Antologi Puisi/Gurit Arep Terbit Telung Basa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 02 Desember 2024 10:57 WIB)
- Dari Redaksi



Kadhung wong Banyuwangi dikongkon nggawe gurit kanggo mengeti dina dadine Banyuwangi, kelendi kira-kira metune?
   Hing maido rata-rata metune sak ubengane perang tanggal 18 Desember 1771. Merga tanggal iku ya mengeti perjuwangane embah buyut bengen, hang dipimpin Rempeg Jagapati, ngalahaken tentara Landa dibantu tentara bayaran teka Medura lan Jawa, kelebu pasukan elit De Dragonders teka Semarang.
   Topik liyane rata-rata bab kaendahan alame, tanah kelairan lan topik hang diinspirasi teka gendhing Umbul-Umbul Belambangan.
   Ana hang ngartekaken gok Belambangan iku setemene teka banyu hang mbelambang, ana pisan sejarawan Mas Aji Ramawidi hang niteni tanggal hang cocog kanggo dina dadine Banyuwangi sakmarine mbandhingaken kabeh tanggal hang tau diusulaken.
   Teka penyair hang ulan Oktober sore nang Banyuwangi milu Jambore akeh hang nulisaken endahe Banyuwangi lan pengalamane kesemplok suwuke Banyuwangi.
   Ana 56 wong hang milu nulis puisi/gurit arep didadekaken antologi hang nduweni judhul Serampai Kata Blambangan. Sapa bain bisa milu nulis puisine/gurite kanggo buku hang arep dihadhiyahaken kanggo dina dadine Banyuwangi kaping 253.
   Masiya wektune mung rong minggu naming akeh hang semangat milu. Ana lalare hang magih sekolah SMP, ana hang mula kuliyahe nong jurusan sastra, sampek nang sasterawan hang saben dinane sastera wis ibarate kaya sega jangan kanggone iyane.
   Hang milu ngirim dudu mung wong Banyuwangi, naming ana pirangane sasterawan hang sore milu Jambore Sastra Asia Tenggara. Ana hang teka Mojokerto, Yogya, Bandung, Bekasi, Bengkulu.
   Rata-rata penyair teka Banyuwangi ngirim sak judhul basa Indonesia lan sak judhul liyane basa Using. Kejaba wong-wong hang saben dinane wis nulis nganggo basa Using kaya Moh. Syaiful, Satria Pujangga, Anshorik, Nur Holipah, lan Heri Iskandar. Wong-wong iki ngirim rong judhul basa Using kabeh.
   Tepak diumumaken, antologi iki nerima puisi (nganggo basa Indonesia) utawa gurit (nganggo basa Using). Cumpune ana pisan penyair hang milu Jambore teka Mojokerto hang ngirim puisine nganggo basa Jawa, yaiku Zickyn Chan. Dadi basa hang dienggo ring antologi iki ana telu,  Basa Indonesia, Jawa lan Using.
   Iki daptar penulise teka inisial A sampek Z: Aguk Wahyu Nuryadi, Agus Takariyanto, Aida Aristia, Akmal Rahman Hanif, Alif Maulana, Altsurayya Asshofia Bintang Soemarsono, Andisep Kurniawan, Ansorik, Antariksawan Jusuf, Azkia Millah Rayana, Bambang Widiatmoko, Begawan Tjiptoroso, Bety Lutviyanti, Cahyo Utomo, Dian Pratama, Eko Budi Setianto, Erhan Juhara, Heni Kurniawati, Heri Iskandar, I Putu Indra Ramadinta, Ilham Triadi, Iskak Basuki, Ithonk Mulyadi, Iwan Aziez Siswanto S, Juprian Ahmad Andi, Kang Ujik, Kanti Rahayu, M. Hidayat Aji Ramawidi, M. Syahrul Shobirin, Merawati May, Moch. Nur Rofiq, Moh. Aqil, Moh. Syaiful, Mulyadi J. Amalik, Muttafaqur Rohmah, Naila Taqiyyah, Nani Asiany, Nesya Yasmin Amalia, Nuhbatul Fakhiroh Maulidia, Nur Holipah, Nur Khoirun Ilayya, Prastono Santoso, Rifqi Wardatul, Roy Frans Sidabutar, Satria Pujangga, Sausan Al Ward, Siti Maesaroh, Siti Nikarandu Chairina, Triwulaning Purnami, Tsabita Uslah, Xball Ariyasa, Yeti Chotimah, Yusup Khoiri, Zabidi Yakub, Zakiya Rusdah, Zickyn Chan


  
  
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor