Novel Agul-Agul Belambangan Dicetak Maning
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 04 Februari 2025 08:20 WIB)
- Dari Redaksi

Magih enget karya sastra Using arupa novel dwi basa Agul-Agul Belambangan karyane Moh. Syaiful hang menangaken hadhiyah Rancage 2017? Cetakan kawitan taun 2016 iku wis entek sakat kapanane. Merga akeh hang njaluk, kelebu mahasiswa-mahasiswa hang arep ndadekaken novel iku bahan penelitian, cetakan kang kaping pindho ulan iki bisa ditemoni maning.
Sakat minggu sore proses cetakan novele wis dikawiti. Isine hing ana tambahan paran-paran. Mung teka penerbite ana tambahan Ater-ater kanggo cetakan kepindo, jare penulise Moh. Syaiful.
Tepak rungu gok karya sastra Using Agul-Agul Belambangan hang dianggit nyang Moh. Syaiful menang hadhiyah sastra Rancage, Wakil Ketua Umum Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Kang Hasan Basri abane rada hing kakaruwan: girang taping ya nelangsa. Girang kerana karya nganggo basa using ulih penghargaan, nelangsa kerana sastra Using dilebokaken nyang kategori Jawa.
“Iki padha bain ambi angin lesus kanggo basa Using,” jare Kang Hasan Basri, hang kerep diceluk Kang Son. “Tepak basa Using berjuwang nggoleti sasaran, angine teka.”
Hang dikarep berjuwang nggoleti sasaran iku pengakuwan gok Basa Using iku dianggep salah sijine basa, dudu dialek Jawa.
Yayasan Kebudayaan Rancage, masiya ngakoni gok ana debat ring panitia ngenani setatus basa Using, minangka dadi basa apa dialek, pungkasane ngakoni gok panitiya njuwut penemu yaiku aturan hang legal formal arupa Peraturan Gubernur. Pergub iki ngelebokaken Using minangka dialek basa Jawa kaya dialek Banyumas, Cirebon, Tegal lan liya-liyane.
Peraturan Gubernur Jawa Timur (nomor 19 tahun 2014) hang Bab I Pasal 1 no. 9 nyebut:
“Bahasa Daerah adalah bahasa yang digunakan secara turun-temurun oleh masyarakat Jawa Timur yang terdiri dari bahasa Jawa dan Bahasa Madura”, artine jelas gok basa Using mung kelebu salah siji dialek Basa Jawa.
Nelangsa hang dirasakaken Kang Son, nawi ya kurang lebihe padha hang dirasakaken wong Banyuwangi liyane. Cuma sayang, basa Using magih digawe bahan bengekerengan hing marek-marek ring antarane wong Banyuwangi dhewek. Kelendi arep melaku bareng dadi siji kekuwatan gok nong njerone bengkerengan bab cilik hang sing ana gunane.
Ibarate, Indonesia magih tepak dijajah Landa, lan suku-suku hang ring nusantara magih dhemen perang dhewek, kelendi arep ngusir penjajah? Malah ana bibit-bibit hang nggawe cikal bakal bengkerengan sapadha-padha dikepeti wawane makene dadi geni hang ngobong.
Ring kasus iki mesthine digoleti cara kelendi maju bareng ngelawan hegemoni pemerintah Jawa Timur misale.
Muga-muga kelawan anane cetakan kepindho novel Agul-Agul Belambangan iki bisa nambah rumange jagad sastera Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.