Arak-Arakan Lare Sunat Ring Banyuwangi
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 07 April 2022 09:01 WIB)
- Opini
Lare Using hang sunat biyasahe diarak. Ngarake nganggo jaran kencak utawa nganggo grup barong, hang penting diarak keliling kampung. Hun tau niteni arak-arakan ring dhaerah kalibaru ambi nong dhaerah Banyuwangi kutha. Nang rong panggon iku ngarak lare sunate modhele padha yaiku mung ngundang siji kesenian barong hang ana ogoh ogohe. Cukup gedigu bain wis meriyah lan bisa nyenengaken hang sunat lan hang ndeleng.
Ana maning ring dhaerah Cluring, ana arak- arakan lare sunat digawa ring kereta jaran aju diiringi ambi grup terbang kuntulan. Akeh maceme pokok wis hang penting rame lan diarak. Kadhung ring Benelanlor kecamatan Kabat gedigi ururt-urutan ngarake:
Hang hun weruhi arak-arakan lare sunat iku ana 6 barisan, yaiku:
1. Barisan bendera
Benderane iku teka tengahe godhong kolang kaling dienggo cekelane aju ring pucuke ana kates enom kanggo ditancebi ambi semat hang direngga kertas hias utawa kertas krep (kaya rambute ondel-ondel jakarta). Bendera iku saben melaku ngawali arak-arakan wis akeh wong tuwek utawa lare hang kepingin njaluk anane semat hang dihiyas mauka embuh kanggo anake, kancane utawa ya dienggo dhewek. Pokok dhemen bain wis bisa ulih semat hiyas muka.
2. Barisan grup barong
Grup barong iku biyasahe manggon ana ring nomer loro mburine hang nggawa bendera. Taping kadhang dhung tuan rumah ngundang lebih teka siji barong lan ring desane tuan rumah ana kesenian baronge ya hang kesenian barong sak desa ambi tuan rumah hang dideleh nong ngarepe kesenian barong teka njaba desa. Uga ana hang miloni perkembangan jaman, kesenian baronge dideleh mburi dhewek.
3. Barisan jaran kencak
Barisan iki mesthi dipimpin ambi hang sunat, bengen iku jaran telu sampek limang jaran bain wis dirasa akeh lan rame.
4. Barisan grup terbang jidhoran uatawa terbang kuntul
Barisan terbang iku paceke diundang kanggo ngiring jaran kencak makene njuged sak dawane dalan hang diliwati kanggo ngarak lare sunat.
5. Barisan lalare cilik nggawa long jajang
Hing paham gok bisa dianakaken, dhung wis wayah barisan iki liwat. Wong tuwek tuwek hang getap ambi suwarane hususe hang kagetan padha nguwel, “aja ndak dicolok sulung!”, gedigu warahe nyang lalare cilik mauka. Jemedhore hang wanter nggawe girang lalare cilik hang nggawa. Biyasahe diuwot ambi gerobak hang wis dihiyasi ambi kethokane jajang hang magih ana godhonge. Dihiyas kayadene montor perang nong alas.
6. Barisan becak
Barisan terakhir iki yaiku lalare cilik hang sing wani nunggang jaran lan kepingin ngetutaken arak-arakan. Para bapak hang nyetir becak iki biyasahe becake dhewek dihiyas nganggo kain tapih/sewek hang dibuledaken nong wesi-wesi ndhuwuran lan pinggirane becak makene katon ana wernane teka kain jarite muka. Kadhang tepak melaku ana becak hang kosong hing ana hang ngisi, taping sak melakune arak-arakan para tukang becak mauka padha tawa-tawa nyang hang ndeleng nawi gelem nitipaken anak-anake nyang iyane makene anake girang bisa nututi arak-arakan. Lan sak gandhengane becak ring mburine uwong-uwong hang nunggang sepidhah montor. Iku biyasahe wong-wong hang ana kaitane ambi lalare cilik hang nunggang becak mauka, embuh iku kakange, emboke, apake, utawa emake.
Perkembangan jaman suwen-suwene, ring desanisun akeh hang dhemen nong drumband lalare sekolah embuh iku lare TK, SD/MI, SMP lan SMA, hang penting bengen ana hang ngawiti. Hun lali sapa arane hang ngundang, pokok milu dadi penilaian ambi wong-wong hang deleng hang suwi-suwi milu-milu ngundang grup drumband lalare sekolahan. Ketambahan barisan drumband ring njerone arak-arakan ndadekaken variasi barisan lan ngeramekaken acara arak-arakan mauka uga tambah rumang.
Sakliyane drumband, suwi-suwi ana odhong-odhong. Saktemene odhong-odhonge mung siji ya duwene uwong desanisun dhewek. Biyasahe odhong-odhong disewa pisan kanggo milu arak arakan makene dadi tunggangane lalare cilik hang magih piyik sekitar umur 2-4 taun.
Aju ana maning perkembangane yaiku jumlah jaran kencak hang ngelebihi limang jaran. Bab iku kaya wis dadi angenane dulur, kanca lan tangga dhung ana hang arep sunat padha daptar kepingin milu nunggang jaran. Masiya gedigu hang nyewa dudu hang duwe ewuh naming ya hang arep nunggang jaran iku dhewek. Posisi barisane biyasahe milu nong barisan jaran kencak embuh dideleh nong ngarepe utawa mburi dhewek. Serta ring taun-taun iki sekitar 2019 gadug seperene ana hang dadi BEC-BEC an kanggo umum sapa hang gelem dandan gedigu uga dideleh nong barisan sakmburine barong utawa ring ngarepe barisan jaran kencak. Mari digu ring sekitar taun 2020 wis ana maning husus lare-lare cilik lanang padha didandani modhel jaranan buta. Iku dideleh nong barisan ngarep jejer ambi bendera hang mimpin arak-arakan. Biyasahe hang dandan gedigu iku kanca-kancane hang sunat.
Mung sayange wis akeh hang ditinggal teka jamanisun cilik bengen, yaiku anane ondhel-ondhel hang wis hing ana maning, padha diuri-uri ogoh-ogohe saben grup barong. Kerana isun hing weruh maning grup barong endi hang magih nganggo ondhel-ondhel. Bengen iku ana kesenian barong teka Desa Bunder arane “Eko Proyo” uga grup barong Desa Gombolirang arane “Karya Budaya Bhakti” iku salah siji conto kesenian hang bengen ana ondhel-ondhele. Sak liyane iku, hang wis ilang bendera teka semat hang dihiyas nganggo kertas krep. Saiki padha golet enake yaiku terima njuwut empange wit kolang kaling aju disisani pucuke hang ana godhonge mari digu diuweni selembar kain selendhang. Iku wis cukup saiki iki dinggo ngarak. Alae apikan bengen. Hun sukuri bain magih ana hang nganggo modhel kaya bengen ring pirangane arak-arakan sabene iki.Terus hang ilang maning anane becak hang dihiyas kain jarik wis padha luntur, saiki becak-becak thok hing ana hiyasane hang langsung dienggo milu nututi arak arakan.
Mula budaya iku dinamis, hang penting karepisun iku welurine aja sampek ilang uga hang nemen dilalekaken. Minimal diduduhaken nong anak putune makene bisa lestari masiya mung tradhisi ngarak.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor