Arja Blambangan, Kutha Nagari Belambangan 1705-1764 (Bagiyan 2 teka3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Maret 2025 08:30 WIB)
- Opini
-99711.jpg)
ARJA BALAMBANGAN RING ALAS KEBRUKAN:
KUTHA-NAGARI BALAMBANGAN (1705-1764) (Bagiyan 2 teka 3)
Ditulis ring Hidayat Aji Ramawidi
Saiki magih bisa ndeleng anane Dusun Kedaleman ring Desa Gladag lan Desa Lemahbangdewa hang padha-padha ana ring Kecamatan Rogojampi. Karo-karone desa iku mau parek ambi Dusun Lateng ring Desa Gladag. Mula iku bukti gok Kota Lateng dudu Kuthanagari-ne Prabu Danureja, tapi Kuthanagari-ne Dewa Kabakaba.
Aju penemu nomer telu yaiku teka Samsubur ring buku ‘Sejarah Kerajaan Blambangan’. Samsubur nulis Kuthanagari Kebrukan ana ring Muncar, merga ana jejak-e hang rupa Situs Umpak Sanga. Samsubur nulis;
“Blambangan sebagai nama kota pusat pemerintahan adalah baru. Baru sejak Pangeran Danureja memegang tampuk pemerintahan. Beliaulah yang memerintahkan untuk membangunnya. Untuk mendekati lalu-lintas pelayaran di Selat Bali, daripada di Wijenan dekat Gunung Raung. Dan nama Blambangan ini sampai sekarang masih terus dipakai sebagai nama desa di Kecamatan Muncar… Kutha Blambangan ini, menurut Babad Tawangalun, semula adalah rimba Kebrukan…”[5]
Ring buku iku, Samsubur nulis gok Desa Blambangan lan Desa Tembokrejo ring Kecamatan Muncar hang ana saiki, iku hang dimaksud ring Babad Tawangalun Alas Kebrukan ring jaman Prabu Danureja iku.
Sak liyane teka buku-buku iku, Penulis aju mbandingaken ambi Peta Kolonial hang ana, yaiku;
Ring Peta Kolonial hang judule Kaart van Bali en Lombok karyane Gerard van Keulen hang diterbitaken antarane taun 1720-1726 (utawa kira-kira 15-21 taun sakwise ngalihe Kuthanagari ring Kebrukan; 1705), disebutaken anane tandha sijine ‘Kutha’ hang aran Balambuam lan bisa diidentifikasi iku Blambangan-Muncar hang sak iki.
Aju ring peta liyane hang judule Isle de Baly / ‘T Eiland Baly hang digawe kira-kira taun 1724-1726, papan panggone Kutha Ballanbuan uga ana ring Blambangan-Muncar sak iki. Semono uga ring peta hang judule Nieuwe en zeer naaukeurige kaart van t eyland Java Major of Groot Java hang ana ring buku Oud en Nieuw Oos karya Francois Valentijn taun 1728. Ring kono ana tulisan De Stad Balambangang hang kira-kira uga ana ring Desa Blambangan Muncar sak iki.
Hipotesis Penulis
Beda-bedaan penemu kanggo nemtokaken ring endi papan panggonane Kutha Balambangan hang dibangun Prabu Danureja taun iki mesti dadi tema diskusi hang apik, embuh ring Kutha Lateng (Lateng, Rogojampi) utawa ring Arja Balambangan (Blambangan Muncar). Loro karone padha-padha nduwe bukti arkeologis hang akeh. Naming, Blambangan Muncar didukung uga ambi peta-peta Kolonial kira-kira taun 1706-1726 hang sing adoh ambi taun kedadiyane; 1705.
Sak wise maca penemu teka para Sejarawan lan mbandhingaken peta-peta kolonial ring dhuwur, Penulis cenderung ring penemune Samsubur hang nyebutaken gok Arja Balambangan utawi hang sak iki diarani Desa Blambangan ring Kecamatan Muncar iku Kuthanagari Anyar hang dibangun Prabu Danureja taun 1697-1705 lan mulai dienggoni ring taun 1705.
Sakwetara iku, Kutha Lateng iya Kuthanagari-ne Dewa Kabakaba sakat taun 1764-1767. Kutha Lateng iki hang dikalahaken Kompeni ring taun 1767 saingga ring arsip-arsip Belanda mesthi mung ditulis ‘Kota’ bain, kaya ring tulisane J.K.J. De Jonge ring buku Opkomst[6]. Kaya iku mau bukti hang nduduhaken gok Kutha Lateng dadi Kuthanagari Kerajaan Balambangan rikala pemerintahane Dewa Kabakaba ambi Puri-ne hang diarani ke-Dalem-an lan iku wis nyata-nyata sing padha ambi Kuthanagari-ne Prabu Danureja ring Alas Kebrukan.
Sak iki ring daerah Rogojampi hang Penulis wis deleng dhewek antara taun 2018-2021) mageh ana akeh tinggalane peradaban kuna arupa setruktur bata gedhe kaya ring Bale Kambang Gitik, ring Lateng, Ksatrian, lan Puspan. Uga bata gedhe ring Makam Buyut Surangganti lan ring Pondoknongko parek ambi Blimbingsari.[7] Uga parek ambi Rogojampi uga ana aran Dusun Kebalenan lan Lemahbang Dewo, hang miturut keterangane Suhailik ring buku Lingkar Waktu yaiku papan panggone para diaspora teka Bali.[8] Iki uga mbuktekaken gok Kutha Lateng sing ana ring Alas Kebrukan hang dipanggoni ambi Prabu Danureja ring taun 1705.
Semana uga Ardja Balambangan utawi hang sak iki diarani Desa Blambangan ring Kecamatan Muncar, masuk akal kadhung panggonan iki dadi Kuthanagari hang diadegaken ring Prabu Danureja taun 1705 merga ana bukti-bukti teka peta Kolonial lan keterangan ketulis liyane. Paran maing ring dhaerah iku magih ana pecake peradaban kuna. Sak liyane Situs Umpak Sanga, Setinggil, Puthuk, Bale Kambang, lan pager tembok utawa Beteng sak ubenge desa Blambangan lan Tembokejo.
Ring kunjunganisun hang pungkasan, ring ulan Oktober 2021, magih ana Benteng Lor sak dawane Kali Moro saingga teka pojok lor-kulone hang kira-kirane kaya iku Bastion. Teka ring Benteng kono aju melaku ngidul ring sak dawane dalan desa ring tengah sawah. Iki mesthine sampek teka Kali Pangpang alias Kali Bago ring kidule hang kira-kira panggone Bastion kidul-kulon.
Ring sisih wetan teka Situs Umpak Sanga ana Gumuk Sepur. Panggone kaya nggawe mang-mang gok iku mula bagiyan teka benteng jaba, taping susunan bahane padha ambi benteng lor mau yaiku watu padas. Aju bagiyane tembok paran iki?
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hidayat Aji Ramawidi
Editor: Antariksawan Jusuf