Serampai Kata Blambangan Dipeleciraken Tanggal 22 Desember
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Desember 2024 06:52 WIB)
- Dari Redaksi

Buku kumpulan puisi/gurit hang dielungaken kanggo dina dadine Banyuwangi kaping 253 arep dipeleciraken dina Minggu 22 Desember 2024.
Kadhung ndeleng wara-warane arep dianakaken ring Nidom Coffee Outlet ring Jl.HOS Cokroaminoto 71, ngarepe Dinas Sosial. Kadhung teka perapatan Cungking anane ring kiwane dalan.
"Mendhung derem gedigi, cocoge kadhung wong Banyuwangi suguhane sega cengkaruk dienggo suguhane. Paran maning ana kerawu lan pindhang goreng," jare Kang Nidom hang duwe panggonan.
"Engko cemilane ana dhanggoreng lan tahu walik," tambah Kang Nidom hang produksi kopine diwani merek Yhaiku.
Hing lali mula kopine. Kang Nidom iki salah siji pegiyat perkopian ring Banyuwangi kang kadhang ngajari komunitas-komunitas kanggo meroses kopi kelawan cara teradhisional, nyangrai nong ndhuwur bengahan lan wajan lemah.
"Muga-muga para penyair bisa nerima," jare Kang Nidom.
Hang disebut para penyair iku wong-wong kang milu nulis ring buku antologi hang nduweni judhul Serampai Kata Blambangan. Sapa bain bisa milu nulis puisine/gurite kanggo buku hang arep dihadhiyahaken kanggo dina dadine Banyuwangi kaping 253. Ana lalare hang magih sekolah, ana hang mula kuliyahe nong jurusan sastra, sampek nang sasterawan hang saben dinane sastera wis ibarate kaya sega jangan kanggone iyane.
Hang milu ngirim dudu wong Banyuwangi thok, naming ana pirangane sasterawan hang sore milu Jambore Sastra Asia Tenggara.
Tepak diumumaken, antologi iki nerima puisi (nganggo basa Indonesia) utawa gurit (nganggo basa Using). Cumpune ana pisan penyair hang milu Jambore teka Mojokerto hang ngirim puisine nganggo basa Jawa, yaiku Zickyn Chan. Dadi basa hang dienggo ring antologi iki ana telu, Basa Indonesia, Jawa lan Using.
Iki daptar penulise teka inisial A sampek Z: Aguk Wahyu Nuryadi, Agus Takariyanto, Aida Aristia, Akmal Rahman Hanif, Alif Maulana, Altsurayya Asshofia Bintang Soemarsono, Andisep Kurniawan, Ansorik, Antariksawan Jusuf, Azkia Millah Rayana, Bambang Widiatmoko, Begawan Tjiptoroso, Bety Lutviyanti, Cahyo Utomo, Dian Pratama, Eko Budi Setianto, Erhan Juhara, Heni Kurniawati, Heri Iskandar, I Putu Indra Ramadinta, Ilham Triadi, Iskak Basuki, Ithonk Mulyadi, Iwan Aziez Siswanto S, Juprian Ahmad Andi, Kang Ujik, Kanti Rahayu, M. Hidayat Aji Ramawidi, M. Syahrul Shobirin, Merawati May, Moch. Nur Rofiq, Moh. Aqil, Moh. Syaiful, Mulyadi J. Amalik, Muttafaqur Rohmah, Naila Taqiyyah, Nani Asiany, Nesya Yasmin Amalia, Nuhbatul Fakhiroh Maulidia, Nur Holipah, Nur Khoirun Ilayya, Prastono Santoso, Rifqi Wardatul, Roy Frans Sidabutar, Satria Pujangga, Sausan Al Ward, Siti Maesaroh, Siti Nikarandu Chairina, Triwulaning Purnami, Tsabita Uslah, Viefa, Wahyu Rizki Kurnaini, Xball Ariyasa, Yeti Chotimah, Yusup Khoiri, Zabidi Yakub, Zakiya Rusdah, Zickyn Chan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.