Arsitektur Masarakat Using Banyuwangi (Pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 06 Januari 2026 06:59 WIB)
- Opini



Arsitektur Masarakat Using (11 pungkas)
Ditulis ring Arif Wibowo

Jiwa seni lan berkesenian wong Using iki dhuwur lan jeru. Umpamane, anane kiling ring tengah sawah lan angklung paglak pertandha kadhung alam lan gemelare sawah dimaknani dadi salah sijine bagiyan medhiya berkesenian.
   Kiling iki sing ditemoni ring dhaerah liya lan dadi tetengere has desa-desa Using ring Banyuwangi. Kayadene jare Supijantoro dosen Arsitektur UK Petra, kiling dadi tetenger teritorial lan identitas desa Using.
   Kiling ngadeg ring tengahe sawah ibarat dadi elemen arsitektural hang dadi penghiyase pemandangan (lansekap) sawah desa. Kiling dadi dhemenane lan hiburane masarakat tani tepak usum angin anter.
   Mula sedina-dina ring tengahe sawah kanggo njaga pari kadhang wong tani kerasa kesel mulane kiling dadi salah siji hiburane. Kiling duwe makna lan pilosopi ngenani cara mikir wong Using.
  Siklus peroses nandur pari sampek panen uga dadi bagiyan hang ngisi spirit lan nilai lansekap sawah has Using.
   Ring adat lan teradhisine wong Using seliyane nganakaken adat hang dianakaken saben taun kaya Seblang lan Kebo-Keboan, uga ana selametan sawah.
   Saben wayah merujuke pari digelar selametan. Iki salah sijine carane nanggepi kondhisi alam hang kadhangane saben wayah ngadhepi resiko gagal panen sak suwine nandur pari.
   Tepak wayah nggampung, miturut adat lan weluri jaman bengen hang magih nandur pari bibit lokal kaya Genjah Arum, dianakaken selametan lan nanggap angklung paglak.
   Paglak iki uga dadi elemen arsitektural hang dadi penghiyase pemandangan sawah.
   Mula jaman bengen panen magih nganggo cara nggampung, sing ana hang diburuhaken, taping dilakoni ambi ngersaya gotong royong cara Using.
   Dadi bisa dibayangaken gemahe lansekap sawah ring desa-desa Using jaman bengen, ibarat dadi wadhah panggonane menungsa hang manpaataken subure lemah, urip bebarengan ngelakoni ngersaya lan njaluk nyang Penguwasa alam njaluk redane keselametan.
   Iki nduduhaken sugihe teradhisi Using kelendi carane manpaataken alam kelawan tepak lan bijaksana hang umum dilakoni ambi masarakat nusantara.

Pungkas

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor