Asal-usul Adat Keboan Aliyan (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 22 Mei 2025 07:41 WIB)
- Laporan
Asal Adat Keboan ring Aliyan
Ditulis ring Moh. Syaiful
Ring jaman bengen Keraton Belambangan kesuwur merga tanahe subur lan rakyate makmur. Sing salah kadhung akeh bangsa liyan kepingin nguwasai Belambangan. Naming uwong-uwong Belambangan hang kala iku kedhatone ana ring Kedhawung ya sing gampang nyerah ambi serangane bangsa liya hang arep nguwasai Belambangan. Perajurit-perajurit Belambangan wis duwe ilmu kanuragan hang ngungkuli keperajuritan bangsa liya. Paran maning para senopatine sing gelem mandheg anggone ngajari lan ngelatih perajurite.
Padha ambi senopati-senopati liyane Mbah Wongso Kenongo hang manggon ring Kedhawung uga kelebu senopati Belambangan hang sakti lan duwe ilmu kanuragan hang sagah tandhing. Kesaktiyane Mbah Wongso Kenongo wis kesuwur sampek panggonan endi bain. Sing salah kadhung Mbah Wongso Kenongo duwe akeh murid lan cantrik hang padha sinau ilmu keperajuritan.
Mbah Wongso Kenongo duwe anak lanang loro. Hang siji arane Buyut Ronggo utawa Buyut Wadhung, lan hang siji arane Buyut Suko Pekik. Buyut Ronggo manggon ring Sukodono parek Kedhawung, kadhung Buyut Suko Pekik manggon ring Suko pareke Aliyan. Karo-karone iki kelebu uwong hang sakti lan duwe ilmu hang cukup ring bab kanuragan. Padha ambi bapake, anake loro iki uga kesuwur gadug panggonan endi bain bab kesaktiyan lan ilmu kanuragane.
Masiya wong loro iki urip sakduluran naming wong loro iki sing tau akor. Loro-lorone kepingin diarani agul ketimbang liyane. Buyut Ronggo hang manggon ring Sukodono kejuluk uwong hang paling sakti ring Sukodono. Kabeh wong desa kono padha ngagul-agulaken. Semono uga Buyut Suko Pekik kejuluk wong hang paling sakti ring desa Aliyan. Kabeh wong Aliyan uga ngagul-agulaken Buyut Suko Pekik kelebu uwong hang paling sakti ring desa Aliyan.
Kala iku tanah Belambangan melebu ring wayah paceklik. Tanduran padha mati merga kurang Banyu. Sawah-sawah garing, pari lan palawija padha dipangan penyakit. Rakyat setemene ya bingung merga wis sing ana paran-paran maning hang keneng dipangan. Lumbung-lumbung wis padha kothong sing ana isine. Udan hang wis diarep-arep tekane sampek dina iki ya sing ana mudhun.
Ring dina iku uwong-uwong Sukodono lan uwong-uwong Aliyan katon kumpul ana ring tegalan ambi nunggoni tandurane lan nganteni udan. Ambi gesah-gesahan, uwong-uwong iku aju nggesahaken unggule desane dhewek-dhewek. Sing kerasa anggone gesah, akhire gesah-gesahan gadug nyang unggul-unggulan wong hang sakti ring desane dhewek-dhewek. Wong Sukodono mesthi bain ngunggulaken Buyut Ronggo ring ngarepe wong Aliyan, “Wong semene akehe iki masa ana hang bisa ngungguli kesaktiyane Buyut Ronggo,” ujare wong Sukodono. “Aja bingkak sulung ra, acake Buyutira iku bisa paran?” jawabe wong Aliyan sing terima. “Buyut Ronggo sing bisa ditatoni ambi sembarang gaman,” wong Sukodono njelasaken. “Gedigu thok iku, ring Aliyan ya akeh kadhung bab gedigonan,” jawabe wong Aliyan panas nyang omongane wong Sukodono. “Sing gedigu thok, Buyut Ronggo bisa melaku gancang kaya pelayune angin, wes… weees… wesss…. Kaya angin liwat sak kelerepan wis gadug pesisir kana wis,” “Alaah.. hang gedigu Buyut Suko ya bisa. Wong Sukodono ambi Wong Aliyan padha ngagul-agulaken jagoane dhewek-dhewek. Mula iku wong loro iku aju kepingin nduduhaken sapa hang paling sakti. Buyut Suko tah Buyut Ronggo hang paling sakti.
Ring liya dina, sakteruse wong Sukodono mara nyang Buyut Ronggo wadul paran bain hang wis diomongaken wong Aliyan. Semono uga wong Aliyan mara nyang Buyut Suko wadul, madulaken paran hang diomongaken wong Sukodono. Gancange cerita, wong jakloron sanggup kadhung diedu adu kesakten kanggo nduduhaken sapa hang saktemene paling sakti antarane wong loro iku.
Dina iku wong Sukodono lan uwong Aliyan padha kumpul ring kalangan merga arep ndeleng adu kesakten antarane Buyut Suko lan Buyut Ronggo. Sedurunge wong loro iku mau tandhing, ana salah sijine uwong Aliyan hang usul, “Timbangane engko ana hang ketaton, kelendi kadhung wong hang arep tandhing mau diwakili ambi pitik jago bain.” “Iki pitik jagone wong Sukodono diisi bain ambi kesaktiyane Buyut Ronggo, lan pitik Rika diisi kesaktiyane Buyut Suko, saure wong Aliyan nyang wong Sukodono.”
Sakteruse pitik jago loro mau aju diiseni kesaktiyane Buyut Ronggo lan Buyut Suko. Makene weruh pitike sapa hang paling sakti, pitik loro mau diencepi keris cilik ring sikile. Karepe pitik hang nabluk musuhe nganggo keris cilik mau bisa mateni musuhe. Kadhung mula sakti temenan pitik hang sing mati keneng keris dianggep menang. Jare wong Bali pitik hang tarung ring sikile diencepi keris mau arane tajen.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor







