Asal-usul Adat Keboan Aliyan (Bagiyan 2 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 23 Mei 2025 06:50 WIB)
- Laporan



(Terusane, bagiyan 2 pungkas)

Pitik hang jago mau aju dicarukaken ring tengah lapangan. Lapangan akeh wong hang nonton. Kabeh padha kepingin weruh sapa hang menang lan sapa hang paling sakti. Pitik hang padha wanine mau aju ditarungaken. Pitik tablukan, cucuk-cucukan, lan padha gentenan nancepaken kerise nyang awake musuhe. Naming pitik loro mau sing ana hang ketaton blas, paran maning mati. Sampek ngarepaken bedhug hang nonton saya rame. Pitik magih tarung naming ya durung ana hang kalah. “Wis kesuwen adu pitik bangur uwonge bain hang tarung,” jare salah sijine penonton. “Ya.. ya.. bener iku. Uwonge bain hang tarung,” saur manuke penonton. Kemerungsung atine wong loro mau rungu suwarane penonton. Buyut Suko maju ring tengahe kalangan, buyut Ronggo aju nututi. Penonton padha minggir, pitik hang tarung mau dipisahaken merga saiki uwonge hang arep tarung. Buyut Suko sing keweden, paran maning Buyut Ronggo. Karo-karone wis padha pasang aji-aji ngetokaken juruse. “Wet… wet… Buyut Suko melencat dhuwur, sikile munggah nyang dhadhane Buyut Ronggo. Buyut ronggo semono uga melencat dhuwur nututi Buyut Suko. Ring ndhuwuran wong jakloron tarung sampek lebu padha miber kegawa angine wong loro mau. Ring ndhuwuran hang katon ya mung lebu hang pulet kaya angin lesus munyer-munyer nong dhuwuran. Penonton padha minggir merga tarungan sampek jethat-jethot. Masiya wong jakloron sing nggawa gaman naming suwarane  kemuwing kaya gaman diedu.
  Ring tengah-tengahe  tarungan saklerepan ana angin lesus melebu nyang puseran angin tarung mau. Angin lesus mau aju mecah dadi loro, Buyut Suko mudhun ring ngingsor semono uga Buyut Ronggo. Ring tengah-tengahe Mbah Wongso Kenongo wis nyekel tangane wong loro.
    Wong hang padha nonton kelakep sing kathik bisa ngomong. Kalingana angin saklerepan hang teka mau Mbah Wongso Kenongo bapake Buyut Suko uga bapake Buyut Ronggo. Serta weruh hang teka Mbah Wongso Kenongo, wong jakloron hang tarung mau aju ngendhegaken juruse. Mbah Wongso Kenongo methentheng misah wong jakloron iku,  “Sira iki kok dadi tukar, padha adu kesakten, paran hang Sira goleti?” takone Mbah Wongso nyang anak-anake. Mbah Wongso katon metek dhadhane nggetuni nyang anak-anake hang magih durung ngerti nyang sejatine ilmu iku kanggo paran. “Koh, saiki padha mikira kadhung saiki iki usum paceklik. Sawah padha garing sing ana tanduran, lan sing ana hang keneng dipangan,” ujare Mbah  Wongso nerusaken omonge. Uwong-uwong hang nonton sing ana hang wani ngucap kabeh meneng kelakep kaya disirep omongane Mbah Wongso. Serta uwong-uwong padha sadhar Mbah Wongso negesaken, “Timbangane tukar rebut paran hang sing jelas , saiki ayo padha ngelakoni tirakat lan liyan-liyane  makene gelis mari paceklik ring tanah iki.”
   “Laku lan tirakat paran hang kudu dilakoni?” takone wong jakloron mau. “Engkesuk dinane Selasa Kliwon, dina hang apik dienggo muji nyang Pengeran lan ngelakoni sarat kanggo ngendhegaken paceklik iki. Sira jakloron nyepakaken Kebo rong pasang aju diarak keliling kampung enggo enget-enget kadhung kabeh uwong iki wis ditulung kebo saklawase urip tetanen,” ucape Mbah Wongso njelasaken nyang anak-anake.
   Serta wis gadug nyang dina Selasa Kliwon ulane ulan Suro, wong sak Aliyan lan Sukodono metu teka umahe kumpul ring lapangan sak perlu arak-arakan kanggo ngeregani kebone mau. Mbah Wongso Kenongo katone ngelakoni selametan, tirakatan lan semedi njaluk nyang Pengeran makene gelis teka udane lan ilang paceklike. Ring lapangan, uwong-uwong kampung arak-arakan kebo nyang dalan-dalan ider bumi. Kebo sak pasang teka Aliyan didandani aju diarak, semono uga kebo teka Sukodono sak pasang uga didandani sing kalah ambi kebo Aliyan aju diarak ngubengi kampung.
    Ndilalah sing suwe pira mari arak-arakan iku, udane ngawiti mudhun. Wong tani bisa tandur pari lan tandur paran bain hang bisa dipangan. Mari ngelakoni selametan lan arak-arakan mau asile panen katone akeh. Wong-wong Aliyan lan Sukodono bisa urip makmur lan sing kurang pangan maning.
Merga iku Mbah Wongso Kenongo lan sak keturunane ring saben taun mari panen aju nganakaken selametan lan arak-arakan kebo ider bumi mau. Sakteruse kerana kebo wis mari dienggo megawe setaun uwong-uwong rumangsa welas. Sakteruse arak-arakan kebo diganteni ambi arak-arak uwong hang macak kaya kebo. Iki dikarepaken, kebo mau wis cukup anggone megawe ring sawah saben dinane lan sing perlu maning diarak ngubengi kampung. Sakat iku  uwong-uwong mau mupakatan kadhung selametan maning sing usah nganggo kebo naming kebo mau diganti ambi uwong hang dipacaki kaya kebo, nganggo sungu-sunguan lan nganggo keluthuk hang dikalungaken ring gulune persis kaya kebo, awake diposeri endhut kayadene kebo hang dhemen ngerekeb nyang endhut-endhutan.
    Sampek saiki ring desa Aliyan lan Desa Sukodono saben taun dianakaken adat bersih kampung nganggo adat kebo-keboan. Adat kebo-keboan iku mau dianakaken ring ulan Suro kaya dene Mbah Wongso Kenongo ngelakoni ambi anak-anake bengen.

 

 (Ditulis maning ring Moh. Syaiful)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor