SKB Ngajak Nulis Antologi Cerita Cendhek Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 September 2025 07:03 WIB)
- Dari Redaksi
SKB Ngajak Nulis Cerita Cendhek Using
Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ngajak sapa bain hang gelem nguri-uri basa Using kanggo milu nulis cerita cendhek hang arep diterbitaken ring ulan Desember.
Taun sore SKB wis nerbitaken antologi bareng gedigi naming isine gurit, wujude arupa buku hang nduweni judhul Serampai Kata Blambangan hang dipiloni 50 lebih wong.
SKB taun iki Insyaalloh bisa nggawe antologi cerita cendhek basa Using.
Cerita cendheke hang arep dikelumpukaken iki diwatesi mung sampek pitung halaman, spasi rangkep, nganggo jenis hurup Times New Roman, ukuran 12. Naskahe dikirim nang email: [email protected] paling kasep tanggal 10 Oktober.
Apuwa kari adoh wektune nong dina peluncurane? Nerbitaken buku hang nganggo ISBN (International Serial Book Number) saiki merlokaken mangsa kira-kira lebih sak ulan kanggo ngurus nomere. Durung maning ngedhit lan nyetak bukune.
Naskah hang diajokaken nang Perpusnas kudu naskah hang wis dadi (wis diedhit), wis arupa buku nganggo samak ngarep mburi, daptar isi, wis dipajang ring tukuk online kaya buku hang wis ana ring pasaran.
Dadi ana peroses dawa sak mareke kabeh naskah diterima ring Tim SKB.
Ana pitakonan, endane kabeh naskah diterima lan dilebokaken buku? Ya wis anjerahe nggawe paran bain, hang dipilihi lan hang melebu bukune ya naskah hang apik. Mesthi ana peroses kurasi. Umpamane hing ulih nyenthok SARA (suku, agama, ras, antar golongan).
Sarat liyane sak penulis mung ulih ngirim sak judhul lan nganggo "Surat Pernyataan Keaslian Karya" nganggo materai. Surat Pernyataan iki bisa diunduh ring belambangan.com
https://belambangan.com/berkas-pendukung/SuratKeaslianKarya.pdf
Mayo gancang nulis lan ngirim karyane. Masiya sithik naming milu nguri-uri warisane embah buyut.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.