Apresiasi Gendhing: Ining-Ining Es (Bagian 3 pungkas?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Maret 2025 09:26 WIB)
- Opini



JAWIL-JAWIL
Aja jawil-jawil kang
Aja cethut-cethut
Kadhung wis kenalan rika ya hang sopan
Jajalen delengen ring kiwa lan tengen
Kadhung ana hang ndeleng masa ya sing sungkan
Ref.
Aja rika anggep anggep isun wong murahan
Aja semberana lan sing duwe duga
Aja rika rika anggep kang isun wong murahan
Aja semberana lan sing duwe duga

Gendhing katelu judhule "Jawil-Jawil", gendhing iki sak durunge kaya wis tau digawa ambi Sumiati ring Album Kendang Kempul "ARBAS" (Arek Banyuwangi Selatan) Genteng pimpinan Bung Sutrisno. Isine gendhing iki uga magih masalah "eksistensi" kesopanan wong lanang nyang wong wadon. "Sopan Santun" jaman semono magih dijunjung temenanan lan magih dadi tuntutan umum. Wong sing gelem disepelekaken, kelebu lare wadon masiya dhemen taping carane kudu sopan.
Gendhing tahun akhir 1979-an iki, kaya ngengetaken nang Lagu "Cubit-Cubitan" Koes Plus (kadhung sing salah). Isine mung nyeritakaken lare lanang wadon, kanggo cara cethut-cethutan kadhung arep kenalan. Naming ring gendhing "Jawil-jawil" iki, penganggit nyeritakaken sing terimane lare wadon kadhung digedigokaken.
Regane awak (harga diri) magih dadi tema gendhingan jaman semono, sing gampang kepilu ambi obahe jaman. Damakena ambi gendhing "Isun Lamaren" hang digawakaken Mbok Sumiyati. Intine lare wadon mau sing gelem kadhung terima dijak melaku-melaku sedurunge ana tetalenan aran bakalan liwat lamaran. Iki hang dijunjung temenan ring penganggit gendhing jaman semono.
 
SIR
Sir masiya sir aja kari dipikir
Katon koncar-kancir gelem tah kang ditaksir
Neng duwe seneng aja mung rika sidhem
Deleng tah kalir pikire makene ayem
Ref.
Rika aja isin terus terang bain
Raina bengi mbatin tuwas dadi gering
Rika aja isin terus terang bain
Raina bengi mbatin tuwas dadi gering
 
Gendhing kepapat judhule SIR, magih nyeritakaken 'kasmaran', yaiku hubungan antane lare enom lanang wadon. Gendhing iki magih mecungul paran anane, kaya gendhing sedurunge. Milih basanan rong barisan, malah cendhek temanan sak lagu. Bagian ref dibaleni maning, praktis mung rong baris, merga rong baris ngisor mbaleni rong baris ndhuwure.
Karepe gendhing SIR iki mau, kadhung kasmaran dipikir temenan,. Aja seru-seru tiwas engko gering awake, uga ngukur sapa sira-sapa isun. Pantes tah ngesir nang lare hang disenengi mau, kadhung nana nanggep yara tiwas isin. Ale wis dibatin raina bengi. Cara nembang magih ketara seru kadhung dudu wong Using.
 
ARUM MANIS
Arum manis gulane roti eman
Kolang-kaling digawe manisan
Kudu nangis rasane ati eman
Kadhung enget magih bakalan
Gedhang mateng ya rika suwun eman
Gedhang ijo dipangan munthung
Kebangetan ya awakisun eman
Nana jodho bakalan wurung
Ref.
Isun dhemen rika wis dhemen eman
Kari-kari nemu alangan
Kudu sabar rasane ati eman
Duwe karep sing kelaksanan
Gedhang mateng ya rika suwun eman
Gedhang ijo dipangan munthung
Kebangetan ya awakisun eman
Nana jodho bakalan wurung

Gendhing pungkasan hang dadi judhul album iki, yaiku ARUM MANIS. Gendhing arupa Basanan petang baris iki, sedurunge wis tau digawa almarhum Alif S. ring album Arbas bareng mbok Sumiyati. Ring bait kepindho baris keloro, penyanyi keliru ngucap, arep ngomong "munthung" keliru 'mumuk'. Taping ring ucap sakteruse wis kasebut rada bener, masiya durung tepak seru.
Mula kudu titen lan cerewet, kadhung rika arep njaga lan nguri-uri basa Using, kelebu ring gendhingan iki. Kadhung nana hang niteni, rumangsane barang hang kurang tepak dianggep paling bener, kadhung iku wis nyebar nang masarakat sara dibilukaken maning. Munggane tah pihak-pihak 'terkait' lan hang duwe kuwasa ring Banyuwangi gelem ngewani tambahan ilmu basa Using nang para penganggit gendhing. Aja sampek barang hang wis kadhung lan anjerah, aju dirucesaken maning. Kadhung iku hang kedaden, engko malah dianggep golet-golet kesalahane.
Kadhung gelem jujur, akeh gendhing-gendhinge lare Banyuwangi kidulan hang wis anjerah sak Nusantara saiki, akeh salahe kadhung milih ujar. Sing terima ujar Jawa hang dilebokaken, taping uga ujar basa Indonesia. Ale kadhung gelem belisak-belisak, gelem juger-juger nang masarakat Using ring kampung-kampung, magih akeh ujar hang pas lan bisa nguweni rohe gendhing mau dadi lan apike.


 Hasan Sentot

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor