apik lan ukiran kan berahi, kabeh bisa sun turune waton bisa nyanggupi nyang regane", jelentrehe Dorik hang uga bisa ngendang lan nyuling, sak liyane nabung angklung.

Kepingin Tambah Gedhe

Usahane Dorik nggawe gamelan has Banyuwangi, uga wis kecathet nang Usaha Dagang (UD) Sumber Langgerng Laras Ati. Iki kanggo njagani kadhung ana instansi utawa lembaga pemerintah hang pesen, kudu kecathet usahane. Pesenan sak liyane teka njero wilayah Banyuwangi, uga wis akeh teka wilayah ring Indonesia, utamane teka Ikawangi (Ikatan Keluarga Banyuwangi) hang nyebar ring endi-endi daerah. "Malah gamelanisun wis nggadug nyang Perancis, wayah Isun diundang mentas ring kana ambi nggawa gamelan dhewek hang wis dipesen pemerintah. Marek iku gamelan Banyuwangi komplit sak perangkat ditinggal ring Kedutaan Indonesia kanggo Perancis", tambah bapake Eka Sandi Wintasari (16 taun) lan Khalih Puja Raya (6 taun) iki.

Sak jerone nguri-nguri kesenian aseli Banyuwangi, ambi nggawe gamelan iki, Dorik ya kepingin seru nggedhekakan usahane. Kaya adate wong-wong tradhisional, bunci hang dienggo ngembangaken iku dadi masalah dhewek "Ya akeh lembaga utawa instansi pemerintah hang nawani bunci, tapi Isun kudu nggawe proposal macem-macem. Wong atase lulusan SD dikongkon nggawe macem-macem, kadhung niyate arep mbantu endane sing bisa digampangaken sarate. Kan usahanisun wis weruh dhewek, panggonan ya wis ana. Nawi butuh jaminan, ya keneng ketang sertifikan lemah sak keluwek ya ana. Sampek seperene nana maning hang duwe kawigaten, kanggo nggedhekaken pegaweyanisun iki", jare Dori kaya wis sing duwe pengarep-arep maning nyang rekadayane pemerintah.

Kadhung sing ana pesenan angklung, Dorik kerep diajak kondangan tabuhan ambi kanca-kancane. Merga Dorik meh kabeh bisa nabuh paran bain alat tabuhan has Banyuwangian, makane gampang seru nyukupi paran panjak hang dibutuhaken. "Sak suwene iki, hang pesen sing ruwed lan gelem mbayar rega larang, merga bahan hang dijaluk pilihan, iku ya mung swasta lan kelompok kesenian. Kadhung hang pesen pemerintah, utawa instansine, bek nggatel ati. Bandane cupet, taping njaluke bahan-bahane hang super. Gedigu wis sepakat nyang rega, naming kuitansine njaluk ditulis lebih. Selisihe bisa sampek Rp. 5 juta lebih. Kadhung iku dibayaraken kabeh, sakjane bisa ngasilaken gamelan hang apik", pungkas Dorik ambi getune sing mari-mari. 

Mengarep, Dorik kepingin seru nduwe panggonen wera kanggo tandang gawe nawi ana pesenan akeh. Kadhung tenaga wis cemawis ring kiwa tengene Glagah, rata-rata wis ana kepenteran nggawe lan nyerut jajang uga tandang gawe kanggo kebutuhan gamelan. Ramene acara kesenian ring Banyuwangi, mesti bain butuh gamelan akeh dienggo ngiringi. Naming durung ana kawigaten hang gedhe nyang pengrajin gamelan hang kahanane kaya isun iki. Muga-muga pejabat hang wenang ring Banyuwangi, bisa nguweni dalan mane padha-padha melaku", pengarep-arep Dorik pungkasan.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf